Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 113 (Piercing Jesus' side)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)
4. Kayu Salib lan sedane Gusti Yesus (Yokanan 19:16b-42)

e) Padharan gusti Yesus disuduk (Yokanan 19:31-37)


YOKANAN 19:31-37
31 Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib-sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul-mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna. 32 Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus; 33 nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane, 34 ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune. 35 Anadene wong kang ndeleng dhewe bab iku, iku kang nekseni, lan paseksene iku nyata, sarta wong iku sumurup, yen pratelane iku nyata, supaya kowe uga padha pracaya. 36 Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab suci: Ora ana balunge kang diremuk.” 37 Lan ana tulisan maneh kang mratelakake: “Wong – wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh.”

Awit anggone wong Yahudi fanatik marang Paugeran Taurete, mula wong-wong yahudi kelangan rasa sih kawelasane. Paugeran kang ditetepake Nabi Musa yaiku badane wong-wong kang dipateni kudu diurus bengi sakbanjure. Teruse wong-wong Yahudi nindakake prekara iku marang wong telu kang disalib iku. Wong-wong Yahudi rumangsa banget jijik ndeleng pendelengan kang banget dening nggegirisi ing sajrone lelakon iku kabeh. Wong-wong Yahudi njaluk guberur Pilatus enggal mungkasi urip wong telu iku kanthi ngremuk sikile. Wong-wong kang disalib kala-kala bisa tetap urip 3 dina suwene. Tangan lan sikil kang dipaku ora tansah ndadekake korbane kentekan getih. Awit saka iku para prajurit bakal nyempurnakake anggone mateni kanthi ngremuk salah siji perangan awak kang kaukum kanthi digebuk seru.

Para prajurit sebanjure mandhek ing ngarepan Gusti Yesus, lan ngyakini yen Panjenengane wis seda. Badan Panjenengane kang alus wis lemes dening kabeh anggone disapu , lan jiwa Panjenengane ana ing sasjroning panandang kang banget atas momotan kaluputan kita lan bebendu Gusti Allah atas jagat iki. Gusti Yesus seda kanthi rila selaras karo karsa Panjenengan piyambak kangga ngrukunake kita karo gusti Allah. Sinadyana ora kanthi langsung nggatekake gegayutan prekara-prekara urip alandesan agama, wong-wong Yahudi rumangsa perlu ngyakini yen Gusti Yesus pancen wis bener-bener seda. Salah siji prajurit iku sebanjure njupuk tombak lan nyuduk perangan kering badan Sang Kristus ing cedhake jantung. Banyu lan getih mili, minangka bukti yen Panjenengane pancen wis seda saderunge 6 jam ing dina Jumaat Agung.

Lelakon iki nyethakake marang wong-wong Kristen yen gusti Allah iku Gusti Allah kang menang ing sajrone 3 bab. Kawitan, wong-wong Yahudi dianggo Iblis mbudidaya ngremuk balunge Sang Kristus, kanthi mengkono ora ana wong siji wae kang bisa kandha yen Panjenengane kang disalib iku korban Allah. Upacara Paskah nuntut yen cempe kang digawa iki kudu wutuh lan ora siji wae balunge ana kang tugel (Pangentasan 12:46). Awit saka iku gusti Allah njangkung putra Panjenengane malah sakwise sedane, lan ora ana wong siji wae kang bisa nyelake anggone milih Panjenengane minangka Cempene Allah.

Kang kapindho, disuduke padharan Gusti Yesus dening Prajurit iku uga nemokake bukti tulisan ing sajrone kitab Z|akaria 12:10. Ing sajrone Zakaria 11:13, sang nabi ndeleng umat ing sajrone Prejanjian Lawas mbobot Pangon Agunge ora luwih saka 30 dhuwit salaka tipis. Sinadyana rega kang ditetepake rasane banget ngremehake, Gusti Allah bakal ngesokake sang Roh sih rahmat lan donga sajroning keluarga Dawud lan umat ing Yerusalem, kanthi mengkono mripate mengkone bakal bisa tinarbuka lan wanuh sapa sabenere Panjenengane kang disalib iku lan sapa sabenere Rama Panjenengane. Tanpa katarangan kang mengkono mula wong-wong ora bakal wanuh Gusti allah utawa keselametan kang saka Panjenengane. Panjenengane Kang disalib iku siji-sijine dalan bisa nampani Sang Roh Allah, dikaya kang bisa kita waca, “Wong – wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh”

Kang kaping telu, salah siji murid Panjenengane kang kanthi setyo tetep ana ing sacedhake Kayu Salib iku seksi bab kabeh kang dumadi lan kabeh kang dingandikaake ing kana. Gusti Yesus ora mlayu nalika mirsani para prajurit iku lan murid iku ora ninggalake Gustine kang disalib iku. Seksi iku ndeleng padharane gusti Yesus disuduk, lan menehi paseksen marang kita gegayutan katresnane Allah, Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, supaya kita bisa nampeni iman ing sajrone kamanunggalan Tritunggal iku, lan nampani urip langgeng.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, Paduka menika Ingkang Mimpang atas dosa-dosa. Iblis lan pengadilan. Paduka menika Ingkang gesang. Ratu ingkang sesarengan kaliyan Sang Rama ing salebetipun kamanunggalan kaliyan Sasng Roh Suci.

PITAKONAN:

  1. Apa kang bisa kita sinau saka kasunyatan yen ora siji wae balunge Sang Kristus kang diremukake?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)