Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
5. Pangajeng-ajeng saking putra-putranipun Yakub (Rum 11:1-36)
e) Panembahipun sang rasul (Rum 11:33-36)RUM 11:33-36 Paulus nyumelangaken bab kawontenanning rohaninipun bangsa Yahudi, nanging ugi saos sokur lan pamuji tumrap tiyang-tiyang Yahudi ingkang wiwitan pitados wonten ing Yerusalem. Piyambakipun ngluhuraken Ingkang Maha suci karana ngrembakaning cacahipun tiyang pitados saking bangsa-bangsa sanes, lan raos sumelangipun dados saya suda awit sihipun Allah ingkang luber. Piyambakipun ngakeni kamirahanipun Allah, nanging ugi boten nyelaki paukumanipun. Paulus nyipati sihipun ingkang maha kawasa, pitados dhumateng marginipun Allah ingkang ewed dipun jajagi, nanging wekasanipun nyekseni bilih “Allah anglangkungi pamawas kita. kita pracaya marang Panjenengane lan mapanake pikiran kita manut ing karsane” (Yes. 40:13). Binerkahana tiyang ingkang sumuyud dhumateng Gustinipun kanthi setya, mulyakaken Panjenenganipun, lan ngucap sokur dhumateng Panjenenganipun, karana Piyambakipun tepang dhumateng Ingkang Maha suci wonten ing sih katresnanipun. Rohing kayekten nuntun Piyambakipun tumuju dhumateng lebeting karohanen, lan dhumateng pangraos tumrap bab agunging kanugrahaning rohipun. Ing perangan kalih saking payangipun, Paulus tumapak dhumateng perangan pungkasan lan rancangan tujuanipun. Piyambakipun ngakeni wangkoting manahipun putra-putra Yakub, lan mangertosi jalaranipun inggih punika anggenipun boten pitados lan nglawan karsanipun Allah; Paulus boten nyelaki kasunyatan punika. Piyambakipun ugi ngiyataken tiyang-tiyang Kristen Yahudi, lan ugi tiyang-tiyang sanes ing Rum, bilih Allah bade nampi tiyang-tiyang punika sepisan malih awit kamirahanipun ingkang tanpa wates. Nanging Gusti ugi “mancing” tiyang-tiyang Yahudi lumantar tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi, kanthi nedahaken sih katresnan, watak andhap asor, kasucen lan paladosanipun ing Anatolia, lan nuntun tiyang-tiyang punika dhumateng peladosan kanthi panyambut damel sesarengan lan kasetyan. Nanging kasunyataning lelampahan malah lelawanan kaliyan ingkang dipun pikajengaken dening Paulus. Paulus piyambak dados kurban wiwitan saking sengitipun tiyang-tiyang Yahudi. Piyambakipun dipun pejahiing Rum dedasar pitnahipun tiyang-tiyang Yahudi. Paulus ningali wontening panampik dhumateng Piyambakipun lan injilipun, sarta mbaleni kayekten punika dhumateng tiyang-tiyang Yahudi, kados ingkang nate dipun dawuhaken nabi Yesaya. Piyambakipun nyerat “Mekaten: ‘Paranana lan kandhaa marang bangsa iki: Kowé bakal padha krungu, nanging ora ngerti. Kowé bakal padha nggatèkaké, nanging ora ngerti apa sing kelakon.Sebab pikiranmu kuwi kethul, kupingé wis dipepeti nganti padha dadi budheg, lan mripaté padha dieremaké, nganti dadi wuta. Saupama ora mengkono, mripaté rak bisa ndeleng lan kupingé rak bisa ngrungokaké, lan pikirané rak bisa ngerti, temah banjur padha mratobat lan Dakwarasaké.’ ” Rasul Paulus banjur mbacutaké paseksiné: “Andadosna ing pangertosanipun para sedhèrèk sedaya, bilih pawartos kawilujengan peparingipun Gusti Allah menika samenika sampun kawartosaken dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi, lan tiyang-tiyang wau sami remen mirengaken!” Sawisé Rasul Paulus muni mengkono, wong-wong Yahudi mau nuli padha bubar, lunga saka kono karo padha padu dhéwé. (Pr. Ras 28:26-29). Paulus mapan ing lebeting pakunjaran ing Rum sawatawis taun dangunipun karana pangadilan Agami Yahudi dhumateng Piyambakipun (Pr. Ras. 23:1-28:16). Awit saking sengit lan lelawananipun tiyang-tiyang Yahudi, temahan Paulus kedah ngawonten lelampahan dhumateng Rum ing papan Sang Kaisar pribadi dados hakim kagem Piyambakipun (Pr. Ras. 27:1-28:16). Anggenipun dipun kunjara pancen boten awrat, awit pangerehing Rum ngidini Paulus mawartosaken Injil dhumateng sintena kemawon ingkang purun mirengaken. Sawatawis tiyang Yahudi ing Rum manjing pitados, dene saperangan ageng saking para pinisepuh lan guru-guru boten purun nampi piwulangipun, nanging malah nganggep kekristenan punika piwulang ingkang nyasar saking agami Yahudi (Pr. Par 28:22). Tiyang-tiyang punika nggadhahi pangreh/ pengaruh ingkang ageng dhumateng para hakim, malah ngantos sasampunipun Paulus dipun sedani. Raos sengitipun bangsa Yahudi dhumateng rasul Paulus sampun dumugi ing mbun-mbunan, nanging layang-layangipun Paulus sampun ngrembaka tanpa wonten alangan. Malah ngantos dinten punika, layang-layangipun punika ndamel tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang sanes Yahudi ingkang boten saged kaetang cacahipun dados pitados dhumateng Sang Kristus. Cetha sanget bilih Paulus ingkang gesang ing Sang Kristus, lumampah wonten ing amenanganipun Sang Kristus ngantos pungkasaning jaman. PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka sesarengan klayan Rasul Paulus. Kawula mulyakaken Paduka amargi saking sih katresnan lan ugi duka Paduka, muji asma Paduka amargi saking sih katresnan lan pengadilan Paduka, asukarena amargi saking margi Paduka ingkang wicaksana lan kanugrahan Paduka ingkang kebak kasetyan. Kawula ugi ngucapaken panuwun amargi sampun mbekta kawula mlebet wonten ing sang Kristus, saéngga kawula saged dados putra-putranipun Paduka ingkang Paduka tresnani. PITAKON:
KUIS - 3Sedhérék ingkang kinasih,
Kawula sanget ngajengaken panjenengan kersa ngrampungaken pasinaon saking serat Rum supados panjenengan nampi bandha karohanén ingkang langgeng. Kawula ngentosi wangsulan panjenengan lan tansah ndedonga kangge panjenengan. Alamat kawula inggih menika : Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |