Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)
15. Gusti Yésus Ngadhep Sanhedrin (Matéus 26:57-68)MATÉUS 26:57-63 Para seksi kang teka ana ing ngarepe Sanhedrin ora bisa mbuktekaké apa waé lumawan Sang Krustus awit ceritané lelawanan antarané siji lan sijiné. Para juri, para imam lan pinituwa, ora bisa nemokaké alesanapa waé kanggo ngukum Sang Krisut, lan Panjenengané tetep ora luput ing ngarepe wong-wong mau. Wong-wong ora ngreti apa kang dingandikaaké Sang Kristus gegayutan ngebrukaké Pedaleman Allah lan mbangun manéh ing sajroné 3 dina. Panjenengané mboten ngandika yén Panjenengané piyambak bakal ngebrukaké Pedaleman Allah, nanging tiyang-tiyang kang bakal ngebrukaké Pedaleman sarira Panjenengané kang kapenuhan keallahan lan Panjenengané bakal mbangun sarirané manéh ing sajroné 3 dina. Iki sejatiné meca gegayutan pati lan wunguné saka séda Panjenengané. Gusti Yésus tetap kendel ing ngarepe juru apus-juru apus lan ndakwan palsu iku. Nalika pengadilan iku katon bakal gagal, Kayafas (Imam Agung nalika iku) ngadeg kanthi kebak kanepson lan mbudidaya kanggo njiret Sang Kristus. Kayafas kepéngin Gusti Yésus ngandika kang bisa nyilakakaké sarira Panjenengané kanthi mangkono Panjenengané bisa nibakaké paukuman marang Panjenengané kanthi mengkono bisa nibakaké paukuman marang Panjenenganipun. Gusti Yésus mboten paring wangsulan, lan namun mirsani Imam Agung menika tanpa ngandikan menapa-menapa. PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka menika kayektosan ingkang mboten wonten watek culika babar pindah. Paduka mboten paring jawaban pandakwa palsu saking para satru Paduka, nanging jumeneng ing ngajengipun tiyang-tiyang menika lan kendel, pitados dhumateng Rama Paduka ingkang wonten ing suwarga ingkang mbela Paduka. Paduka tulungi kawula supados pitados dhumateng pangayoman Paduka lan karawuhan Paduka ing salebetipun badan kawula ing ngajengipun sadaya pengadilan utawi dakwan awon lan mboten mbudidaya kanggé mbelani utawi pitados dhumateng badan kawula piyambak. Kawula gadhah janji bilih Sang Roh suci badhé wonten ing salebetipun badan kawula lan paring kasagetan dhumateng kawula kanggé sanjang menapa ingkang kedah kawula sanjangake. Paduka tulungi saben tiyang pitados, ing wekdal nampi pitakenan, supados pitados dhumateng Paduka lan nyesekaké babagan Paduka kanthi kawicaksanan, andhap asro, lan kapenuhan panguwaos. PITAKONAN
|