Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 240 (Christ’s Prayer in Gethsemane)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

9. Pandongané Sang Kristus Ing Getsemani (Matéus 26:36-38)


MATÉUS 26:36-38
36 Tindaké Gusti Yésus karo para sakabate wis tekan ing panggonan kang aran Getsemané. Gusti Yésus banjur ngandika marang para sakabate: “Padha linggiha ing kené Aku arep mrana ndedonga.” 37 Panjenengané banjur tindak, Petrus lan anaké Zebedheus loro padha kadhawuhan ndhérék. Gusti Yésus banjur wiwit kraos sungkawa lan giris. 38 Nuli ngandika marang sakabate katelu mau:”AtiKu sedhih banget, rasané kaya arep mati. Padha anaa ing kené Aku rewangana melek.”
(Matéus 17:1, Yokanan 12:27, Ibrani 5:7).

Sang Kristus kagungan pangreten kang sempurna lan cetha babagan kabéh panandhang kang ana ing ngarsané. Dosa lan kabéh dosa jagat bakal disangga Panjenengané. Kang dadi syarate panebusan kang Panjenengané ora duwé dosa didadekaké dosa kanggo kita, kanthi mengkono kita bisa dadi wong-wong bener ing ngarsané Gusti Allah ing sajroné Panjenengané. Kabéh dosa saka jaman ngajaman disangga déning Sang Kristus. Nanging, prekara iku ora ngringkihaké katresnan Sang Kristus utawa ngrusak pakaryak kaselametan Panjenengané. Panjenengané nandhang sangsara paukuman kita, séda kanggo pati kita, lan nyangga paukuman kita.

Ing Getsemani perang batin iku kawiwitan nalika si pangawak dursila ambisiki ing ati Gusti Yésus, nalika kang nyangga kabéh dosa jagat, bakal ditampik lan diipat-ipati déning Gusti Allah. Jiwa Panjenengané ajur awit anggoné pisahan karo Rama Panjenengané. Dibuwang déning Rama Panjenengané kang agawé Gusti Yésus gemeter, awit kapisah saka patunggalan karo Gusti Allah ateges kacilakan lan neraka. Si pangawak dursila malangi dalan Panjenengané menyang kayu Salib kanti pikiran kang medeni marang pati lan mbudidaya supaya nguwasani Panjenengané. Gusti Yésus mlebu ing dasaré guwa peteng lan dadi banget nyedhihaké, malah nganti kaya arep séda. Panjenengané ora mung prihatin awit sédané piyambak, nanging awit patiné kita uga. Panjenengané jumeneng ing antarané dhéwéké kang duwé panguwasa pati, yaiku, Iblis iku (Ibrani 2:14).

Sang Kristus wis mesti pirsa yén para murid wis banget déning kesayahan. Nanging Panjenengan ngersakaké mulangaké marang kita ing kené babagan patunggalan wong-wong suci. Banget déning becik kanggo nggoléki lan anduwéni panyengkuyung saka sedulur-sedulur nalika kita ana ing sajroné kaprihatinan, awit “wong loro luwih becik tinimbang karo ijen” (Kohelet 4:9). Kang dingandikaaké Panjenengané marang para murid, Panjenengané ngandikaaké marang kabéh muride: “”Padha meleka” (Markus 13:37). Ora mung padha melek babagan ngenténi anggoné Panjenengan rawuh manéh, nanging padha melek karo Panjenengané kang ana gayutané karo pakaryan kita saiki.

Sapa kang mangerti jeroné lan agungé panandhang Gusti Yésus? Nyawa Panjenengan lungkrah awit kita, awit Panjenengané bakal pisah saka patunggalan Tritunggal kang Suci supaya bisa nuntun kita mlebu ing sajroning keluwarga Gusti Allah. Sapa kang kudu ngaturaken panuwun babakan panandhang Panjenenané ing sajroné pangorbanan iki? Kepiyé panjenengan mratobat atas dosa-dosa panjenengan supaya bisa manunggal ing sajroné Gusti Allah?

PANDONGA: Gusti Yésus ingkang kinasih, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas raos perih ing panandhang Paduka, lan memuji Paduka atas kasangsaran nyawa Paduka. Paduka sampun mundhut dosa-dosa lan kalepatan kawula, lan manggul paukuman lan bebendu minangka gegentosan kanggo kawula. Sucékaken kawula saking sadaya dosa kawula, lan sucékaken kawula ngangge rah Paduka ingkang suci, awit kawula, kados menapai anggen kawula ngedap-edapi, kawula namung abdi ingkang mboten wonten ginanipun. Kawula mboten saget nglajengaken pepérangan kawula lumawan roh-roh jaman menika. Kawula nyuwun Paduka, Gusti ingkang gesang lan mimpang, supados tansah nuntun kawula ing salebetipun patunggilan kaliyang Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus dadi banget déning prihatin?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)