Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 203 (The Fourth Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

6. Pamada kang Kaping Papat (Matéus 23:16-22)


MATÉUS 23:16-22
16 Bilai kowé, heh panuntun-panuntun picak, kang ngucap: Supata demi Padaleman Suci, iku ora absah; nanging kang sumpah demi emasé Padaleman Suci, sumpahé iku nancang. 17 He, kowé wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih wigati, emas apa Padaleman Suci sing nyucékaké emase? 18 Apamanéh sing sapa sumpah demi misbyah, iku ora absah, nanging sumpah demi pisusung kang ana ing msbyah iku kang nancang. 19 Heh, wong-wong picak, endi sing luwih wigati, pisusungé apa misbyah kang nucekaké pisusung? 20 Mulané sing sapa sumpah demi misbyah, iku sumpahé demi misbyah lan uga demi barang-barang kang tumumpang ing kono. 21 Lan sing sapa sumpah demi Padaleman Suci, iku iya sumpah demi Padaleman Suci lan uga demi Kan gadedalem ing kono. 22 apadené sing sapa sumpah demi swarga, iku iya supah demi dhamparing Allah lan iya demi Kang lenggah ing kono.
(Matéus 5:34-37, 15:14)

Sing sapa sumpah kanggo nyengkuyung tembungé dhéwé malah ndadekaké sebab wong jubriya, awit wong iku duwé karep, kanthi sumpahe, nutupi anggoné ora bisa dicekali tembungé dhéwé. Wong-wong Farisi tiba ing sajroné kangelan: Wong-wong Farisi kepéngin nyingidaké anggoné goroh karo cara ngangkat sumpah kang kuwat. Nanging, wong-wong Farisi ora kena nyebut asma Gusti Allah kanthi sembarangan, awit nyebut asma Panjenengané waé wis bisa kaanggep nyenyamah. Awit saka iku wong-wong Farisi kandha yén wong ora kena sumpah demi Pedaleman Allah, nanging piranti emas kang ana ing sajroné pedaleman Allah. Wong-wong Farisi uga duwé anggepan sumpah demi Mesbyah Gusti Allah minangka sawijining kang banget déning nggegirisi. Awit saka iku, wong-wong Farisi mituturi yén korban kang dituku nganggo dhuwit bisa dadi cocok kanggo nglandhesi sumpah. Dadi, wong-wong Farisi netepaké pangadilan atas manungsa, nyurung wong mlebu mrana, sebanjuré nggawa wong ngadoh karo Gusti Allah.

Sang Kristus nyethakaké babagan prekara iki nalika Panjenengané ora marengaké sumpah kanggo nguwataké kayektén, kanthi kandha yén kabéh tembung kita kuduné bener. Ing sajroné pangandikané babagan sumpah saka wong-wong Farisi, Panjenengané ora mbatalaké anggoné ora pareng wong sumpah, nanging Panjengané kagungan karsa ngelingaké kita yén kita duwé tanggung jawab marang Gusti Allah lan dhampar Panjenengané. Panjenengané uga ngandika yén “iya” kita kudu pancen ateges “iya” lan “ora” kuduné ateges “ora”. Banjur kepiyé kita kudu mratélakaké awak kita? Dadi wong kang jujur utawa dadi wong kang apus-apus?

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka menika Hakim ingkang suci. Paduka miwiti pengadilan Paduka kaliyan kawula. Kawula menika pandhérék Paduka, lan Paduka mada tiyang-tiyang lelamisan. Paduka uwalaken kawula saking sadaya watek lelamisan supados kawula saét nebih saking apus-apus, culika, lan gumunggung. Paduka tulungi kawula supados nampi kayektosan Paduka, jujur kagungan Paduka, kasetyan kagungan Paduka. Kawula nyuwun pangapunten Paduka supados saben karingkihan, bodo, anggen kawula mboten mangertos, lan pamratobat kawula ingkang mboten sampurna. Paduka sucékaken kawula supados kawula mboten cilaka, nanging sanjang ing salebetipun patrap jujur lan yektos saben wekdal ing salebetipun kawicaksanan Roh Suci Paduka.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané Sang Kristus ngalahaké prekara sumpah palsu?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:31 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)