Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 255 (The Choosing of an Insurgent)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

21. Kapilihé Wong Kang Penggawé Piala (Matéus 27:15-23)


MATÉUS 27:21-23
21 Sang Wali Nagara paring wangsulan lan ngandika: “Wong loro iku sing endi sing kokkarepaké dakluwari?” Aturé wong—wong mau: “Barabas.” 22 Sang Pilatus ndangu manéh: “Yen mangkono Yésus kang kasebut Kristus iki karepmu dakkapakake?” wong-wong padha matur saur manuk: “Kedah dipun salib!” 23 Pandanguné manéh: “Nanging apa kaluputane?” Ewasamono wong-wong mau saya sora anggoné bengok-bengok: “Kasaliba!”

Sang Pilatus lenggah ing kursi pengadilané kanggo netepaké kang endi saka wong loro tawanan iku kang bisa diculake. Sang Pilatus kagét banget lan dadi nesu nalika wong akéh nguwuh supaya dhéwéké ngeculaké Barabas, kang wis dianggep wong kang berjuang mbudidaya nguwalaké bangsané saka penjajahan, lan ditampa dadi pahlawan gedhé.

Gubernur iku ngreti yén mateni wong kang ora luput babar pisan iku ora becik lan ora wicaksana, lan awit saka iku dhéwéké ngejaraké wong-wong Yahudi kanggo gawé putusan. Kanthi mengkono, dhéwéké mbudidaya mitulungi Gusti Yésus kanthi nggugah rerasan kang asipat agama wong iku lan nyebut Panjenengané minangka ‘kang diarani Sang Kristus”.

Sebanjuré tembung kang banget déning nggegirisi keprungu kang kawitan pisan, “Kasalliba Wong iku!” Para imam nyurung wong akéh kanggé nguwuh omongan kang padha.

Nalika Gusti Yésus kawitan pisan mlebu menyang Yerusalém, ana akéh banget panguwuh pujian, nganti wong bisa uga duwé pikiran yén ora bakal Panjenengané duwé satru. Saiki nalika Panjenengané diajokaké marang kursi pengadilan Pilatus, nguwuh sesatron ngono anggepané kanthi mengkono wong bisa uga duwé pikiran yén Panjenengané ora bakal duwé kanca.

Sang Pilatus banget déning gregeten awit tuntutan wong akéh bakal nyalib tanpa sebab ora mung awit prekara iku ora adil lan ora bener, nanging prekara iku uga bisa dadi jalaran kena paukumané hakim kang gawé putusan kanthi cara ora adil iku. Sang Pilatus njaluk supaya wong-wong Yahudi mbuktekaké kaluputan kang didakwa, nanging wong-wong ora bisa nuduhaké yén Panjenengané wis nindakaké kaluputan. Wong-wong malah nanggapi kanthi nganakaké rerusuh, panguwuh kang keras lan ngumandang kang kanda, “Kasaliba Wong iku! Kasaliba Panjenenge!”

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka menika Sang Kristus ingkang sejatos. Paduka kendel kemawon ing ngajengipun tiyang kathah, nyarasaken sesakitipun, maringi gesang dhumateng ingkang pejah, lan nundhung roh-roh awon saking salebeting manah lan badanipun. Sinaosa kados makaten, tiyang-tiyang menika mboten ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas kaélokan ingkang ageng menika. Tiyang-tiyang menika mboten mbela Paduka, malah sengit dhumateng Paduka. Tiyang-tiyang menika ajrih dhumateng anggenipun ningali tiyang kathah, dados ajrih babagan kaculikan para imam kepala, lan milih kanggé nyalibaken Paduka lan menjahi Paduka lan mboten ngadhepi anggenipun mboten setya dhumateng bangsanipun piyambak. Paduka pitulungi kawula supados mboten nyelaki Paduka ing waktu katempuh pancobaan. Paduka tuntun kawula kanggé nyukani paseksen ingkang wicaksana babagan Paduka kanthi makaten kawula saget njagi kaagungan Paduka ing tengah samukawis apus-apus, raos sengit lan raos getir ing manah. Paduka tulung kawula supados kawula tansah setyo dhumateng Paduka ing salebetipun panguwasa sih rahmat Paduka.

PITAKONAN

  1. Nganti kepiyé anggoné wong Yahudi gagal ing pambudidayané ménéhi bukti kang asipat politik kang cetha kanggo ngukum Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)