Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)
15. Gusti Yésus Ngadhep Sanhedrin (Matéus 26:57-68)MATÉUS 26:65-68 Sakwisé Gusti Yésus mratélakaké sipat keallahan Panjenengané lan nimbali para pemimpin bangsa- Panjenengané supaya mratobat, pracaya lan manembah, kanepsoné para pemimpin iku mumbul. Para pemimpin iku dadi nepsu banget lan nibakaké paukuman pati marang Panjenengané atas apa kang disebut “nyenyamah”, matrapi Panjenengané kanthi panguya-uya lan asor. Dikaya alandhesan pranatané wong-wong Yahudi kudu nggebug wong kang nyenyamah langsung, lan kanthi mengkono iku nggambaraké yén wong-wong mau ora melu-melu ing sajroné kaluputan iku uga nampik nyenyamah. Sawetara wong ing antarané wong-wong Yahudi ngréméhaké Panjenengané nyebut Panjenengané “nabi” lan njaluk Panjenengané meca nanging mung guyon kemawon tanpa linandhesan pitados dhumateng Panjenengané. Menapa panjenengané langkung saé tinimbang kaliyan wakile bangsa Yahudi ing antarané Sanhedrin? Apa panjenengan ngakoni yén Sang Manungsa Yésus Kristus iku Juru wilujeng, Putra Allah ingkang gesang? Utawa apa panjenengan nampik sipat keallahané lan panebusan Panjenengane? Sing ngati-ati! Jawaban panjenegnané bakal netepaké anané panjenengan ing sajroné kalanggengan. PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, Gusti Yésus Kristus, awit Paduka tetep kendel wonten ngajengipun Sanhendrin ngantos wekdal ingkang dangu, lan selajengipun Paduka mratélakaken dhumateng tiyang-tiyang kapenuhan kaluhuran Paduka ing salebetipun satunggal pangandikan. Kawula manembah Paduka, pitados lan ngakeni bilih Paduka menika Putra Allah, gusti lan sang Juru wilujeng kawula. Paduka lenggah ing sisih kanan Rama Paduka lan badhé rawuh ing mega ing awang-awang ngadhili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah. Samukawis panguwaos ing suwarga lan ing bumi sampun diparingaken dhumateng Paduka. Kapenuhané manah kawula kanthi pembangun turut iman kanthi makaten kawula saget nyariyosaken dhumateng para mitra lan tangga kawula babagan asma Paduka lan bilih kraton Paduka badhé rawuh kanggé kaluhuran Allah, Sang Rama. PITAKONAN
|