Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 090 (Abiding in Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

1. Dumunung ing sajroning sang Kristus bakal ngasilake akeh woh (Yokanan 15:1-8)


YOKANAN 15:1-2
15 “Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani. 2 Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.

Gusti Yesus mudhun karo para murid Panjennengane sakwise bujana mangan saka gunung suci lumaku nglewati gapura kutha ing ngare Kidron, lan munggah menyang nduwur gumuk Zaitun nglewati kebon anggur. Nalika gusti Yesus lan para murid lagi ana ing ndalan, gusti Yesus terus njlentrehake gegayutan makna iman para murid. Lan marang para murid Panjenengane nyethakake tujuan saka katresnane para murid, kanthi nggunakaken wit anggur minangka pasemon nalika tumuju lewat ing kono.

Gusti Yesus paring pasemon, Gusti Allah iku kang kagungan kebon anggur, kang nandur wit anggur ing ngendi-endi papan ing jagat. Salah siji ing antarane yaiku umat ing sajroning Prejanjian Lawas, dikaya kang ditulis ing sajroning Jabur 80:8-16, lan Yesaya 5:1-7. Gusti Allah ora kepareng marang wit anggur iki, awit wit iku ora metokake woh kang becik. Awit saka iku gusti Allah nandur sawijining tukulan kang anyar ing lemah, Sang Putra Panjenengane dilahiraken saka Sang Roh Suci, supaya Panjenengane bisa dadi wit Anggur kang sejati, lan bakal ngasilake jinis anyar lan turunan kang anyar kang luwih apik, kanggo ngasilaken woh-woh roh kang luber-luber. Pokok kang dicethakake dening gusti Yesus marang para murid Panjenengane iku gegayutan woh-woh Roh Suci ing sajroning manungsa, woh-woh kang aji saka bab-bab aji gegayutan karo urip kasukman. Panjenengane pirsa yen wulangan manungsa kebak kajuligan-kewan galak urip ing sajroning manungsa, ngenteni wong kanggo nyurung lan wong iku bakal nyerang para murid uga mangsa para murid. Gusti Yesus ngandika prekara iki ing mangsa-mangsa wiwitan saka anggone leladen Panjenengane, yen Panjenengane wae kang ngasilake woh-woh kang dadi keparenge Allah, lan Panjenengane wae kang ngasta katentreman lan kang mbangun gereja.

Gusti Yesus kang kawitan nuduhake babagan pengaruh kang ora becik saka pasemon kang diparingake, sing sapa ora mbuka awake marang panyurung katresnan, utawa ngasilake woh-woh kasukman lan ngejarake ilining banyu kang legi saka wit anggur ing sajroning awake. Gusti Allah bakal mangkas sing sapa saka wit anggur minangka cawang kang ora migunani. Yaiku manawa Gusti Allah ora nemokake woh-woh Injil ing sajroning urip panjenengan, utawa ora mirsani sedane Sang Kristus lan wungune Panjenengane ing sajroning panjenengan minangka daya pengaruh lan hasil, Panjengane bakal mangkas panjenengan saka wit anggur Sang Putra Panjenengane.

Sebanjure, nalika Panjenengane iku ngerti anane ilining Sang Roh suci, Panjenengane bakal mantepake tanda-tanda undak-undakake ing sajraoning panjenengan, dikaya pang saka wit anggur. Pang iku bakal ngasilake godong lan uwoh. Kang kagungan kebon anggur bakak ngethok pang-pang kang ora ana gunane, kanthi mengkono panjenengan bakal bisa ngasilake luwih akeh uwoh. Woh iki dudu duweke panjenengan, nanging woh-woh Sang Kristus ing sajrone urip panjenengan. Kita mung dadi jejering abdi-abdi kang ora migunani, Panjenengane iku samudaya ing sajroning samudaya. Apa panjenengan pirsa yen wit anggur perlu diresiki ing sajroning mangsa godhong-godhong padha rontok, kanggo ngasilake woh kang luwih akeh ing mangsa sebanjure? Gusti Allah, uga magas kabeh karingkihane manungsa, kanthi mengkono patrap wangkot panjenengan bisa kapungkasi, lan panjenengan mati kanggo dosa. Lan kanthi mengkono sugenge Sang Kristus ing sajroning panjenengan bakal tambah katon tumuju kadiwasan. Gusti kagungan cara akeh kanggo nylametake panjenengan saka badan panjenengan dhewe. Lelakon, gagale lan kacilakan bakal nyerang panjenengan lan ngejur panjenengan. Aja urip kanggo awak dhewe, nanging uripo ing sajroning gusti; panjenengan dadi wong kang nresnani lumantar panguwasa iki.

YOKANAN 15:3-4
3 “Kowe iku wus padha resik awit saka pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe. 4 Kowe tetapa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetap dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetap dumunung ana ing Aku.

Gusti Yesus ngesokake panglipuran marang panjenengan. Gusti Allah ora bakal magas kita saka Wit anggur iku awit cemer kamanungsan kita lan akeh dosa. Gusti Yesus nawakake marang kita dhewe-dhewe anggone Panjenengane nyucekake kang keras wiwit wiwitan, lan ngujudi kita karo prekara iki nalika kita dadi pracaya. Aja kanda, “Kita bakal disucekake ing mangsa kang bakal teka lumantar ibadah lan maneka werno jinis donga kita”. Panjenengane nyucekake kita ing perangan iki; Panjenengane iku Kang ngapura kita sepisan kanggo selawase, lan nyucekake kita ing Kayu salib. Injil mancarake panguwasa kanggo panyucen. Dadi prekara iku dudu awit pambudidaya kita, lan uga dudu awit panandang utawa awit kadiwasan kita kang misuhi kita nanging pangandikan Allah wae. Dikaya kang nitahke jagat iki ing wiwitane mung kanthi nggunakake sabda wae, mengkono uga Sang Kristus nitahaken kasucen ing sajroning kita, menawa kita tinarbuka marang pangandikan Panjenengane. Dudu sakramen baptisan utawa bujana suci kang nyucekake kita, nanging iman marang sabda Yesus lan anggon kita anggegilut kang jero ing prakara iku. Wacanen paling ora sawetara perangan Kitab suci saben dino, kudune wektune teratur, nek ora, tanpa pangan kasukman, mula panjenengan bakal tiba.

Gusti Yesus ngunderake kawigaten marang saktembung kang lumantar kawigaten iku anggone mundak-mundak lan hasile woh ing sajrone kita dadi tambah jero. Tembung iku yaiku tembung DUMUNUNG. Tembung iki bisa di waca nganti kaping enem ing pasal 15. Akeh makno kang bisa di sinau saka tembung iki- kita dumunung ana ing sajroning Panjenenane lan Panjenengane ing sajroning kita; kita dadi suci lumantar dumunug; panguasa lan ilining Panjenengane mili lumantar kita. Kabeh asale saka Panjenengane, awit saka iku kita kudu dumunung ana ing sajroning Panjenengane. Menawa kita pinisah saka Panjenengane, mula ilining katresnan Panjenengane bakal mandheg ing sajroning kita. Manawa ana pang di pagas, malah sinadyan mung sadhela wae, pang mau bakal terus alum. *Kaya apa nggegirisine gambaran gegayutan gereja kang alum lan mati. Donga kang banget-banget dening penting kanggo wong-wong pracaya yaiku kanggo nyuwun supaya kita dumunung ing sajroning Panjenengane. Lan kanthi mengkono mula gusti bakal makarya ing sajroning urip kita tansah paring undak-undakan, woh lan pakaryan, lan njangkung kita ing sajroning asma Panjenengane awan lan bengi. Dumunung iku uga ora awit kita nanging awit sih rahmat saka Sang Roh Suci. Ora ana wong siji waea kang bisa dumunung kanthi kekuatan awake dhewe ing sajroning sang Kristus, nanging kita bisa ngaturaken panuwun marang Panjenengane kanggo sih rahmat iki, lan nyuwun Panjenengane supaya njangkung kita tetap dumunung lan wong-wong kang liyane uga bisa tetap dumunung.

PANDONGA: Gusti Yesus, paduka menika wit Anggur ingkang suci saking gusti Allah ing jagat menika. Saking Paduka kemawon kawula nampeni sadaya pambobot ingkang sae. Manah kita meniak sumber sakin sadaya piawon. Kawula ngaturaken panuwun bilh paduka sampun nyucekaken kawula lumantar Injil. Jangkung kawula ing salebetipun asma Paduka, kanthi makaten kekiyatan ingkang saking sang Roh suci badhe ngasilaken woh-woh katresnan terus. Tanpa Paduka kawula mboten saget nindakake menapa-menapa. Paduka kiyataken tekad saking sadherek-sadherek kawula, supados gesang mboten kangge badanipun piyambak ing salebetipun karingkihan, nanging mapan wonten ing salebetipun Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiye critane gusti Yesus dadiwit anggur kang yekti?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)