Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 037 (King Herod’s Fear)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)

9. Kawedéne Prabu Herodés Sawisé Patine Yokanan Pambaptis (Markus 6:14-29)


MARKUS 6:14-29
14 Sang Prabu Herodés iya midhanget bab Gusti Yésus, sabab Asmané wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambaptis wis wungu saka ing antarané wong mati, mulané kadunungan kasekten mangkono.” 15 Ana maneh kang ngucap: “Iku Nabi Elia!”Liyané maneh kandha: “Iku sawijining nabi kaya nabi-nabi sing uwis-uwis”. 16 Nalika Sang Prabu Herodhes midhanget bab iku, banjur ngandika: “Dudu, iku Yokanan, kang wis dak tugel guluné, saiki tangi maneh.” 17 Amarga pancen Sang Prabu Herodhes kang dhawuh nyepeng Nabi Yokanan lan mbesta sarta banjur kalebokaké ing pakunjaran, marga saka anané lelakon bab Sang Putri Herodhias, garwané Pangeran Filipus sadhéréke, kang kapundhut garwa déning Sang Prabu Herodhes. Sabab nabi Yokanan banjur matur marang Sang Prabu Herodhes: “Boten kenging Paduka mundhut gara garwanipun sadhérék Paduka!” Mulané Sang Putri Herodhias ngincim-incim marang Nabi Yokanan lan ngudi bisané nyedani Panjenengané, nanging ora bisa, 20 sabab Sang Prabu Herodhes ering marang nabi Yokanan, amarga mirsa, yén Nabi Yokanan iku murid lan suci, mulané diayomi. Nanging manawa midhangetaké pangandikané Nabi Yokanan, panggalihe banjur kaya diontang-atingaké, ewadene remen miyarsakake. 21 Wasana Sang Putri Herodhias oleh wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosané Sang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakaké bujana kanggo para panggedhéné, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ing tanah Galilela. 22 Ing nalika samana putrané putri Sang Putri Herodhias lumebu lan beksa, njalari sukaning panggalihe Sang Prabu Herodhes lan para tamu-tamune Sang Nata banjur ngandika putri mau: “Kowe nyuwuna marang aku sakarepmu, mesthi bakal dakparingi!” 23 Malah banjur sumpah pangangdikane: “Apa bae kang koksuwun, bakal dakparingaké, sanadyan saparoning krajanku!” 24 Putri mau banjur mundur sarta matur marang kang ibu: “Punapa ingkang kula suwun?” Wangsulané kang ibu: “Sirahe Yokanan Pambaptis.” 25 Putri mau banjur énggal-énggal bali marek ing ngarsané Sang Prabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supados kaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis kawahdahan ing talam!” 26 Sang Nata banget sungkawa panggalihe, nanging marga saka supaose lan anané para tamu, Panjenengané ora karsa nduwa. 27 Sang Nata banjur utusan prajurit tamtama nggawa mustakané Nabi Yokanan. Kang kautus banjur mundur, lan nigas Nabi Yokanan ana ing pakunjaran. 28 Sawisé mangkono mustakané nuli kadekek ing talam lan ditampakaké marang putri mau, kang banjur dicaosaké marang kang ibu. 29 Para sakabate nabi Yokanan bareng krungu bab iku, banjur padha teka ngukup layone lan disarekaké ana ing pakuburan.

Yokanan pembaptis iku wong kang penting dhéwé ing jamane. Ora ana nabi kang bisa ngungkuli Yokanan pembaptis, awit Yokanan wanuh lan meca, lumantar Sang Roh Suci, yén Sang Kristus ora bakal rawuh nekakaké bilahi kanggo jagat iki kanthi gaman kang marakaké pepati, utawa ngudhunaké geni saka kasuwargan marang wong-wong kang ora pracaya, nanging Panjenengané rawuh minangka cempé Allah kang alus bebudené, kang nyanga kabéh dosané manungsa.

Yokanan makarya kanggo Gusti Allah ing sajroné roh lan makarya nganggo panguwasa Elia minangka jejeré nabi. Dhéwéké nekani Sang Prabu Herodés lan ngelingaké patrap cemer kang ana ing sajroné atine. Awit saka iku, Sang prabu dadi nesu banget lan nglebokaké Yokanan ing sajroné kunjara kang peteng. Nanging Sang prabu rumangsa yén Yokanan sabenere iku nabi kang jujur, awit saka iku Sang Prabu Herodés kanthi sesidheman njaluk pitutur gegayutan politik, lan nindakaké selaras pituture Yokanan Pambaptis, awit para rewange ora menehi pitutur kang bener lan mung ngolor waé. Sinadyana sang prabu mbangun turut marang sang nabi, lan nampani kauntungan saka pituture, nanging dhéwéké ora mbangun turut marang sang nabi gegayutan karo kasucene urip, lan kasucene daup suci.

Herodias, bareng urip karo Sang prabu Herodés dadi jejeré somah sebenere iku somahe sadulure Sang prabu dhéwé. Herodias ora seneng karo Yokanan Pembaptis ing sajroné atiné, awit anggone ngelingaké marang Sang Prabu. Herodias mikir rina wengi nemokaké cara nyirnakaké seksi Gusti Allah iki.

Awit saka iku, nalika anaké wadon njoget kang ndudut ati ing ambal tahune sang prabu Herodés, lan bener-bener anggone njoget mrenani ati Sang prabu, Herodias nggunakaké wewengan iki kanggo males. Herodias ngongkon anaké njaluk sirahe Yokanan Pembaptis, minangka ganjaran awit wis nyenengaké atine sang Prabu. Ya krana Sang Prabu Herodés wis menehi janji marang bocah iku apa waé kang disuwun bakal diparingi malah saupama ngnati separo krajané pisan, mula dikabulake.

Ya marga Sang Prabu Herodés wis sumpah lan ora gelem wirang ana ing ngarepe para tamuné, sang prabu Herodés perintah supaya Yokanan di tigas gulune.

Mengkono, nabi Allah kang dipaténi kanthi patrap kang ora adil minangka korban atas anggone mendem sang prabu kang alaku jina iku, yaiku kanggo sarana males atas anggone ngelingaké Yokanan pembatis marang sang prabu kang dadi jalaran sengite. Anggone males lumantar anaké wadon iku. yén digatekaké saktleraman kaya-kaya panguwasa jagat luwih kuwat tinimbang karo Kratone Allah. Nanging, wong-wong kang ngrodha peksa lan kang ngrampas tansah rumangsa kadakwa lan katuwek lara telenging atine dhéwé.

Nalika sang prabu Herodés krungu babagan pakaryané Gusti Yésus, lan kotbah saka para muridé Panjenengané, dhéwéké gemeter kaweden. Sang prabu kang cabul iki, kang uga nindakaké sesambungan karo roh-roh wong kang mati, duwé pikiran yén roh Yokanan Pembaptis wis tangi saka pati lan manunggal ing Gusti Yésus, kang teka kanggu nyirnakaké dhéwéké lan ngrebut kratone saka tangané kanthi peksan.

Panguwasa, kasugihan, lan hara nefsu, sejatiné, ora nguwataké manungsa, lan ora agawé dadi lega lan ayem. Nanging kayekten, kasucen lan telenging ati kang dirukunaké bakal menehi rasa ayem nalika panjenengan turu, lan abungah-bungah ndadekaké sumunar ing mripat panjenengan. Aja mburu jagat utawa mung kepengin seks, nanging pilih kasucen lan panguwasané Allah ing sajroné patrap andhap asor, awit wong kang pracaya marang sang Kristus dadi memper karo gambar Panjenengané, lan urip ing sajroné tentrem rahayu karo Gusti Allah nganti selawasé.

PANDONGA: Dhuh Pangeran, kawula ngaturaken gunging panuwun atas paseksén saka Yokanan pambaptis ingkang kendel. Apunten patrap kawula ingkang weden, awit asring mboten wantun nyebataken dosa manungsa, lan martosaken pangapunten saderengipun ngutamekaken babagan pamratobat lan ewah-ewahan gesang. Paduka wucal kawula supaya leladi kanthi jujur, lan sucekaken kawula supados kawula saged gesang memper kaliyan gambaran andhap asor manah Paduka, lan mratélakaken katresnan Paduka ingkang mboten wonten pungkasanipun. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dadi jalarané saka patine Yokanan Pembaptis?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 04:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)