Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- English -- Matthew - 227 (The Lord Rewards the Faithful)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- ENGLISH -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- Javanese -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS
13. Pasemon Ngenani Talénta (Matéus 25:14-30)

b) Gusti Maringi Pituwas marang Wong-Wong kang Setya (Matéus 25:19-23)


MATÉUS 25:19-23
19 Sakwisé antara lawas bandarané batur-batur mau mulih, banjur etung-etungan. 20 kang tampa limang talénta ngaturaké bebathen limang talénta, ature: Bandara, kula panjenengan cepengi gangsal talénta; lan punika kula angsal bathi inggih gangsal talénta. 21 Wangsulané bandarane: Becik banget pagawéanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowé wis ngatonaké tumemenmu tumrap prakara sapele, kowé bakal dakpasrahi nindakaké prakara gedhé; mara, lumebua lan melua ngrasakaké kamuktening bandaramu.22 kang tampa rong talénta banjur matur: Bandara, kula panjenengan pasrahi kalih talénta; lan kula angsal bathi kalih talénta. 23 Wangsulané bandarane: Becik banget pagawéanmu iku, heh, batur kan becik lan tumemen; kowé wis ngatonaké tumemenmu tumrap prakara sapele, kowé bakal dakpasrahi nindakaké prakara gedhé; mara, lumebua lan melua ngrasakaké kamuktening bandaramu.
(Matéus 24:45-47).

Gusti Allah kasingitan lan adoh saka kita awit anggon kita dosa. Kita ora bisa ndeleng Panjenengané utawa wanuh Panjenengané kanthi cara kang pas, nanging ati kita ngorong marang sumber panguripan kita. Sadaya agama mratélakaké rasa ngorongé marang Kang Nitahaké Pribadi-pribadi kang ora ngorong Panjenengané mesti waé lagi lara kanthi cara kasukman.

Ing sajroné katresnan Panjenengané Gusti Allah kang ngersakaké kita luwih saka rasa ngorong kita marang Panjenengané. Panjenengané mratélakaké sarira Panjenengané marang kita lumantar para abdi Panjenengané para nabi kang setya, Putra Panjenengané kang kinasih, lan pungkasan dhéwé, ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci. Anggoné rawuh Sang Kristus kanggo ngadhili jagat iki lan nylametaké para pandhérék Panjenengané. Kita duwé pengarep-arep anggoné rawuh sang Juru selamet kita. Kita ora wedi marang Panjenengané nanging malah duwé rasa kangen Panjenengané kang wis séda kanggo kita.

Sodagar iku wong kang sakwisé milih usahané mbudidaya kanthi tememen nyinau jinis usaha kang dipilih lan wis disinau. Dhéwéké sebanjuré bakal nandur modal yaiku kabéh kang diduwéki kanggo majuné usaha iku, gawé kabéh urusan liyané nomor loro, lan urip saka batiné anggoné usaha. Dadi, wong kristen kang bener bakal atindak ing sajroné pagawéan imané. Kita ora duwé barang-barang lan modal kita dhéwé kanggo kita dadekaké usaha dedagangan, nanging usaha kang kita tindakaké yaiku apa kang dadi darbek bendara kita. Kabéh kabisan mikir, akal budi, kalantipan, kabisan sinau, kudu dienggo ing sajroné leladi kasukman iku. Kabéh kasenengan jagat, omah, dhuwit, anakan, panguwasa, hak, kudu ditingkataké kunjuk kaluhurané Sang Kristus. Patunggalan karo Gusti Allah dikuwataké nalika Injil, Alkitab, para abdi Gutsi lan sakramen kang ana dienggo selaras karo tujuwané. Nugraha lan ganjaran Sang Roh Suci dienggo. Usaha iki yaiku nggedhékaké talénta kita.

Abdi Sang Kristus kang setya cenyawisaké awaké ketemu karo gustiné. Para abdi mau nyawisaké awaké, lan nikelaké ganjaran Sang Roh Suci lumantar paseksené cara uripe, paweweh lan anggoné tumindak alandhesan katresnané. Kabéh wong pracaya dadi banget sugih awit Sang Roh Suci saka Gusti Allah manunggal ing sajroné awake. Ana ngendi waé ngedum panguwasa iman panjenengan déning Sang Juru selamet panjenengan marang wong-wong liya lumantar paseksen, panguripan kang kasinungan Rama kasuwargan panjenengan, kang panjenengan dipratélakake. Nanging dudu panjenengan kang bakal nylametaké uwong saka kabéh dosané nanging pangandikané Allah, yaiku panguwasa kang ana ing sajroné panjenengan lan makarya lumantar panjenengan. Kanthi ngedum nugraha iku marang wong-wong kang isih ilang yaiku panjenengan golék kaluhuran lan pikurmatan saka Gusti Allah.

Sang Kristus ora bakal ngadhili panjenengan alendhesan kapinteran, kekuwatan otot, utawa ayuné rupa panjenengan. Sang Kristus, Hakim iku, ora ngadhili atas landhesan kabisan alami panjenengan nanging atas landhesan kasetyan panjenengan ing sajroné leladi. Wong kang ora duwé pendidikan bisa uga luwih setya ing sajroné leladi tinimbang karo panjenengan. Yaiki sebabé ing suwarga, wong iku katon luwih éndah tinimbang karo panjenengané senajana panjenengan duwé ganjaran kasukman luwih gedhé. Aja dadi gumunggung, nanging tetap makarya tumemen kanggo Kratoné Allah, lan takokaké marang Ratu panjenengan, kanthi andhap asor, sadurungé Panjenengané rawuh, “apa kang Paduka kersakaken kanggo kawula tindakaken?” Sebanjuré Sang Roh Suci badhé nuntun panjenengané dhumateng tiyang-tiyang ingkang kepéngin nampeni katresnan lan Injil. Apa panjenengan setya, ladeni Gusti dikaya pimpinan Sang Roh Suci marang panjenengan kanthi mengkono panjenengan bisa dum kineduman kanthi lipet-lipet lan martakaké kanthi jembar berkah-berkah Panjenengané.

Iman panjenengan bakal diparingi pituwas ora mung ing donya iki waé, nanging ing suwarga nalika panjenengan nyawang Sang Rama ing sajroné kabéh kaluhuran Panjenengané. Wong-wong suci ing Swarga ora nganggur, nanging diparingi tambahan tanggung jawab déning Gusti Allah; melu cawe-cawe ing sajroné kawikcanan, kaluhuran lan kabungahan Panjenengané.

Aku tepung sawijining ibu kang mlarat, lan ora duwé pendidikan uga ora duwé talénta seni; nanging ibu maju ndedonga, ngidung, ngluhuraké Allah lan nyambut gawé tumemen kanggo nyengkuyung keluwargané. Ibu mau nggedhéké putra-putrané ing sajroné wedi asih marang Gusti Allah, lan banget sabar nalika ganjaran kasukmané ditikelaké ing sajroné para putra Panjenengané. Awit kasetyané kanthi apa kang dadi duwéké, Gusti Allah bakal maringi pituwas kanthi cara pribadi. Apa panjenengan wis dadi keperengé gusti Allah awit anggoné panjenengan andhap asor lan setya?

PANDONGA: Rama kang suci, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka maraingi kawula kathah ganjaran kasukman, lan adamel kawula nyekapi syarat kanggé panguripan langgeng lumantar rah putra Paduka. Kawula ngluhuraken Paduka, ngluhuraken Paduka, lan nyuwun Sang Roh Suci kanggé mberek kawula ngakeni ing salebetipun tembung lan patrap ganjaran kasukman ingkang Paduka paringaken dhumateng kawula kanthi makaten kathah tiyang badhé binerkahan lan kasaénan Paduka bakal dipun tingali ing salebetipun negari kawula. Paduka teguhaké kawula ing salebetipun kasetyan, kawicaksanan, lan patrap andhap asor kanthi makaten Paduka badhé kepareng atas peladosan kawula lan kanthi woh-woh kasukman saking panguwaos Paduka ing salebetipun gesang kawula.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti mundhut talénta saka abdi kan ala iku lan maringaké marang abdi kang kasil?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)