Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 082 (Jesus washes his disciples' feet)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
B - LELAKON-LELAKON KANG MELU BUJANANE GUSTI (Yokanan 13:1-38)

2. Wong kang khinat dipratelakake lan diwirangake (Yokanan 13:18-32)


YOKANAN 13:18-19
18 PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh: Aku weruh, spa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun nggagaken sukunipun dhateng kawula. 19 Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracaya, yen ika Aku iki Panjenengane.

Yudas urip ing sajroning rasa perih ing ati, ora ing sajroning katresnan kang alus ing budi lan ing sajroning leladi. Yudas milih tindak kekerasan, duwe panguwasa lan kajuligan. Yudas duwe kekarepan supaya bisa nguwasani Gusti Yesus kanthi kajuligan. Dheweke malah kepengin nyoba meksa astane Sang Kristus supaya ngrebut kalungguhan. Sawetara nalika iku ing sajrone atine, dheweke sabenere wong kang dadi satru, kang kepengin ngidak-idak gusti Yesus lan duwe pangrancang nibakake paukuman pati marang Panjenengane. Yudas ora bisa ngerti bab katresnan kang ana lan malah dadi gumunggung, nalik gusti Yesus ngadosarake sarirane. Yudas sengaja duwe patrap gumedhe, golek kalungguhan kanthi cara kekerasan, sawetara gusti Yesus milih kagungan patrap andap asor lan dadi abdi kang alus ing bebuden.

Gusti Yesus lagi nyawisake para murid supaya nalika ana tindak khianat iku, kanthi mengkono para murid ora bakal dadi mangu-mangu bab kalungguhan gusti Yesus minangka jejere gusti, sinadyana Panjenengane dipasrahake ana ing tangane wong-wong dudu Yahudi. Kadeleng pribadi Panjenengane pancen Panjenengane iku Gusti, kang menehi paseksen gegayutan wektu kang bakal teka ing kahanan ringkih, lan mratelaake sarirane “IKI INGSUN”. Ya ing sajroning pratela iki gusti Allah mratelakake sarirane ing sajroning grumbul kan murub ing ngarepane Nabi Musa. Panjenengane kersa negasake iman para murid Panjenengane kanthi gumathok saka sipat keallahane, kanthi mengkono para murid ora bakal tiba ing kahanan mangu-mangu lan tiba ing sajroning coban.

YOKANAN 13:20
20 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakututs, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku”

Gusti Yesus merdekaake para murid Panjenengane saka rasa wedi ing sajroning gegayutane karo anggone di tawan lan ing bab sedane Panjenengane. Dhawuh kang diparingake gusti Yesus marang para murid lan Pangayoman Panjenengane bakal njangkung para murid iku. Gusti Yesus ngutus para pandherek Panjenengane lan Panjenengane bebarengan karo wong-wong iku. Para abdi Panjenengan ora lunga atas namane dhewe nanging lunga ing sajroning asma Gusti kang diluhurake deningwong-wong kan dadi pandhereke iku. Kabeh wong kang nampani para pandhereke iku, nampani Tritunggal kang suci. Sing sapa pracaya marang tembunge wong-wong kang diutus, bakal dadi putra Allah. Misi mangkene iki misi kang abot: Prekara iku nuntut anane anggone nyingkur awake dhewe lan katresnan marang satru, lan tetep teguh sinadyana ngadhepi sinaosa kudu nandhang kacingkrangan lan disengiti. Ing sajrone kahanan kaya mengkono, para pandherek Gusti ngerti yen gusti Allah tetap manunggal ana ing sajroning uripe. Menyang ngendi wae lunga, Gusti nganthi wong-wong iku , menyang ngendi wae Panjenengan ngersakake para pandhereke iku leladi, Sang Roh Panjenengane bakal nuntun para pandherek iku marang tujuan Panjenengane, kanthi mengkono pakaryan Panjenengane bakal bisa dirampungake.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus Kristus, paduka paring pitulungan dhumateng kawula supados kawula mangertos bilih kula mboten saget tetep wonten ing salebetipun Paduka, menawi kawula mboten tetep dados Abdi. Kula tansah gadhah kekajengan nyawang Paduka dados pedoman kanggo gesang kawula, supados tansah andhap asor ing antawisipun sesami kawula lan dados Abdi kangge keluarga kawula. Ampun dipun tegakaken kula nyukani wewengan dhumateng Iblis mlebet ing salebeting manah kawula. Tulung kula supados mboten namun ngomong gegayutan peladosan, nanging nindakake peladosan menika kanthi panguwaos lan kawicakanan Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa kang kita sinau saka patuladan gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:24 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)