Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
10. Baliné Para Rasul saka Pelayanan Misi, lan Maringi Panganan Kanggo Wong Limang Ewu Ing Ara-Raja Samun (Markus 6:30-44)MARKUS 6:30-44 Para murid Sang Kristus bali saka anggone kautus leladi, lan ngaturi pirsa marang Panjenengané babagan kabéh tembung lan panguwasa kang diparingaké ing sajroné asma Panjenengané. Luwih dhisik, Gusti Yésus misahaké para murid lan ngajak para murid menyang ara-ara supaya para murid ngreti bener apa kang wis Gusti Allah tindakaké lumantar dhéwéké, lan supaya para murid ora lali ngaturaké panuwun atas kabungahan saka pengalamané babagan manunggale Kraton Allah ing sajroné uripe. Apa panjenengan ngaturaké panuwun marang Gusti Yésus atas kawenangan panguwasa Panjenengané lumantar anggone panjenengan leladi marang para mitra panjenengan? Gusti Yésus nuntun panjenengan supaya bola-bali ngaturaké panuwun lan ngluhuraké Allah lumantar anggone panjenengan luwih ngreti pakaryan Allah, kanthi mangkono panjenengan ora nganti gumunggung lan kebak lelamisan, nanging asikep andhap asor lan kebak atur panuwun. Nanging, wong akéh ora menehi wewengan Gusti Yésus ndhéwé utawa golék papan papan kang tenang, wong akéh mau nggoléki Panjenengané lan ngrubung. Ngedap-edapi banget! Sang Kristus ora nundhung wong-wong mau, sinadyana Panjenengané sayah, nanging Panjenengané melasi wong-wong iki. Panjenengané pirsa yén wong-wong iku lagi luwe marang kayekten, lan ngorong babagan katresnan lan rahmat, kanthi mangkono Panjenengané mulang wong-wong mau pranatan Roh, lan nyethakaké gegayutan sih rahmat keselametan saka Gusti Allah. Panjenengan galih kepiyé Kang Maha Suci mulang wong akéh iku nganti jam-jaman, wong akéh mau padha lungguh ngubengi Panjenengané ing ara-ara, lan swarga nglegakaké rasa ngelak ing atine wong-wong mau! Nalika wayahe wis sore, wong-wong mau ngelih, sawisé ndhérékaké Panjenengané sedina muput. Para murid mikir babagan panganan kanggo badan, ngreti wong akéh iku padha luwe. Awit saka luwe ing jaman saiki dadi jalaran wong-wong gawé revolusi kang ngejur lan nambahi karusakan ing jagat kita. Nalika Gusti Yésus dhawuh marang para muride supaya menehi mangan wong akéh iku, para murid ngetung gunggunge wong akéh mau, metung karo dhuwite yén kudu menehi mangan wong semono mbutuhaké dhuwit kang akéh. Para murid mau ngetung kang dibutuhaken wong akéh mau, kaya-kaya wong bakulan kang duwé pengalaman. Nanging Sang Kristus, minangka jejeré putra Allah, ora butuh petung lan sarana manungsa. Panjenengané pancen duwé rasa welas marang wong - wong iki kang ngelih secara kasukman kang ngrubung Panjenengané, lan uga ngersakaké menehi roti uga. Awit saka iku Panjenengané nimbali kabéh wong supaya nekani bujana suci, awit Panjenengané kagungan panguwasa kang digunaké sethithik, diagem kanggo nyukupi kabutuhan kang akéh iku. Gusti Yésus mundhut lima ketul roti lan iwak loro saka tangané para murid. Panjenengané masrahaké kabéh iku marang Gusti Allah Sang Rama, lan ngaturaké panuwun atas apa kang ana ing astané sinadyana sethithik. Sebanjure Panjenengané nyuwil-nyuwil roti iku lan menehaké marang para murid supaya didumake. Wong-wong padha nyawang kanthi eram, lan nyekseni kepiyé putra Allah lenggah ing antarané manungsa maringaké nugraha demi nugraha Panjenengané. Gunggune pangan lan sisa-sisa panganan kang turah sawisé dipangan wong akéh iku luwih akéh saka gunggunge panganan sakawit. Iki kelakon awit berkah Allah lumantar atur panuwun Sang Kristus. Dikaya Panjenengané nyuwil-nyuwil roti kanggo wong akéh, mengkono uga Panjenengané nyuwil-nyuwil sarira-Ne supaya kita bisa dirukunaké karo Gusti Allah, dilegakaké secara kasukman déning Panjenengané ing sajroné bujana Gusti, lan dadi kuwat ing sajroné katresan lan kuwat ing sajroné leladi. Apa panjenengan pirsa kengkerané berkah Allah kang ditawakaké marang kabéh manungsa? Wadine yaiku atur panuwun marang Gusti Allah atas apa waé sinadyana sethithik kang ana ing kita. Iman atur panuwun iki kunci ngengakaké lawang bandha kagungané Allah. Panjenengan kudu pracaya marang pitulungané Sang Kristus kang tansah cemawis kanggo kita, atur panuwun atas deduwékan kang sethithik apa waé kang panjenengan duwéki, lan pracaya marnag karsa lan panguwasa Panjenengané, awit Panjenengané kersa mitulungi panjenengan, lan uga para mitra Panjenengané, kanthi panganan jasmani lan kasukman saben-saben. Aja nganti lali ngaturaké panuwun. PANDONGA: Dhuh Pangeran, Paduka apunten anggen kawula kirang pitados, lan kirangipun kawula ngaturaken panuwun. Paduka wucal kawula nresnani tiyang kathah, kadosdene Paduka kagungan sih kawelasan dhumateng tiyang-tiyang. Kawula ngaturaken panuwun awit lubéring pangapunten Paduka, lan supados sadaya berkah Paduka ingkang kawula emut lan ingkang kawula sampun kesupen. Kawula nyuwun kawicaksanan supados nuntun para mitra kawula supados para mitra ugi saged dipun ribah, supados mboten namung pikiranipun wonten ing roti, nanging leladi tiyang-tiyang manca lan sadaya tiyang ingkang ngorong babagan Kraton Paduka. Amin. PITAKONAN:
|