Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 241 (Jesus’ Struggle in His Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

10. Perang Batiné Gusti Yésus ing sajroné Pandongané (Matéus 26:39)


MATÉUS 26:39
39 Panjenengané banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saget, muga tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.
(Yokanan 6:38, 18:11, Ibrani 5:8).

Sang Kristus sujud ing ngarsané Gusti Allah ora ateges yén Panjenengan kelangan sipat keallahané sasuwéné anggoné nyangga panandhang, nanging awit panebusan kita nuntut Panjenengané kanggo ngasoraké sarirané. Pangandikan kang dingandikaaké ing sajroné dongané nyethakaké marang kita kaya apa jeroné momotan kanggo keselametan kita.

Gusti Yésus miwiti pandongané kanthi sesebutan kang éndah, “Dhuh kanjeng Rama kawula”, awit Panjenengané sumendhé dhumateng Sang Rama sinaosa Panjenengané pancen pinisah saking Panjenengané awit dosa-dosa kita. Panjenengané ora mangu-mangu kahanan Panjenengané minangka jejeré Putra Allah lan katresnan Rama marang Panjenengané. Panglipuran kita kang gedhé dewe nalika kita ana ing sajroné kaprihatinan yaiku kanggo ngelingi yén Gusti Allah kang agung iku yaiku Rama kita. Nalika kita nyebut Allah, kita kudu nyebut Panjenegnané kanthi sesebutan Rama kita, senajana bebendu Panjenengané dipratélakaké lan banget déning makantar-kantar atas saben dosa. Nanging, kita bisa nindakaké prekara iku awit Sang Kristus wis ngunjuk tuwung bebenduné Allah minangka gegentiné kita. Ing sajroné donga Panjenengané ing Getsemani, Gusti Yésus mirsani anané tuwung bebendu kang pancen dicawisaké kanggo diunjuk Panjenengané.

Ing sajroné hakikat kamanungsané Sang Kristus ngersakaké supaya tuwung kang pahit iku mungkur saka panjenengané lan supaya rancangan keselametan Allah iku, manawa bisa, kelakon tanpa Panjenengané kudu disalibake. Nanging, Sang Putra masrahaké karsa Panjenengané atas karsané Sang Rama ing sadhengah prekara. Ing sajrono bot repote iman iki, katon banget yén Gusti Yésus iku manungsa sejati, dikaya Panjenengané iku Allah sejati. Karsa Gusti Yésus iku karsa manungsa nanging tansah dipadhakaké karo karsané Rama Panjenengané.

Sang Kristus dadi banget denging prihatin lan ora jenjem gegayutan karo hakikat kamanungan Panjenengané lan luwih seneng supaya ora kudu mati. Luwih manéh, sipat keallahan Panjenengané ora bisa mbetahaké kasunyatan yén Panjenengané ditinggal Rama Panjenengané. Nanging, senajana ana panandhang kang nglarani lan cerak karo pati, Panjenengané ora ngersakaké prekara kang lelawanan karo karsa Sang Rama ing sajroné ngujudi pakarya penebusané. Panjenengané ngalahaké hakikat kamanungsané karo anggoné mbangun turut marang Rama Panjenengané.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula nresnani Paduka lan ngluhuraken Paduka awit Paduka nyangga rasa ajrih babagan pati nggentosi kawula. Paduka nandhang sangsara ing salebetipun nyawa Paduka babagan anggon Paduka pinisah kaliyan Sang Rama saking Paduka awit paukuman atas kawula. Nanging, Paduka milih karsanipun Rama Paduka lan sanés milujengaken sarira Paduka piyambak. Paduka nyangga raos sakit kawula kanggé milujengaken kawula, lan ngunjuk tuwung bebendu nggentosi kawula. Tulung kawula. Paduka tulungi kawula supados tansah nresnani Paduka lan njagi dhawuh Paduka kanthi pitulungan Paduka. Ngaturaken panuwun atas anggen Paduka sabar lan katresnan Paduka ingkang agung.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus gemeter lan dadi susah banget, malah kaya arep mati rasane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)