Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 233 (Consultation against Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

2. Pasekuton Lumawan Gusti Yésus (Matéus 26:3-5)


MATÉUS 26:3-5
3 Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing daleming Imam Agung kang asma Kayafas 4 aprembugan bab anggoné arep nyepeng Gusti Yésus kanthi paekan lan nyedani Panjenengané. 5 Nanging rembuge: “Aja pinuju ing riyaya, supaya aja ndadekaké gegeré wong akéh.”
(Lukas 3:1-2)

Wis ana akéh pirembugan kanggo nyirnakaké Sang Kristus, nanging paserujukan iki luwih ala tinimbang kang sadurunge, awit para pemimpin agama melu cawe-cawe ing sajroné pirembugan iki. Para pangareping imam, kang makili urusan pasamuwan; para pinituwa, kang dadi hakim atas urusan rakyat biasa; lan para ahli Taurat, iku kalebu ahli pranatan, kang kabéh-kabéh mau sawijining juru pitutur Sanhedrin, wis nampik Sang Kristus. Wong-wong iki mbangun pasekuton lumawan Sang Kristus.

Para pemimpin bangsa Yahudi sengit karo Sang Kristus awit Panjenengané melehaké patrap lelamisan lan dosa-dosané lan paring dhawuh supaya wong-wong iki mratobat lan pracaya marang Panjenengané. Senajana mangkono, wong-wong iki ora ngakoni Panjenengané minangka Putra Allah, lan duwé panemu yang Panjenengané iki nyenyamah Gusti Allah. Wong-wong iki sujana lan meri marang Panjenengané awit wong akéh ndhérék Panjenengané. Kaélokan-kaélokan kang ditindakaké Panjenengané nyeksekaké anggoné ngedap-edapi panguwasa Panjenengané. Para pemimpin Yahudi iku dadi nepsu ing sajroné atiné mestani Panjenengané iku tukang goroh, kepanjingan sétan, lan tukang nggodha, lan kanthi sesidheman sekuton supaya bisa nyedani Sang Kristus. Wong-wong iki ketemu ing papané Imam Agung Kayafas, ngrancang kanthi culika supaya bisa nyedani Panjenengané.

Sang Kristus pirsa sekuton kang asipat wadi wong-wong iku lan ngilang saka antarané wong-wong mau. Panjenengané kagungan karsa séda mung ing dina kang wis ditetepaké yaiku ing mangsa Paskah minangka cempening Paskah kang ora ana bandhingané. Panjenengané ngersakaké supaya kabéh wong kang ngerti jalaran lan rancangan apa sebabé Gusti Allah dadi manungsa lan séda selaras karo karsa Rama Panjenengané lan ora awit dirancang para satru Panjenengané.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, Paduka pirsa saderengipun bilih ing wekdal séda Paduka sampun caket, lan pirsa bilih para pemimpin bangsa Paduka badhé masrahaken Paduka supados kasaliba. Nanging, Paduka netepaké supados séda ing wekdal para menda kasembelih ing dinten Paskah, supados nedahaken bilih Paduka cempening Allah ingkang mboten wonten bandhinganipun ingkang nyangga sadaya dosanipun jagat. Para pemimpin menika mboten saget ngujudi rancanganipun, nanging Paduka netepaken jangkah kanggé Paduka piyambak ing dalu ingkang peteng menika. Kawula ngluhuraken Paduka lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit kasucén anggen Paduka bakoh ing salebetipun lampah Paduka tumuju ing kajeng salib.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé golongan Sanhendrin ora bisa nibakaké paukuman kang adil marang Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)