Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Romans - 006 (Paul’s Desire to Visit Rome)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

b) Kekajenganipun Paulus kanggé tindak dhumateng Rum (Rum 1:8-15)


RUM 1:8-12
8 Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku marga dening Gusti Yesus Kristus ing ngatase kowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing sajagad. 9Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gmolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku: 10 Aku nyenyuwun, muga-muga marga saka karsane Gusti Allah ing wekasane aku bisa oleh dalan niliki kowe kabeh.11 Awit aku kapengin ketemu kowe, prelu ngwenehi ganjaran kasukman, murih undhaking kasantosanmu, 12 yaiku, supaya aku ana ing antaramu melu kalipur dening pracaya kita, iya pracayamu, lan iya pracayaku.

Paulus mireng prekawis kathah ngingingi pasamuwan ing Rum, pinanggih kaliyan sawatawis warga pasamuwan menika ing lelampahanipun mawartosaken Injil, lan nyipati bilih imanipun leres, gesang lan diwasa. Piyambakipun saos sokur sanget dhumateng Allah tumrap mukjijat menika, karana pigesangan Kristen menika pancen dados mukjijat saking pirukun wonten ing Sang Kristus, ingkang sayektosipun pantes kita saos sokur. Dhateng pundia satunggaling kelompok lelados ing Allah lan Sang Putra wonten ing Roh Suci, tiyang-tiyang menika kedah manembah dhumateng Allah, memuji asmanipun, sarta tansah bingah wonten ing Panjenenganipun siyang kaliyan dalu.

Paulus nyebut minangka “Allahku”, kados-kados Panjenenganipun namung Allahipun piyambak. Piyambakipun mangertos bilih jiwanipun kaiket dhumateng Allah kanthi prajanjian enggal, lan piyambakipun tresna dhumateng Allah kanthi tulus. Nadyan piyambakipun nggadhahi sesambetan ingkang raket sanget, piyambakipun boten ndedonga dhumateng Allah ingkang mulya menika migunakaken naminipun piyambak, lan namung wonten ing Sang Kristus, karana piyambakipun mangertis bilih sadaya panyuwun lan panuwun sokur kita, boten pantes kaunjukaken dhumateng kamulyanipun Allah. Sadaya osiking manah kita perlu dipun murnikaken dening rahing Gusti Yesus. Srana pemurnian menika kita saged ndedonga dhumateng Allah, ingkang maringaken Rohipun temah Asmanipun kasucekaken minangka Sang Rama lan kita manembah dhumateng Panjenenganipun kanthi sukarena. Sadaya abdinipun suci kagem Allah, lan sedayanipun dados kagunganipun selaku abdi saking sih katresnanipun.

Isi paladosanipun para abdi inggih menika Injil. Kita ningali ing ayat setunggal serat menika bilih Paulus nyebut Injil menika Injilipun Allah, dene ing ayat 9 kita maos “Injilipun Kang Putra.” Ingkang dipun pikajengaken wonten ing istilah menika inggih bilih kabar karahayonipun Allah menika gumantung dhumateng sejatining Putranipun Allah. Sadaya raos pangraosipun Paulus mapan ing kawontenanipun Sang Kristus minangka Kang Putra lan Allah minangka Sang Rama. Sinten ingkang temen-temen nyelaki Injil menika lan kanthi sengaja nampik sadayanipun kaereh ing wewelak.

Paulus gesang ing salebeting sesambetan lan patunggilan ingkang raket sanget kaliyan Sang rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Piyambakipun nyebataken tetunggilipun Tritunggal ingkang Suci kangge nelakaken bilih piyambakipun tansah menggalih pasamuwan ing Rum, ndedonga kagem para warganipun. Rasuling para bangsa menika boten kesupen dhateng pasamuwan menika nadyan piyambakipun kagungan kathah tanggel jawab, lan ndedonga kanthi setya kagem sadaya warga pasamuwan menika. Boten wonten pangen ingkang setya utawi imam ingkang kaereh dening pangwasaning Roh Suci, kajawi lumantar pandonga ingkang tekun. Ing ngriku wonten pangwasa ingkang sumunar. Dhasaripun mesthi wonten sih katresnan, pandonga lan krenteging manah kagem Allah lan manusa.

Mataun-taun Paulus ngendhem pepenginan kangge nuweni pasamuwan ing Rum, mliginipun ing mangsa ingkang kasebut “saiki”, inggih menika mangsa paladosanipun ing Anatolia, Makedonia lan Yunani. Piyambakipun ningali bilih sampun titi mangsanipun nuweni Italia.

Nanging piyambakipun boten netepaken lelampahanipun namung miturut pepenginan lan rancanganipun piyambak. Piyambakipun tansah mbudidaya rancanganipun cundhuk kaliyan karsanipun Allah, mawi tetimbangan kasunyatan bilih rancanganipun manusa tanpa cundhuk kaliyan karsanipun Allah, mesthi badhe gagar wigar tanpa karya, nuwuhaken kuciwa lan karibedan. Paulus boten dipun reh dening pepenginan lan pikajengipun piyambak, nanging ngrancang sadayanipun wonten ing pitedahipun Rama kaswargan.

Ewa samanten, pamiturutipun menika boten ngendhegaken pepenginanipun ingkang lebet kangge nuweni pasamuwan ing Rum, ingkang dereng nate dipun tuweni. Piyambakipun rumaos kapenuhan ing Roh Suci. Piyambakipun kados gunung api ingkang nyemburaken pangwasanipun Allah dhateng sadhengah papan. Awit saking menika, piyambakipun kepengin ngrangkul pasamuwan ing Rum dados rowang damel ing pangwuaos ingkang dipun paringaken dening Sang Kristus, temah greja saged katangekaken, kacawisaken kangge paladosan, kakukuhaken ing katresnan, iman lan pangajeng-ajeng ingkang yektos. Menika satunggaling rancangan paladosan lan tujuan ingakng utami saking tumindakipun: supados tiyang-tiyang pitados saged kateguhaken. Paulus boten nedya lumebet ing Rum minangka penyumbang ingkang ageng, nanging kanthi andhap asor piyambakipun nyerat bilih piyambakipun badhe dumugi kangge peparing, nanging kangge nampi srana mireng lan ningali. Piyambakipun tumindak makaten supados saged ngalami menapa ingkang katindakaken dening Allah kanthi nyata tanpa piyambakipun wonten gesangipun para tiyang pitados ingkang wonten kitha menika supados piyambakipun saged kateguhaken sesarengan kaliyan para rasul lumantar paseksinipun bab Sang Panglipur menika dhateng tiyang-tiyang suci ingkang wonten ing Rum.

Paulus ugi nyekseni bilih piyabakipun boten rawuh kanthi iman ingkang enggal, nanging kanthi kayakinan, wawasan lan pangwaos ingkang sami ingkang makarya ing gesangipun tiyang Kristen ingkang sejati, inggih peranganing sariranipun Sang Kristus sacara rohani. Sinten ingkang ngucap bilih wonten greja langkung saking satunggal, menika goroh, karana Roh Suci menika tunggal, Sang Kristus menika tunggal, lan Sang Rama menika ugi tunggal. Ing pundia tiyang-tiyang Kristen menika tetunggilan, menika tetunggilan minangka para putranipun Allah Sang Rama ingkang tunggal, nadyan boten sami tepang satunggal lan setunggalipun. Tiyang-tiyang menika bingah sanget, pinanggih ing patunggilan, karana lair saking Roh ingkang sami, dados peranganipun satunggal kulawarga ingkang sami, lan katunggilaken ingkang wewaton lan kapentingan ingkang sami.

PANDONGA: Kawula sedaya manembah dhumateng Paduka, Rama, amargi Paduka sampun ngempalaken jemaat Paduka saking saindering jagad punik, neguhaken jemaat sarta ngebaki jemaat klayan kakiyatan saking Paduka piyambak. Ajarana kawula sami ndedonga kanggé sedhérek-sedhérek wonten ing pundi kémawon. Matur nuwun kanggé sedaya putra-putra Paduka kang tuhu setya, amarga sedaya tiyang ingkang kalairaken saking Roh Suci menika mujizat. Bukakan mripat kawula supados saged sami tepang lan nresnani, sarta asukarena ing ngarsa Paduka. Paringaken dhumateng kawula kawicaksanan sarta pangauran saénga patunggilan kawula sedaya saged malimpah lan karumat wonten ing sih katresnan Paduka, sarta supados kawula boten nebih saking patunggilan klayan Paduka, putra Paduka sarta klayan Roh Suci.

PITAKON:

  1. Menapa sababipun Paulus tansah ngucapaken panuwun dhumateng Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 10:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)