Previous Lesson -- Next Lesson
6. Para Murid Kaparingan Dhawuh Martakaké Injil Marang Kabéh Titah (Markus 16:15)
MARKUS 16:15
15 Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabéh, Injil wartakna marang sakabéhing tumitah.”
Kaya ngapa ngédab-édabine dene Gusti Yésus paring dhawuh marang para murid kang tukang sambat lan durung wayahe diparingi tanggung jawab iku kadhawuhan martakaké Injil ing saindhenging jagat. Sawetara wektu sadurunge nampa timbalan iku, Gusti Yésus ndukani para murid awit anggone ora pracaya lan uga awit wangkote atiné, lan sawisé ndukani para murid banjur maringi tanggung jawab martakaké Injil ana pundhaké lan dadi timbalan ing atine. Kaya apa gedhéne panglipuran kanggo kita nalika kita ndeleng Panjenengané kang wis wungu saka séda iku ora mung ngutus wong-wong kang becik lan wong-wong kang kuwat secara kasukman kanggo ngalahaké roh-roh kadonyan lan martakaké pawarta becik ing saindhenging jagat, nanging Panjenengané nampani uga wong-wong kang jireh, kalah, lan cilik imané!
Bisa disemak ing kene yén para rasul sinau saka timbalan kang luwih-luwih iki. Para murid ora bisa nindakaké kabecikan apa waé kunjuk Gusti Allah, lan Gusti Allah waé kang makarya lumantar karingkihane. Para murid uga mangerti yén kayektén pribadi para murid wis mati lan negatif, lan para murid wangkot atine uga ora bisa ngerti wungune Sang Kristus saka séda, lan uga ora pracdaya marang kamenangan Panjenengané, lan malah para murid wis nampik paseksi saka para seksi kang ndeleng kanthi mripate dhéwé.
Nanging, Panjenengané kang Gesang iku kebak sih kawelasan marang para murid. Panjenengané mratélakaké sarirané ing tengah-tengah para murid, lan ngyakinaké para murid anggone gesang lan bener-bener nyata lan bisa dirasakake. Panjenenané ngandika karo para murid supaya mbeneraké para murid lan katresnan Panjenengané nguwataké, nglipur lan amberkahi para murid. Panjenengané ngalimputi para murid karo Injil Panjenengané. Panjenengané piyambak Injil iku, lan Panjenengané waé punjering pawarta para murid.
Panjenengané ngandika marang para murid mengkené, “Aja terus kalimputan rasa wedi, nanging mbudidayaa demi asma-Ku. Aja malah kanggo awaké dhéwé, nanging maju goléki wong-wong kang ora mbok kenal ing sakiwa tengenmu. Aja ngumpul mung karo wong tunggal pracaya waé, nanging goléka wong-wong kang becik utawa kang ala. Golékana wong-wong kang sekolah utawa wong kang durung melek aksara. Golékana wong kang mlarat uga wong-wong kang sugih awit wong-wong iku wis mati krana dosa. Ora ana manungsa kang bener saka awaké dhéwé. Kabéh manungsa mbutuhaké banget pangapura saka Cempéning Allah. Ora ana titah kang urip ngango kekuwatané dhéwé waé. Wis katetepaké kabéh manunga bakal mati, nanging wong-wong kang pracaya marang Putra Allah bakal duwé urip langgeng. Putra Allah waé kang duwé pangandikan: “Aku iki Patangen lan urip, sing sapa pracaya marang Aku, wong iku bakal urip sinadyana wong iku wis mati, lan saben wong kang urip lan kang pracaya marang Aku, ora bakal mati salawas-lasawe. Apa pracaya panjenengan gegayutan prekara iki?”
Anggone Gusti Yésus ngatingal, kang wis wungu saka anggone séda, agawé para murid dadi seksi babagan kayektén. Nalika iku para murid ora ngreti makna saka anggone séda lan kayektén saka karukunan kang ditindakaké Panjenengané, nanging para murid bisa nyakep tenan yén Gusti Yésus iku gesang lan ora séda. Kayu salib dudu pungkasané kanggo Gusti Yésus, awit Panjenengané wungu lan metu saka ing sajroné kubur Panjenengané. Panjenengané iku kang menang, lan bilahi babar pisan ora duwé panguwasa atas Panjenengané.
Awit kapitayan kang diparingaké iki, para murid gawé putusan metu menyang donya kang kebak dosa, lan metu saka pepinginan daging, donya kang lagi tumuju bilahi, lan para murid mratélakaké katresnan Allah kang nyata ing sajroné Sang Kristus. Injille ora duwé tujuwan nggayuh prekara-prekara kadonyan, lan uga ora dadi kaya Sang Nata agung kang gumantung marang akéhe kamenangan ngango prajurite, utawa kang dipilih sapa kang mengkono bakal duwé panguwasa, nanging Injil iku Injil kang asipat ilahi, kang isine pawarta kanggo kabéh titah. Gusti Allah maringaké gesang Panjenengané ing salebeting Sang Kristus marang saben wong kang pracaya. Pati ora manéh pukangsan sakabéhe. Pengarep-arep kang tuwuh ing sajroné ati saben wong kang pracaya marang Gusti Yésus.
Para rasul ngrasakaké jembar, dawa lan jerone kraton Allah. Para murid nggatekaké wiwit wiwitan saka titah kang anyar, kang uga ngalimputi kewan, tetuwuhan, karo atom-atom lan lintang-lintang. Jagat raya ing sajroné apa kang katitahaké kang anyar dinyatakaké ing sajroné Panjenengané kang wis wungu saka séda. Awit saka iku kabéh titah kudu dianyaraké kanthi panguwasa gesange Allah. Sang Putra wis ngrukunaké donya kang ala karo Gusti Allah, lan awit saka iku Panjenengané kagungan hak lan panguwasa kanggo mbangun titah kang anyar, nganyaraké jagat raya, lan nyingkiraké pati, dosa lan Iblis. Dhuwit, bandha, lan panguwasa kang sipat kadonyan cocok banget kanggo wong-wong kang tujuwan uripe nalingsir karo Injil. Gesang Sang Kristus iku patuladan lan tujuwan pungkasan saka wong-wong kang pracaya marang Panjenengané. Sinaunen pangandikané Allah, lan pahami hakikat Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa ngreti makna lan tujuwan saka anggone leladi Injil iku dhéwé.
Apa panjenengan isih urip ing sajroné dosa lan lagi tumuju ing bilahi? Sang Kristus wis wungu saka séda. Panjenengané nimbali Panjenengané, kang isih mangu-mangu lan kalah, lan nguwalaké panjenengan saka bilahi, kanthi mangkono panjenengan bisa urip patunggalan karo Panjenengané nganti salawasé. Apa panjenengan wedi karo bilai lan pengadilan?
Sang Kristus iku gesang. Manawa panjenengan masrahaké awak marang Panjenengané kanthi tumemen, panjenengan uga bakal wungu saka séda ing dina iki, terus menang, urip manunggal karo Panjenengané nganti salawasé, lan Panjenengané bakal andadekaké panjenengan dadi para rasul anggone gesang Panjenengané. Nalika gesang Allah manunggal ing sajroné Panjenengané, panjenengan ora bakal mentingaké awaké dhéwé manéh, nanging panjenengan bakal gumregah lan cepet-cepet martakaké pawarta urip saka Gusti Allah marang wong – wong liya.
Agama kita dudu agama paugeran, pengadilan lan bilahi, nanging agama kang kalimputan manunggale Gusti Allah.
PANDONGA: Gusti Allah kawula ingkang suci. Rama Kawula ingkang adhedhampar ing suwarga, kawula ngluhuraké lan ngagungaken Paduka awit Putra Paduka menika gesang kawula. Panjenenganipun nimbali kawula, tiyang-tiyang dosa, supados martakaken gesang Paduka dhumateng jagat ingkang pejah. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka paring pangapunten dhumateng kawula, lan ngiyataken kawula ing salebeitpun asma Gusti Yésus Kristus kanggi kesah ing saindhengipun jagat lan dhumateng para tangga tepalih kawula supados tangga tepalin gkawula uga kalimputan gesang saking Panjenenganéipun ingkang sampun wungu saking séda. Kawula manembah Paduka, gusti Yésus, awit Paduka sampun wungu saking séda, lan andadosaké kawula minangka utusan ingkang martaosaken gesang Paduka. Amin.
PITAKONAN:
- Apa kayektén ngédab-édabi kang ana ing sajroné dhawuh sang Kristus kanggo martakaké pawarta iku ing saindhenging jagat?