Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)
3. Gusti Yésus Dijebati Nganggo Lenga (Matéus 26:6-13)MATÉUS 26:6-13 Para raja, para pemimpin imam, lan para nabi dijebati minangka pralambang manunggale Sang Roh Suci supaya ngalimputi wong-wong kanggo tugas kasuwargan iku. Kanthi cara kang padha, sedulur wedok Lazarus, Maryam, dituntun déning Sang Roh suci ngesokaké lenga jebat atas mestakané Gusti Yésus kanggo njebati Panjenengané. Sang Kristus iku Kang Dijebati kang ing sajroné Panjenengané manunggal kabéh kalimputan keAllahan. Anggoné dijebati kanggo nyawisaké anggoné séda iki selaras karo karsané Rama Panjenengané. Prekara iku diwujudi lumantar pangorbanan kang ditindakaké déning wanita kang ngorbanaké bandha kang banget aji ing sajroning uripe supaya ngluhuraké Sang Mesih kang banget disihi. Kita kudu ngati-ati supaya aja nganti duwé penemu kang ora ana gunané kang kita aturaké marang Gusti Yésus, becik déning wong-wong liya uga déning kita dhéwé. Wektu kang kita aturaken kanggo leladi Panjenengané lan dhuwit kang kita enggo kanggo pakaryan Panjenengan ora nglaha tanpa guna. Senajana katoné iku kaya kabuwang ing sajroné banyu waé, kita bakal nampani manéh mengko suwé sakwisé iku (Kohelet 11:1). Para murid duwé pikiran yén lenga kang diesokaké atas mestakané gusti Yésus iku kabuwang tanpa guna. Nanging Panjenengané ngandika maram para murid, “Yen lenga iku diesokaké atas awaké wong mati, selaras karo budaya ing antarané bangsa iki, kowé ora bakal duwé panemu kang ora ana gunane”. Badan kang dijebati Maryam iku wis padha karo mati, lan katresnan kang dituduhaké banget nyata. Awit saka iku, apa kang ditindakaké kudu ditampa minangka cecawisan gegayutan sédané Gusti Yésus lan ora minangka prekara kang ora ana gunané. Para murid Sang Kristus kandha yén lenga kang wangi iku kuduné diedol lan sebanjuré dhuwite diwenehaké marang wong-wong kang mlarat lan ngelih. Nanging, sang Kristus ngalembana kabecikané Maryam kangthi pangalembana ilahi. Panjenengané agawé pelayanan Maryam sumebar ing saindhenging jagat minangka dadi cecawisané kang pantes kanggo anggoné Gusti Yésus disalib lan anggoné bakal kakubur. PANDONGA: Gusti Yésus, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka ngejaraké tiyang setri menika anjebati Paduka ngangge lisah ingkang aji minangka cecawis séda Paduka nggentosi kawula. Kawula ngaturaké panuwun dhumateng Paduka awit Paduka ngengetaken para murid kanthi keras ing wekdal para mruid ningali lisah menika dipun esokaké nanging para murid mboten paham bilih wekdal Paduka sampun dumugi. Paduka sampun mratélakaken dhumateng kawula bilih kawula badhé tansah gadhah tiyang-tiyang mlarat ing sakiwa tengan kawula, lan nyurung kawula supados ngladosi sedhérék-sedhérék menika ing salebetipun asma Paduka. Paduka uga séda kanggé sedhérék-sedhérék menika, nanging sedhérék-sedhérék menika mboten mangertos lan mboten paham. Tuntun kawula supados mitulungi sedhérék-sedhérék ingkang taberi lan ing salebetipun tuntunan Sang Roh Suci kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika saget kapenuhan kasaénan lan katresnan Paduka lan leladi singen kemawon ingkang prelu dipun ladosi. PITAKONAN
|