Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 247 (Jesus Faces the Sanhedrin)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

15. Gusti Yésus Ngadhep Sanhedrin (Matéus 26:57-68)


MATÉUS 26:63-64
63 Nanging Gusti Yésus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika manéh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabéh, Kowé iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?” 64 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Kowé wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowé kabéh: wiwit saiki kowé bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengené Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit”.
(Jabur 110:1, Daniel 7:13, Matéus 16:27, Yokanan 10:24)

Nalika mriksa para seksi wis rampung lan gusti Yésus ditemokaké ora luput, Kayafas mbudidaya nindakaké prekara liya. Kayafas gawé Sang Kristus ngandika kang dianggep paugeranan Yahudi minangka patrap nyenyamah. Kayafas mrentah Gusti Yésus sumpah mratélakaké sapa sejatiné Panjenengané lan nyuwun Panjenengané atur jawaban atas pitakonané apa Panjenengané iku Sang Mesih, Putra Allah kang Urip?

Pungkasan saka lakuné pengadilan iku, Gusti Yésus mbuka kasepen lan ngandikaaké pengadilan marang hakim Panjenengané. Gegayutan Kayafas, Panjenengané nanggapi pitakonané kanthi ngandika, “Kowé wis ngarani. Kowé ngerti kayektén lan kandha bab kayektén iku, nanging kowé ora pracaya marang sipat keallahan-Ku. Awit prekara iku, kowé bakal cilaka manawa kowé ora mratobat”.

Sang Kristus nujokaké pangandikané uga marang para pemimpin agama Yahudi, kang ngrungokaké kanthi kebak kawigaten. Panjenengané mratélakaké sarira Panjenengané minangka Putra Manungsa kang bakal lenggah ing sisih tengan Panguwasa jagat siji-sijiné. Panjenengané bakal rawuh nitih mega ing sajroning kaluhuran kanggo ngadili kang urip lan kang mati, kalebu ngadhili wong-wogn kang nalika iku ana ngarsa Panjenengané.

Gusti Yésus nyuplik pameca Sang Prabu Dawud ing sajroné Jabur 110:1 kanggo mratélakaké hakikat sarira Panjenengané “Pangandikanipun Pangéran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekaké ancik-anciking tlapaknira”. Kanthi ngetrapaké pameca iki marang sarirané piyambak, Gusti Yésus ngenalaké sarira Panjenengané minangka Gusti atas prejanjian, Panguwasa ing sajroné patunggalan kang sempurna karo Panjenengané. Panjenengané nganggep para pinituwa kang lungguh ana ngarsa Panjenengané minangka para satru Allah kang dipapanaké ing sangandhaping suku Panjenengané. Nalika gusti Yésus rampung gegayutan paseksen ilahi Panjenengané lan pengadilan Panjenengané atas para hakim Panjenengané Panjenengané nyesekaké yén Panjenengané iku Putra manungsa kang disebutaké ana ing sajroné Kitab Daniel (&:13-14). Panjenengané iku Pribadi kang bakal rawuh ingkang nitih mega, kang kaparingan panguwasa déning Rama kasuwargan Panjenengané lan kaparingan makutha kaluhuran kanggo ngadhili kabéh bangsa lan kabéh pribadi. Gusti Yésus ora masrahaké hak-hak Panjenengané senajana mung sathithik. Panjenengané mratélakaké sarira Panjenengané minangka jejeré Hakim kang langgeng lan ngadhili para hakim Panjenengané kanthi paseksen Panjenengané kang banget déning keras.

PANDONGA: Gusti kayetosasn kawula Gusti Yésus Kristus, Paduka mratélakaké sarira Paduka kanthi cetha ing ngajeng para pemimpin bangsa Paduka. Paduka mboten nyelaki keallahan Paduka nanging mratélakaké sarira ing salebetipun sumpah ingkang nyancang prasetya-prasetya ing salebetipun Prejanjian Lami bilih Paduka menika putra Allah ing salebetipun badan Putra Manungsa. Paduka lumawan para hakim Paduka supados pribados dhumateng Paduka lan manembah Paduka, awit Paduka menika Sang Kristu singkang kaprasetyaaken lan Gusti piyambak. Kawula ngluhuraken Paduka awit ing salebetipun satuggal tembung Paduka sampun nimbali para pemimpin bangsa Paduka supados mratobat lan masrahaken badanipun dhumateng Paduka, menawi mboten pramila pengadilah pungkasan saking APaduka badk dhawah dhumateng piyambakipun. Kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka mratélakaken dhumateng kawula panguwaos Paduka dhumataeng para ingkang mirengaken Paduka kanthi paseksen Paduka ingkagn selaras kaliyan pangertosanipun, kanthi makaten tiyang-tiyang menika tanggel jawab gegayutan putusan pribadinipun.

PITAKONAN

  1. Apa ta pentingé paseksené Gusti Yésus kang ora ana bandhingané ing ngarepe Sanhedrin?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)