Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 030 (Jesus leads his disciples to see the ready harvest)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
4. Gusti yesus ing Samaria (Yokanan 4:1-42)

b) Gusti Yesus mimpin para muride supaya nyawang panenan kang siap dipanen (Yokanan 4:27-38)


YOKANAN 4:27-30
27 Nalika semana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?” 28 wong wadon mau tumuli ninggal june ana ing kono, banjur menyang kutha lan crita marang wong-wong ing kono: 29 “Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?” 30 Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.

Sawetara imbal wacana terus mlaku, para murid pada bali saka kampung karo nggawa panganan kang wis dituku. Para murid kaget nalika ndeleng gusti Yesus dhewekan wae karo wong wadon dosa,kang uga wong buwangan saka Samaria. Nanging ora ana siji wae ing antarane para murid kang wani ngomong, awit para murid ngrasakake anane Sang Roh ing kono. Para murid bisa ndeleng kaelokan ilahi kang dituduhake dening Sang Kristus, awit praupan wong wadon iku wis kaowahan dideleng saska carane nyawang Sang Kristus lan ngrungokake pangandikan-pangandikane. Kabungahan atas anggone tepung karo sang Juru selamet nguwasani wong wadon mau.

Sebanjure wong wadon mau ninggalake klenthing kosonge. Wong wadon mau durung menehi banyu satimba marang gusti Yesus kaya sing dijaluk gusti Yesus, nanging malah Panjenengane kang nglegakake ngelake wong wadon iku gegayutan karo pangapura. Wong wadon iku dadi sumber banyu urip kanggo wong akeh. Wong wadon mau sebanjure mlayu menyang ndesane lan ngandhani wong akeh lan nuntun wong-wong mau marang sang Kristus. Lambene maune dadi sumber tembung kang ala saiki dadi sumber kang resik nyesekake bab Sang Kristus. Wong wadon mau nuntun wong akeh marang Sang Juru selamet, nyesekake kepiye Panjenengane wis mbuka kabeh dosane. Wong-wong ing desane mbedhek yen saka paseksine iku mesti wis dumadi lelakon kang ngedap-edapi, pakaryane Allah ing sajroning wong wadon iku. Wong-wong mau uga kepengin nemokake wadi kuwi. Sebanjure wong-wong mau mlayu menyang sumur iku, Gusti Yesus lan para muride isih ngaso ing kono.

Lelakon iki sawijining gambaran kang nuduhake bab apa kang dumadi nalika Sang Kristus makarya ing sajroning wong kang ndherek Panjenengane. Kita uga bakal martakaken marang para mitra kita lan tangga teparo kita yen Sang Kristus wis rawuh marang kita lan bakal nylametake. Sebanjure rasa kepengin banyu panguripan iku bakal tukul ing uripe wong-wong mau, kang kapenuhan dening sang Roh Suci. Apa panjenengan dadi sumber banyu urip kanggo wong akeh? Menawa ora, akonana dosa-dosa panjenegan marang gusti Yesus, pasrahna urip panjenengan marang Panjenengane, kanthi mangkono Panjenengane bisa nyuceni panjenengan lan panjenengan bakal dadi berkah kanggo wong akeh – dadi kaya kang dumadi ing uripe wong wadon kang wis waras anggone tumindak laku zina kang martakake kabar becik marang wong-wong ing sakiwa tengene.

PANDONGA: Gusti Yesus, kula ngaturken panuwun awit paduka naliti lan tepang kula. Kula mboten langkung sae kabanding kalian tiyang setri dosa saking samaria menika. Apunten dosa-dosa kawula. Paduka paringi kula sih rahmat Allah ingkang nglegakaken raos ngorong kula bab kayektosan, paduka sucekaken gesang kawula. Paduka bikak mripa kula kangge ningali rama Kasuwarga. Kalimutana manah kula kalian Sang Roh suci, kanthi makaten kula saget dados tiyang ingkang migunani, lan gesang kula saget dados pratela manembah minangka tanggapan atas sih rahmat Paduka. Paduka wilujengaken kathah tihang, lan paduka tuntun tiyang-tiyang menika dhumateng sariro Paduka. Paduka moten nate nampak sadaya tiyang ingkang sowan dhumateng Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiya kita bisa diileni karo banyu panguripan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:32 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)