Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 036 (Sending Out the Twelve)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)

8. Gusti Yésus Ngutus Rolas Muridé Panjenengané Marang Bangsané (Markus 6:7-13)


MARKUS 6:7-13
7 para sakabat rolas tumuli padha katimbalan lan padha kautus ngloro-ngloro sarta padha kaparingan panguwasa misesani para dhemit, 8 apa maneh padha kaweling, aja padha nggawa apa-apa ana ing dalan, kajaba mung teken, aja padha nggawa roti, aja nggawa tas, dhuwit ing sabuk bae iya aja, 9 kena nganggo trumpah, nanging aja nggawa klambi rangkep. 10 Sabanjure padha dipangandikani mangkene: “Yen ana ing sawijining panggonan kowe wis ditampani ana ing omah, kowe mondhoka ana ing kono nganti kowe mangkat saka ing kono. 11 Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokaké kowe, metua saka kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.” 12 Rasul rolas banjur mangkat lan memulang, supaya wong-wong padha mratobata 15 lan akéh setan kang padha ditundhungi lan akéh wong lara kang padha dilengani sarta diwarasake.

Gusti Yésus ngutus para rasul Panjenengané selaras karo gunggunge taler bangsané, kanggo martakaké yén para murid kabéh ditimbali ing sajroné Kraton Allah, lan saben uwong prelu mratobat lan dimerdekakaké saka piala. Panjenengané ngutus wong-wong pilihan Panjenengané ing sajroné perang suci tanpa nggunakaké gaman, ora dhéwé-dhéwé, kanthi mangkono para murid bisa kuwat ing nguwatan lan tulung tinulung. Manawa kang siji celathu babagan Injil, liyané ndedonga. Manawa kang siji cuwa, kang sijine bisa nglipur. Kraton Allah ora dibangun atas landhesan kekuatan kapinteran pribadi mbaka pribadi, nanging kang utama banget dibangun atas landhesan patunggalan katresnan. Ana kono saben anggota nganggep kang liyané luwih becik ketimbang awaké dhéwé. Kanthi patrap andhap asor mlebu ing sajroné patunggalan para juru kotbah, Gusti Yésus maringi para rasul Panjenengané kanthi panguwasa. Sing sapa diutus déning Sang Kristus yaiku utusan lan dadi wakil saka Kraton Panjenengané, kang wektu iki bisa dimangerti lumantar katunggalan déning sang Roh Suci ing sajroné ati wong-wong pracaya. Ing ngendi waé utusan Sang Kristus martakaké séda lan wunguné, roh-roh ala bakal katundhung, panguwasa pepeteng bakal sira, manungsa bakal pracaya marang sang Penebuse, lan dianyaraké ing sajorne kesabaran lan kabungahan.

Utusan- utusan Sang Kristus iku banget déning mlarat kanthi mengkono ora ana wong siji waé kang bakal mbegal para utusan mau kang ngarepaké bandané, lan mengkono uga para utusan ora bingung prekara bandha kadonyan, nanging pracaya marang Rama kasuwargané awan lan bengi, lan tansah ngrasakaké panjangkung Panjenengané. Padha upayanen dhisik Kratone Allah lan kasampurnané, nuli samubarang iku mau kabéh bakal diparingaké marang kowe. Panjenengané ora bisa leladi Allah lan uga leladi Mammon, awit panjenengan bakal nresnani kang siji lan sengit marang liyané, panjenengan bakal setya marang salah sijine lan ngremehaké kang liyane. Manungsa hakikate kepengin dhuwit, sugih, lan kasenengan. Nanging, Sang Kristus nimbali Panjenengané marang kraton kasukman lan leladen Panjenengané kang tumemen, atas landhesan cukup lan pracaya sawutuhe marang Rama kasuwargan panjenengan.

Sang Roh suci nuntun para abdi Gusti menyang omah-omahe sedulur kang cemawis lan ora marang sedulur kang ora gelem nggatekake. Awit saka iku, ndedongaa kanthi tegen supaya Gusti nuntun panjenengan marang sedulur kang cemawis ngrungokaké pangandikan Panjenengané. Panjenengan ora kudu mbudidaya ngrubah jagat, nanging gusti mung nimbali panjenengan supaya ketemu karo sedulur-sedulur kang ngenteni Panjenengané. Sedulur-sedulur mau bakal ngrungokaké panjenengan, lan kotbah panjenengan bakal ngasilaké woh, lan ing antaran para sedulur iku Sang Roh suci bakal yasa pamratobat, iman lan katresnan. Manwa panjenengan lumaku katuntun ing Allah, lan mbangun turut krana iman, Sang Roh suci paring tentrem rahayu lan tentrem rahayu iku bakal nundhung roh-roh ala saka ati para sedulur kang ngrungokaké panjenengan. Panjenengané bakal nyarasaké ati kang lara, lan nylametaké wong akéh, lumantar anggon panjenengan leladi kang dilandhesi patrap andhap asor.

PANDONGA: Dhuh Gusti, kawula ngaturaken panuwun awit katresnan Paduka dhumateng kawula, kanthi makaten sinadyoa kawula namung para abdi ingkang mboten aji, Paduka nimbali kawula supaya martosaké kraton Katresnan Paduka kanthi panguwaos Paduka. Tulungi kawula supados lumampah ing kasucen, lan piranteni kawula kanthi pangandikan panguwaos Paduka, kanthi makaten sadhérék-sadhérék ingkang luwe babagan kayektoan Paduka saged dipun legakaké, lan sadhérék-sadhérék ingkang kacancang déning kahanan cemer, gumunggung, lan roh-roh awin badhé kamardikaaken lan dipun lairaken malih secara kasukman. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa dhawuhe Sang Kristus marang para rasul Panjenengané sadurunge ngutus martakaké Injil?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 04:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)