Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 042 (Jesus offers people the choice)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

4. Gusti Yesus nawakake pilihan marang wong akeh, “gelem nampa apa nampik!” (Yokanan 6:22-59)


YOKANAN 6:22-25
Esuke wong akeh kang isih ana ing sbranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabate dhewe kang mancal. 23 Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti Caos sokur mau. 24 Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus. 25 Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padaha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”

Nalika wong akeh iku meruhi yen Gusti Yesus ora melu numpak perahu iku, wong-wong kaget, gusti Yesus mbudidaya ngedohi wong-wong mau. Panjenengane wis numpak perahu ing wayah bengi kanthi sesidheman.

Ewon wong sebanjure bali menyang Kapernaum, martakake bab roti kang diparingake kanthi ora susah mbayar. Wong-wong dadi gumun lan wong-wong uga rumangsa meri, lan kepengin nampa peparinge Gusti Yesus iku. Wong akeh iku sebanjure enggal-enggal nggoleki gusti Yesus ing omah-omahe para murid Panjenengane, nganti wong-wong mau nemokake Panjenengane ing antarane para murid. Wong-wong mau wiwit ndeleng kayekten saka sawijining watonan Kristen, “Ing ngendi ana wong loro utawa telu kumpul ing sajroning AsmaKu, Aku ana ing tengah-tengahe”.

Wong-wong kang banget ngenteni anane mukjijat iku sebanjure ndeleng sawijining kaelokan kang liyane maneh. “Wong-wong mau nyuwun pirsa: “|Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”. Gusti Yesus orang maringi jawaban atas pitakonane wong-wong mau. Panjenengane malah nyethakake kairingan panggraito kasukmane bab makna saka iman, mbudidaya supaya bisa nggeret wong-wong kang tulus ing antarane wong-wong kang semangat iku marang katresnan Panjenengane, lan mbuka mbeberake kajulikan lan panampika satru-satru Panjenengane. Gusti Yesus ora kepareng kahanan kang manda-manda, lan Panjenengan gawe garis kang misahake antarane wong-wong kang pracaya mung saka wong akeh kang lelamisan mursid wae.

YOKANAN 6:26-27
26 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temane pituturKu ing kowe, kowe padaha nggoleke Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg. 27 Pada tumindake ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah”.

Gusti Yesus kanthi gamblang maringi pemut marang wong akeh iku: kowe ora nresnani utawa nggoleki Aku awit saka sariraKu piyambak, lan kowe uga ora mikirake prekara kang bener bab Allah; nanging kowe ing pikiranmu mung ing wetengmu lan roti wae. Kowe ora ngerti pratanda kang elok iku, tujuan-Ku dudu kanggo gawe mareming ngelihmu nganggo roti; nanging supaya kowe luwih tepung Aku ing sajroning kuwasaKu. Kowe nggoleki ganjaran nanging nyepelekake kang paring ganjaran kuwi. Kowe ngrembuk prekara kadonyan, nanging ora pracaya marang sifat keallahan-Ku.

Aja rekasamu saben dina iku mung kanggo panganan lan inuman wae, nanging gunakna pikiranmu kanggo mikir marang panguwasane Allah. Aja kaya kewan kang urip mung kanggo panganan, nanging nyeraka marang Allah, yaiku Sang Roh. Gusti Allah andadekake kowe melu dadi perangan ing sajroning urip langgeng saka Panjenengane.

Gusti Yesus sebanjure mbeberake: Aku rawuh ing jagat iki, supaya maringi kowe sih rahmat Allah kang gedhe. Aku ana kene ora mung dadi manungsa awujud getih lan daging. Nanging Aku ngasta ganjaran Allah ing sajroning sarira-Ku kanggo amberkahi kowe. Gusti allah wis ngecap Aku nganggo Sang Roh Suci-Ne supaya ngedum panguripan kasukman lan nangekake kowe kanthi panguwasa kasuwargan.

Kanthi pratela iki gusti Yesus martakake wadi kang gedhe iku, yen gusti Allah nggatekake kabeh manungsa, njangkung lan nresnani manungsa. Panjenengan dudu sesembahan kang asring paring bebendu kang nuntut manungsa mbangun turut marang paugeran sederunge maringi berkah. Panjenengane amberkahi wong-wong kang bener lan wong-wong ala, lan akarya srengenge sumunar kanggo kabeh wong tanpa mbedak-mbedakake, kalebu marang wong kang orang percaya gusti Allah iku ana (atheis) lan wong-wong kang nyenyamah Allah. Gusti Allah iku katresnan, lan Sang Kristus mbudidaya paring kamardikan wong akeh iku saka pikiran kang asipat katon, lan nuntun wong-wong mau bali pracaya marang Allah Sang Rama. Awit saka iku Panjenengane negasake yen Kraton Panjenengane dudu saka jagat iki, kang dilandhesi panganan, kasugihan lan kalungguhan, nanging sawijining kraton kasukman kang aluber-luber ing sajroning urip kang duwe sipat-sipat Allah, kang rawuh marang wong-wong mau ing sajroning pribadi Sang Kristus, kang maringi Sang Roh suci marang kabeh manungsa kang nyuwun marang Panjenengane.

YOKANAN 6:28-29
28 Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakake padamelan ingkang kakarsakake dening Allah?” 29 Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah”.

Wong akeh iku ora bisa ngerti wulangane gusti Yesus kanthi cetha, nanging weruh yen Panjenengan wis nawakake ganjaran kang gedhe banget saka Gusti Allah, lan kabeh wong iku kepeingin nampani urip langgeng iki. Wong-wong mau siap nindakaken apa wae kanggo ganjaran iki. Wong-wong mau bisa naliti paugeran, gelem korbah, pasa, ndedonga lan lunga ing papan kang dianggep kramat; supaya bisa nampani ganjaran Allah lumantar panggawene. Ing kene kita bisa ndeleng kepiye anggone wuta wong-wong mau. Wong-wong kabeh iku golongan kang manembah hukum (legalis), kang tumemen kepengin nampani keselametan lumantar pambudidayane dhewe. Wong-wong mau ora ngerti yen prekara iki mokal, awit kabeh wong iku luput lan dadi wong kang ilang. Wong-wong mau kanthi gumunggung duwe pikiran bab nindakake pakaryane allah, awit wong-wong mau duwe pikiran yen bisa duwe kasucen lan duwe panguwasa bisa nindakake kabeh mau. Manungsa wuta nganti ing tingkat kang dheweke ora bisa ndeleng marang atine dhewe kang sabenere, nanging duwe anggepan awake iku gusti Allah cilik, lan duwe pengarep-arep apa yang ditindakake, andadekake gusti Allah kepareng.

Gusti Yesus nuduhake marang wong-wong kang mirengake Panjenengane yen wong-wong mau ora dituntut misusungake tanggung jawab utawa pambudidaya apa wae. Wong-wong mau ditimbali supaya duwe iman marang Panjenengane secara pribadi Gusti Allah ora njaluk pambudidaya utawa tenaga, nanging kagungan pangarep-arep yen kita mbangun turut Gusti Yesus lan pracaya marang Panjenengane. Pangandikane Gusti Ysus iku dadi watu sandungan kanggo wong akeh mau; lan awit saka iku wiwit dumadi blah pisah antarane gusti Yesus karo wong akeh mau. Panjenengane terus njlentrehake yen awit pakaryane Gusti Allah manawa wong-wong mau pracaya marang Panjenengane, “Manawa kowe mbuka nyawamu marang Roh Suci, kowe bakal ngreti panguwasa, tujuan lan katresnan-Ku. Sebanjure kowe bakal eling yen Aku ora mung jejere nabi, nanging kang nitahake, putra kang kautus dening Sang Rama marang kowe. Kowe bakal dirubah saka anggonmu kacancang kejagatan supaya dadi para putra Allah”.

Pracaya marang gusti Yesus tegese sumendhe marang Panjenengane, lan ngidinake Panjenengan makarya ing sajroning urip panjenengan, nampani pimpinan Panjenengane lan nampani urip langgeng lumantar kekuatan PanguwasanE. Iman tali kang nyancang wong-wong pracaya maraeng Putra Panjenengane Allah, yen dosa bisa disirnakake saka uripe lan wong-wong bisa manunggal bebarengan karo Panjenengane nganti salawase.

YOKANAN 6:30-33
30 Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakake, supados kawula saget sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa? 31 Para leluhur kawula sami nedha mana wonten ing ara-ara samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga” 32 Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh. 33 Awit dene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagat.”

Gusti Yesus paring dhawuh supaya wong-wong masrahake uripe sawutuhe iku andadekake banget kagete. Pangertene wong-wong mau dhawuhe gusti Yesus iku mung bisa ditindakake marang gusti Allah wae. Mula saka iku wong akeh mau nyuwun pratandha minangka bukti yen apa kang didhawuhake iku bener. Kaya-kaya wong akeh mau matur: “Mangga panjenengan paringake pratandha bilih panjenengan menika Allah, Nabi musa sampun maringi manna dhumateng bangsa menika ing ara-ara samun, lan anyar ing saben dinten. Nanging Paduka namung maringi roti sepindah kemawon. Nabi Musa maringi roti dumateng tiyang atusan ewu kathahipun, Paduka namun maringi gangsal ewu tiyang kemawon. Paduka tedahaken dhumateng kawula mujijat ingkang sanes lan selajengipun kawula badhe pitados”. Ya mengkene iki penyakite manungsa. Manungsa nampik mbangun turut marang gusti Yesus tanpa syarat, nanging njaluk anane bukti luwih dhisik. Nanging gusti Yesus ngandika, “Rahayu wong kang pracaya sinadyan orang ndeleng. Wong akeh iku wong-wong kang ngurmati Aku kanthi kapiyandelane”

Gusti Yesus iku Sang Juru Panuntun kang ngedap-edapi, kang nuntun para Kang mirengake Panjenengane kanthi alon-alon saka pikiran manembah marang paugeran tumuju marang iman kang cetha marang Panjenengane. Panjenenane paring kamardikan marang manungsa saka pepiningan kang gedhe gegayutan karo pangan, lan madhangi wong akeh; Panjenengane piyambak iku sih rahmate Allah kang agung.

Minangka perangan katangan kang nyelot mundak iki gusti Yesus maringi pangerten marang wong akeh kang keliru geguyutan makna Kitab suci, kaya-kaya Nabi Musa kang maringi marang wong – wong mau panganan Manna. Kang paring sejatine yaiku gusti Allah, ya iki kang Paring saka kabeh peparing. Gusti Yesus nuntun wong-wong mau nganti bisa ngerti yen gsuti Allah kang maringi roti kang luwih becik lan panganan kasukman kang ora bakal rusak. Kanthi paring kawigaten marang wong-wong mau, wong-wong mau bakal bisa ngerti apa Gusti Yesus beberake yen Panjenengane iku putrane Allah, awit Panjenengane nyebat Gusti Allah iku minangka Rama-Ne. Wong akeh iku, emene, pikirane tetap gegayutan panganan kang katon, kang mudhun saka langit lumantar tangane Musa.

Gusti Yesus mbuka pangerten wong akeh mau supaya ngerti yen roti kang saka Allah dudu kang dipangan wong lan mlebu ing wetenge, nanging Pribadi Sang Kristus kang nglegakake ngelihe manungsa babagan kayekten lan urip kang luber-luber. Panjenengane kang ngesokake iku wis mandhap saka kasuwargan lan ngasta berkah Allah kanthi panguwasa kang gedhe. Roti kang saka Allah dudu awujud kang katon kang bisa ilang, nanging asipat kasukman lan langgeng. Panjenengane ora katon kaya dene manna, nanging asale saka Allah, cukup kanggo kabeh manungsa nganti salawase jaman. Panjenengane ora winates marang tedhak turune Abraham wae. Gusti Allah sang Rama nggatekake kabeh manungsa ing saindhenging jagat.

PANDONGA: Gusti Yesus, tebihaken kawula saking pratingkah mentingake badah piyambak. Yasa ing salebetipun badan kawula iman ingkang andap asor, supados mireng menapa ingkang Paduka kersakaken supados kawula tindakake, lan makarya ing salebetipun badan kamula kanthi panguwaos Paduka. Nyuwun kawula saget manunggal sawetahipun kaliyan Paduka. Paduka legakakan raos ngorong manah kawula kaliyan anggen paduka rawuh ing salebipun kawula. Tuntun kawula ing salebetipun gesang langgeng. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, Rama, awit rawuh paduka dhumateng kawula, maringaken panguwasa lan berkah dhumateng kawula.

PITAKONAN:

  1. Kepiye Gusti Yesus nuntun manungsa saka pepinginan bab roti mrang iman marang Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)