Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)
11. Wong Wuta Cacah Loro lan Wong Bisa Disarasaké (Matéus 9:27-34)MATÉUS 9:27-31 Janji kang digawé marang Dawud, saka turuné bakal teka Sang Mesih, wong-wong ngreti banget, lan awit saka iku Sang Mesih asring disebut “anak Dawud”. Ing jaman Gusti Yésus ana pengarep-arep kang gedhé bab tekané Sang Mesih. Wong loro kang wuta iku ngerti lan mratélakaké ing dalan kutha Kapernaum, Panjenengané wis rawuh lan Gusti Yésus iku Sang Mesih, kang nuduhaké kaluputan lan dosa lan para imam kepala lan wong-wong Farisi kang lumawan Panjenengané. Wong loro kang wuta iku ora bisa ndeleng Gusti Yésus lan kaélokan kang ditindakaké Panjenengané nanging kanthi kapiyandelané wong loro mau ndeleng luwih saka apa kang dideleng wong-wong kang ora wuta! Sang Kristus gesang ing antarané wong-wong Yahudi, nanging mung sethithik ing antarané wong-wong mau kang tepung Panjenengané minangka jejeré Sang Mesih, awit akéh-akéh wong-wong mau duwé pengarep-arep tekané Juru selamet kang asipat politik. Awit saka iku, wong-wong iku tetep wuta senajana mripate melek lan bisa mikir. Dina iki, akéh wong-wong taat marang agama lan pinter mikir yén wong-wong mau tepung Gusti Yésus, nanging ora bisa ngerti anané kasucén Panjenengané. Wong-wong mau ora wanuh roh kang maringi tentrem Rahayu ing sajroné atiné. nanging, wong loro wuta iku pracaya yén Gusti Yésus iku tedhak turuné Rama Abraham, Panjenengané Ratu ilahi kang diprasetyakaké ing sajroné Prajanjian Lawas (2 Samuel 7:12-14). Wong wuta loro mau nguwuh kanthi suwara kang seru nyuwun marang Gusti Yésus marasaké wutané nanging Sang Kristus ora banjur nanggapi, awit Panjenengané ngersakaké ndadar kapiyandelané. Wong wuta loro mau lulus saka pendadaran iku, ndhérék Gusti Yésus lan tetap cedak karo Panjenengané nganti wong loro mau tekan ing sacedhaké omahé Petrus lan tetap nguwuhaké panyuwuné. Sebanjuré Sang Kristus ngajeni semangate wong loro mau kanthi nyethakaké kapiyandelané lumantar panguwasa Panjenengané. Panjenengané ndangu apa wong-wong iku temen-teman pracaya yén Panjenengané bisa marasaké lan nylametaké, lan apa kita ngalamataké panyuwun kita marang Panjenengané kanthi tinarbuka lan lugu senajana ana pambengan ing sakiwa tengen kita? Sakwisé mratélakaké kapiyandelané Sang Kristus ndumuk mripate nganggo asta Panjenengané lan wong loro mau ngrasakaké katresnan Panjenengané lan panguwasa kesarasané. Wong loro mau kawitan nyawang Panjenengané. Ndeleng Gusti Yésus iku rasa ndudut atiné kang jero. Wong loro ngerti yén Panjenengané Sang Juru selamet lan Ratu kang Maha Kuwasa, lan imané ngasilaké pandelengan kasukman kang bener. Cukup anéh Gusti Yésus nyegah wong loro mau ménéhi ngerti bab kasarasané awit Panjenengané ora ngersakaké wong akéh sowan marang Panjenengané margo kaélokan kang ditindaké Panjenengané. Tujuwané yaiku kanggo yasa ing sajroné ati para pandhérék Panjenengané iman kang dilandhesi marang pamratobat luwih dhisik, supaya atiné dirubah, pikirané dianyaraké lan wong-wong iku bisa kamerdekakaké saka wuta kasukman lan mlaku kanthi eling ing sajroné pepadhangé Allah. Apa katresnan Gusti Yésus dadi jalaran panjenengan nampani tetingalan kasukman kanggoné panjenengan? Utawa panjenengané isih urip adoh saka Panjenengané ing sajroné pepeteng lan tanpa keselametan? PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, Rama kasuwargan, awit sampun mbika mripat kawula kanthi sih rahmat kanthi makaten saget ningali Paduka lan nresnani Paduka. Kawula dadi para putra Paduka awit iman, kersanipun kawula terus wonten ing salebetipun katresnan Paduka supados tepang kaluhuran Paduka lan sujud ing ngarsa dhampar nugraha Paduka supados ndongakaké tanggap tepalih lan mitra kawula, kanthi mekaten Paduka saget ngaras lan nyarasaké sedhérék-sedhérék ugi mbikak mripat lan manah sedhérék-sedhérék kalawau supados ningali Paduka lan ngraosaken rahmat lan katresnan Paduka. PITAKONAN
|