Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Romans - 044 (We are Children of God through the Holy Spirit)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

7. Kita sedaya menika putra-putrané Gusti Allah lumantar manggoné Roh Suci ana ing gesang kita (Rum 8:12-17)


RUM 8:12-14
12 Mulané para sedulurku, kita padha duwé kuwajiban, nanging ora supaya padha urip manut sipating kamanungsan kita. 13 Sebab menawa kowé padha urip manut wataké kamanungsanmu, kowé bakal mati. Nanging menawa kowé padha urip manut Rohé Gusti Allah, lan matèni penggawému sing dosa, kowé bakal urip. 14 Wong sing padha dierèh déning Rohé Gusti Allah, kuwi para putrané Gusti Allah.

Roh Suci boten kersa sesandhingan kaliyan kapentingan dhiri ingkang katah wonten ing pigesangna panjenengan, nanging Pjnenganipun madhangi sedayanipun ngantos dados resik. Rohing Allah bade nilaraken panjenengan menawi panjenengan boten nampi sedanipun Sang Kristus wonten ing kajeng salib, lan seda kagem kasombongan, kanepson, gumunggung lan sedaya dosa sarta paneraking gesang panjenengan. Tiyang-tiyang pitados boten prelu muba-mubru ing bandha donya utawi kasenangan supados pyambakipun saged langkung tinarbuka dhumateng Rohing Gusti. Ingkang maha suci makarya wonten ing gesang panjenengan kados dene dokter ahli bedhah ingkang bade mbucal udun saking raganing tetiyang. Pjnenganipun mbikak peranganing badan punika lan mbucal pisakitipun. Kanthi cara kang sami, Roh Allah mbereg panjenengan saking pepeteng tumuju dhumateng pepadhang, saking dora/ apus-apus dhumateng kaleresan, saking kasenengan pribadi dhumateng rawuhipun Allah. Punapa panjenengan ngraosaken tuntunipun? Punapa panjenengan mirengaken swantenipun kang kebak sih rahmat? Panjenenganipun arsa adamel panjenengan mratobat lan nucekaken gesang panjenengan kanthi sampurna, sarta ngewahi gesang panjenengan dhumateng gegambaranipun Kristus kang kebak sih rahmat. Mukjijat panyucen dening Roh Allah kawujudaken wonten gesang panjenengan lumantar katresnan, kabingahan lan tentrem rahayu, kang adedasar andap asoring manah, kendhalening diri, lan alusing budi, sesarengan kaliyan sedaya wataking Kristus, kados-kados panjenengan dipun dandosi migunakaken Juruwilujeng panjenengan kang suci. Samangsa Roh kang mekaten mili saking gesang panjenengan, panjenengan dados putranipun Allah. Punapa panjenengan mangertosi hak mirunggan punika bilih –sadayan panjenengan punika dosa- panjenengan sampun dados putra kinasih saking kang Akarya jagad lumantar rah lan Rohing Kristus? Punapa panjenengan wantun ngucap bilih panjenengan punika putranipun Allah? Awit sinten kang kapimpin dening Rohing Allah punika para aputranipun Allah.

RUM 8:15-17
15 Sebab Roh sing diparingaké déning Gusti Allah marang kowé, kuwi ora ndadèkaké kowé dadi budhak, temah kowé padha urip sajroning wedi. Nanging kosokbaliné, Rohé Gusti Allah kuwi ndadèkaké kowé dadi para putrané Allah. Lan merga pangrèhé Rohé Gusti Allah kuwi, kita padha nyebut Gusti Allah: "Rama! Ramaku!" 16 Rohé Gusti Allah mau bebarengan karo roh kita, nglairaké paseksi, yèn kita kuwi padha dadi putrané Gusti Allah. 17 Lan sarèhné kita dadi putrané Gusti Allah, mula bakal padha nampa sakèhing panduman sing kacadhangaké déning Gusti Allah marang para putrané mau. Bebarengan karo Sang Kristus, kita uga bakal tampa samubarang, sing kacadhangaké déning Gusti Allah kagem Gusti Yésus Kristus; sebab menawa kita nglakoni sangsara bebarengan karo Sang Kristus, kita uga bakal olèh panduman kamulyané Sang Kristus mau.

Roh Suci nyirnakaken raos ajrih, semplah, mangu-mangu, stress, lan bingung saking pigesangan panjenengan, sarta maringaken raos wani, bingah lan pitados dumateng Allah. Pajnenganipun malah mbikak tutuk panjenengan supados wicanten ing dalem asmanipun snag Rama. Kanthi pengakaen punika, panjenengan ngluhuraken asmanipun Allah, awit inggih punika mukjijat saking gesang enggal; bilih Allah lumantar Kristus sampun nglairaken dhiri minangka Rama kaswargan kita. Panjenenganipun kang tebih, kang murka tumrap dosa, boten ndamel kita kawratan momotan, nanging nedahaken sih katresnan dhumateng kita lan ngantepaken kasaenanipun minangka Rama dhumateng kita. Punika gegambaranipun Allah kang ngewahi pratingkah kita sawetahipun. Tembung “Rama” ing basa Aram punika kaserat mawi aksara Yunani. Tetangsulanipun tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang Yunani wonten ing Kristus katingal saking tembung-tembung pambuka kang kaserat wonten ing pandonga. Tembung “Rama” nerangaken lan nandhesaken maknaning tembung punika pyambak, inggih punika Rama.

Kristus –wonten ing sih katresnanipun kang ageng- maringaken sariranipun dhumateng kita, lan ndadosaken kita rowang damel saking kayektenipun temah kamulyanipun Allah saged ngangkat kita. Panjenengan saged nggambaraken menawi nami panjenengan kaserat mawi rahing Putranipun Allah wonten ing samak ngajeng kartu kangge saged mlebet swarga, lan ing perangan wingking kartu punika panjenengan saged maos “Putra angkatipun Allah” kang kaserat dening latuning Roh Suci, lan dipun tapak astani dening Rama, Putra lan Roh Suci. Punapa saged panjenengan kesupen dhumateng kartu kang ngedab-edabi punika, boten nggape utawi malah mbucal kartu punika? Utawi panjenengan bade nampi, netesi ngangge luhing kabingahan lan ngreksa kartu punika ngantos salaminipun?

Panjenengan sampun kaleresaken lan dados putranipun kang Maha luhur srana mupun panjenengan dados anak, lumantar lair panjenengan wonten ing Roh Suci. Rasul Paulus wungsal-wangsul ngendika dhumateng pnjg wonten ing kitabipun kang kebak sih kanugrahan, bilih panjenengan dados ahli warisipun Allah pribadi, awit kang maha suci nyaket dhumateng pnjg wonten ing Kristus. Pjnenganipun dedalem wonten gesang panjenengan lan sadaya tiyang suci, lan kamulyanipun kawujudaken wonten ing gesang kita sadaya, kados dene Kristus ugi dedalem wonten ing gesang pnjg lan ing sadaya pendherekipun, lan Panjenenganipun bade nedahaken kamulyanipun kanthi margi kang endah sanget wonten gesanging para pendherekipun, awit Allah punika tunggal.

Saday amukjijat punika kawiwitan wonten ing gesang kita karana Roh Suci dedalem wonten ing sadaya greja, kang kayasa dening Kristus kemawon. Punapa pepadhangipun Kristus sumunar wonten gesang panjenengan? Panjenengan sampun katunggilaken kaliyan Allah. Punapa panjenengan ugi cumadhang nandhang sangsara kagem Pjnennganipun, kados dene para rasul ugi sampun nandang sangsara sanegt kagem asmanipun Kristus?

PANDONGA:

'Rama kawula ingkang wonten ing swarga:
Asma Paduka ingkang suci mugi dipun urmati déning sedaya tiyang.
Kraton Paduka mugi
dipun èstokaken déning sedaya tumitah ing salumahing bumi,
kados déné pangrèh wau wonten ing swarga inggih dipun èstokaken déning para malaékat.
Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika.
Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kados déné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.
Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon.
Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis, ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing selaminipun. Amin.

PITAKON:

  1. Apa asma anyar kagem Gusti Allah, kang diwulangaken dénéng Roh Suci marang kita? Apa tegesé asma iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 02:33 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)