Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 079 (The Father glorified amid the tumult)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
A - MENJELANG MASA MINGGU KUDUS (Yokanan 11:55 - 12:50)

4. Sang Rama diluhurake int tengah-tengah gegeran (Yokanan 12:27-36)


YOKANAN 12:27-28
27 Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugu ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki. 28 Dhuh Rama, Paduka muga ngluhurake asma Paduka!” Tumuli ana swara saka ing swarga: Wus Ingsun lunurake, lan bakal Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurake, lan bakal bakal Ingsun luhurake maneh!”

Gusti Yesus ana ing sajroning sugenge nandang kasangsaran. Panjenengane iku Ratu panguripan, nanging Panjenengane ngasorake sarirane nganti pati nguntal Panjenengane. Panjenengane iku gusti atas kabeh Gusti, nanging Panjenengane ngajarake si pengawak dursila, kang nguwasani pati, nggodha Panjenengane kanhi kabeh kabisane. Gusti Yesus nyangga kabeh dosa kita kanthi rila, lan masrahake sarirane nggenteni kita diobong ing sajrone geni bebendhune gusti Allah. Panjenengane iku Sang Putra , kang salawas-lawase ana ing sajroning kamanunggalan karo Sang Rama Panjenengane. Kanggo kaselametan kita, Rama Panjenengane ninggalake Panjenengane, kanthi mengkono kita kita bisa ditunggalake karo Panjenengane ing nugraha saka Panjenengane. Ora ana wong siji wae kang bisa temen-teman ngerti anggone kelaran lan nandhang kasangsaran saka Sang Putra lan Sang Rama. Kamanunggalan Tritunggal nandang kelaran kanggo nebus kita.

Badan Sang Kristus ora bisa nahan siksan kang banget ngremukake iki. Panjenengane nguwuh, “Rama, selametna Aku saka kahanan kang mengkene”. Sebanjure Panjenengane mireng jawaban Sang Roh Suci kanthi cetha ing sajroning atine, “Siramu dilahirake kangge nandhang kang mengkene iki. Wektu iki kang dadi tujuan saka kabeh kelanggengan. Kabeh titah lan uga Sang Rama ngenteni lelakon iki, ana ngendi kabeh manungsa bakal dirukunake maneh karo Gusti Allah, kang dititahake karo sing nitahake. Tekan lelakon iki kabeh rancangan keselamaten bakal kelakon”

Ing wektu iku, gusti Yesus nguwuh, “Rama, kaluhurna asma Paduka” Sang Putra ora bakal gelem mbangun turut marang kekarepane daging. Panjenengane ndedonga kang selaras karo kersane Sang Roh Suci, “Kaluhurna asma Paduka. Kanthi makaten jagat saget mangertos bilih Paduka sanes Allah ingkang ngajrih-ajrihi, tebih lan mboten nggatosaken, nanging Rama ingkang kebak katresnan, kang maringaken sariranipun dhumateng sang putra kangge nylametaken tiyang-tiyagn dosa lan ingkang badhe nampani karusakan.

Gusti Allah ora mangu-mangu paring jawaban marang panyuwun Sang Putra. Panjenengane paring jawaban saka kasuwargan, “Aku wis ngluhurake asma-Ku ing sajrone Siramu. Siramu iku PutraKu kang mbangun turut lan andap asor. Kabeh wong kang ndeleng siraMu bakal ndeleng Aku. Siramu wae kang Sun Sihi, marang siraMu kang dadi keparengKu. Aku ora duwe kabungahan liya kajaba ana ing sajroning apa kang siramu tindakake yaiku manggul salib. Ing sajrone patine SiraMu kang dadi genti wong-wong kang kudu diukum, Aku bakal mratelakake hakikat kaluhuranKu ing tengah-tengah prahara kang nyedihake panguripan. Ing kayu Salib siramu mratelakake makno kaluhuran lan kasucen kang sejati. Iku ora liya dadi bukti katresnan lan pangorbanan uga pangorbanan siramu dhewe kanggo wong-wong kang ora pantes lan kang wangkot ati”

Suwara kang saka Suwarga iku terus mantul kanthi cetha, “Aku bakal ngluhurake asmaKu maneh, nalika Siramu tangi saka kubur lan mingkrat marang Aku, lan lungguh bebarengan karo Aku ing sajroning kamulyan, lan ngesokake Roh-Ku marang wong-wong kang Siramu sihi. Sebanjure asmaKu minangka jejerie Rama bakal dimulyakake lumantar kelahiran maneh saka wong-wong kang ora kaetung gunggunge lumantar Sang Roh suci. Wong-wong mau dadi pikurmatanKu, patrape wong-wong kang bener bakal dadi keparengKu. Anggon Siramu Mati ing kayu Salib iku dadi srana kelahiran anyar saka putra-putra Allah. Lumantar pantaran Siramu wae kang dadi jaminan kanggo kasile Gereja. Ing sajrone Siramu wae Sang Rama bakal diluhur tanpa mandheg”.

YOKANAN 12:29-33
29 Wong akeh kang padha ngadeg ana ing kono lan krungu swara mau padha ngarani, yen iku mau swaraning gludhuk. Saweneh ana kang ngucap: “Iku malaekat kang imbal pangandika karo Panjenengane.” Gusti Yesus tumuli ngandika: 30 “Anane swara mau kaprungu ora marga saka Aku, nanging marga saka kowe. 31 Samengko ana pangandilan ing ngatase jagad iki: Samengko uga panggedhene jagad iki bakal kabuwang metu; 32 dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.” 33 Pangandikane kang mangkono iku kanggo mratelakake patrap bakal sedane.

Wong-wong kang ana ing sakiwa tengenge gusti Yesus ora ngerti wawan pangandikan antarane gusti Yesus karo Gusti Allah, lan duwe penemu yen suwara iku suwara gludhuk. Wong-wong mau ora bisa mbedakake utawa ndeleng yen Gusti Allah iku katresnan, lan wongwong mau uga ora bisa ngrungokake suwara Panjenengane kang alus, lan wong-wong mau ora bisa ngerti yen kanthi pratela kaluhuran Allah ing sajroning sang Putra mula pengadilan atas jagat iki wis kawiwitan.

Iblis wis kelangan panguwasa atas abdi-abdine, awit Sang Kristus wis kaunggahake ing Kayu Salib lan maringake marang kita panguripan lumantar sedane. Si pengawak dursila iku wis dirampas pangwasane lumantar anggone mbangun turut sang Putra marang karsane Sang Rama. Gusti Yesus nyebutake si pengawak Dursila iku minangka Panguwasa jagat iki, ing sajroning pangerten yen saindhenging jagat iki kabawah panguwasane. Ngadhepi kasunyatan kang pahit lan nglarani iki gusti Yesus ora mangu-mangu, nanging langsung nyerang Iblis kanthi pedang kayeten Panjenengane, lan nggebuk kang dadi jalaran patine. Kita saiki dadi para putra kang merdeka ing sajroning asma Gusti Yesus.

Kita kaangkat marang Kayu Salib Panjenengane. Iblis lumawan gusti Yesus nganti semono yaiku sedane Gusti Yersus ora kena ana ing lemah utawa ana ing papan patileman, nanging diunggahake supaya mati ing Kayu Salib kang dadi lambang pati kang asor. Nanging dikaya ula tembaga diunggahake ing ara-ara samun ing jaman nabi Musa kang dadi bukti saka kapungksasane paukuman Gusti Allah marang wong-wong pracaya, mengkon uga Kayu Salib nyelehake kabeh paukuman ing pundak Sang Kristus. Iman kita ing sajroning Sang Kristus agawe kita disalib bebarengan karo Panjenengane lan manunggalake kita ing sajrone angone Seda Panjenengane. Kita wis mati kanggo dosa lan urip kanggo kayekten.

Kamanunggalane kita karo Sang Kristus manunggalake kita karo panguwasa lan kaluhuran Panjenengane. Dikaya Panjenengane wis ngalahake pati lan dosa ing sajrone kasucene, mengkono uga Panjenengane bakal ngangkat kita marang Panjenengane lan nuntun kita ing sajroning kaluhuran Panjenengane. Kita kabeh kang pracaya marang Panjenengane ora bakal tau nglakoni rusak, nanging nampani urip kang langgeng.

YOKANAN 12:34
34 Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetap gesang ing salami-laminipun’ kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”

Wong-wong Yahudi mbudidaya lumawan Gusti Yesus, kanthi nyuwun pirsa gegayutan bukti kang mlebu nalar lan cheta, kanthi mengkono wong-wong maunbisa nindakake panaliti gegayutan kayekten bab Panjenengane. Wong-wong mau paham keterangan kang asipat teologia saka kitab Daniel bab 7, ana kono Sang Mesih disebut minangka Putraning Manungsa lan Hakim atas jagat. Nanging wong-wong mau isih kepingin mireng Panjenengan piyambak mratelakaken sarirane minangka putra Allah. Prekara iki ora bakal bisa gampang diprecaya wong-wong mau, nanging wong-wong mau ngatonake anggone pracaya kamangka prcayane lelamisan wae, manawa pancen Panjenengan bisa mbuktekake sarirane kaya kang dingandikaake. Sawetara ing antarane wong-wong mau ana kang dadi satru Panjenengane kang duwe karep ala, kang kepengin njiret Panjenengan kanthi pandawa nyenyamah Gusti Allah, manawa Panjenengane mratelakake kanthi tinarbuka mungguh Panjenengane iku Putra Manungsa. Gusti Yesus ora mratelakaken sarirane marang wong-wong kang bakal naliti kahananne kanthi landhesan akal budi, nanging Panjenengane mratelakake sarirane marang wong-wong pracaya kang lugu, kang nanggapi timbalane Sang Roh suci, lan kang ngakoni Putra Manungsa iku Putra Allah, sadurunge wong-wong mau nampani katrangan manut akal budi.

YOKANAN 12:35
35 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.

Gusti Yesus iku pepadhanging jagat, kanggo mangerti padhang iku ora perlu meneh diterangna. Prekara iku bisa enggal dingerti awit wong-wong kulina nyawang pepadhang, lan mbedakake karo pepeteng. Saksuwene dina isih awan, wong bisa mlaku, mlaku utawa mlayu. Ing wayah bengi, wong ora bisa nyambut gawe. Nalika Srengenge iku sumunar, yaiku wektune nyambut gawe lan nggarap pengawean. Gusti Yesus ngandika marang wong-wong Yahudi yen wektune kari sedhela wong-wong mau lumebu hakikat padhang Panjengengane, manawa wong-wong mau gelem. Wektu iku mbutuhaken putusan, pasrah diri, lan uga tegas.

Nanging, kabeh wong kang nampik pepadhang, bakal tetap ana ing sajroning pepeteng, lan ora bakal ngerti dalane. Iki wis diweca dening gusti Yesus sadurunge, kanggo wong-wong Yahudi, yaiku yen wong-wong Yahudi bakal lumaku ana ing sajroning pepeteng, tanpa tujuan kang cetha utawa tujuan uga tanpa pengarep-arep. Pepeteng kang mengkono beda karo pepeteng kanthi cara kajasmanen kang ana sakjabane badan kita. Pepeteng kang ana ing kene iku pepeteng ing sajroning atine wong, kang metu awit roh ala kang ana ing sajroning awake manungsa. Mengkono wong iku bakal dadi surem ing uripe salawase. Kabeh wong kang ora gelem mbangun turut marang Sang Kristus, dikalahake dening pepeteng. Apa panjenengan ngreti, kenapa sawetara negara “kristen” malah dadi sumber pepeteng kanggo jagat? Ora kabeh wong kang lahir dadi “wong kristen” wis masrahake uripe marang Sang Kristus. Pepeteng ngalahake kabeh wong kang ora gelem mlebu ing sajrone hakikat saka pepadhang. Panjenegan ora bakal bisa marisi berkah-berkah saka Injil saka wong tuwa panjenengan ngono wae. Prekara iku gumantung banget marang panjenengan, apa panjenengan nampani lan duwe tanggapan sarta mbangun turut marang Sang Kristus.

YOKANAN 12:36
36 Mumpung kowe padha kanggonan pepadhang, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowe padha dadia ahlining pepadhang.” Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus tumuli tindak asingidan.

Gegayutan panjenengan kang raket karo sang Kristus lumantar iman bakal cepat ngrubah ngrubah Panjenengan. Injil iku bakal mancarake cahyo kamulyan Allah, kang luwih duwe panguwasa dibandingke karo cahyane atom. Nanging cahya saka nuklir iku ngrusak, kosok balinya cahya saka Sang Kristus iku yasa urip langgeng ing sajroning badan kita, kanthi mengkono wong-wong kang pracaya bakal dadi para putra pepadhang lan uga dadi mercusuar kanggo wong-wong lia. Apa panjenengan wis mlebu ing sajroning pangwasane Sang Kristus, kapenuhan karo kayekten, murni lan katresnan? Gusti Yesus nimbali panjenengan saka pepeteng supaya mlebetu sajrone pepadhange kang ekok lan dadi suci.

Sawise martakake kotbah iki sadurunge mlebu Yerusalem, Panjenengane ora mbudidaya duwe panguwasa nindakake kekerasan utawa nyerang wong-wong Romawi utawa prajurit Herodes nganggo gaman. Peperangan Panjenengane wis rampung lan pengadilan atas jagat wis cerak. Padhang wis sumunar ing sajroning pepeteng; wong kang pracaya bakal diselametake, lan kang ora pracaya bakal ilang. Pasulayan antarane Suwarga karo jagat wis tekan puncake. Gusti Allah ora meksa supaya manungsa pracaya. Apa panjenengan wis dadi anak padang utawa panjennegan isi dadi abdine pepeteng?

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, gusti Yesus, awit Paduka mratelakake sarira Paduka minangka pepadhanging jagat. Paduka angkat kawula dhumateng cahya sih rahmat paduka, lan paduka dadosaken kawula kebak sih rahmat. Paduka ingeraken paningal kawula saking arta, kalengghaan lan kamimpangan jagat, kanthi makaten kawula saget ndherek paduka kanthi gampil, lan gesang dados putra-putra pepadhang paduka.

PITAKONAN:

  1. apa tegese kita dadi putra-putra pepadhang?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)