Previous Lesson -- Next Lesson
(iii) Bocah Wadon Ditangekaké Saka Ing Pati (Markus 5:35-43)
MARKUS 5:35-43
35 Nalika Gusti Yésus isih ngandika, ana wong saka ing omahe lurah papan pangibadah mau, kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar, punapa prelunipun taksih ngribedi Sang Guru?” Nanging Gusti Yésus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “aja wedi, kumandela bae!” 37 Sawisé mangkono ora ana wong siji bae kang diparengaké ndhérék, kajaba Petrus, Yakobus lan Yokanan, sadulure Yakobus. 38 Bareng wis padha tekan ing omahe lurah papan pangibadah padha ndeleng wong-wong kang pating jlerit, padha nangis lan pada sesambat kanthi suwara sora. 39 Bareng Gusti Yésus lumebet banjur ngandika marang wong-wong mau: “Yagene kowe padha ribut lan nangis? Bocahe ora mati, lagi turu”. 40 Nanging wong-wong padha nggeguyu. Kabéh wong banjur didhwuhi metu, banjur nimbali bapa biyunge bocah mau lan kang padha ndhérék, sarta lumebet ing kamare bocah mau. 41 Tangané bocah nuli kaasta kalawan ngandika “Talita kum,” tegese: “He ngger, kowe Dakkandhani tangia!” 42 Sanalika iku uga bocahe tangi, ngadeg sarta lumaku, sabab umure wis rolas tahun. Kabéh wong kang ana ing kono padha kaeraman. 43 Banjur padha diparingi piweling wanti-wanti, aja nganti ana wong kang ngreti bab iku, tumuli dhawuh manehi mangan bocah mau.
Sang Kristus nguwataké iman Lurah papan pangibadah kang wis rumangsa ora sabar, awit anaké wadon wis meh mati. dhéwéké banget kepengin cepet-cepet ngajak Sang Kristus menyang omahe, nanging Gusti Yésus mandheg ana ndalan sakprelu marasaké wanita kang apes iku, lan ngenteni kanggone wong kang kinurmatan kaya lurah papan pangibadah iku duwé tujuwan kareben sinau andhap asor lan alusing bebuden. Anggone nungka kaya kang ditindakaké Gusti Yésus iku dadi bukti yén Gusti Yésus pancen Sang Mesih kang sejati kang ora bakal nyirep lampu kang murub, lan ora ngutamakaké wong-wong kang kinurmatan ngluwihi wong-wong liyané, nanging makarya ing sajroné keselarasan iman saka wong-wong kang sowan Panjenengané, ora maelu wong iku kinurmatan utawa mung urip salumrahe kaya wong-wong liyane.
Nalika Gusti Yésus lagi marasaké wanita kang lara iku, anaké lurah papan pangibadah iku wis mati. Lan sebanjure saweara utusan saka keluwarga Yairus nusul ndarané lan matur kanthi kebak kanepson uga prihati, “Panjenengan tilar kemawon guru menika ingkang mboten purun rawuh ing wekdal dipun betahake. Lare isteri panjennean sampun pejah”.
Nanging, Gusti Yésus ndeleng ana titik sunar pengarep-arep ing sajroné ati lurah papan pangibadah iku, lan Panjenengané Gusti Yésus ngajeni. Panjenengané paring dhawuh supaya lurah papan pangibadah iku ngalahaké rasa nglokroné, lan pracaya marang Sang Mesih saka Gusti Allah kang ana ing ampingane. Dadi, Gusti Yésus mulang lurah papan pangibadah iku ing sajroné sekolah iman Panjenengané, lan nguwataké kekendelané kang kebak pengarep-arep karo Sabda Panjenengané, awit Sabda Allah iku landhesan kang kuwat kanggo iman kita. Lurah papan pangibadah iku pracaya sawutuhe marang Gusti Yésus, lan sarujuk ngongkon wong kabéh kang nangis lan sesambat metu saka omahe, awit kamenangan Sang Kristus bakal dumadi kanthi tentrem, ing sajroné kekarepan ngrungokaké Sabda Panjenengan kang micara kanthi tentrem nanging luwih kuwat ketimbang karo kabéh pasambat, tangisan, lan malah panguwuhing trompet.
Kabéh uwong kan lagi sesasmbat lan nangis iku nggeguyu Gusti Yésus nalika Panjenengané ngandika yén bocah wadon iku ora mati nanging lagi turu, awit manawa pancen bocah wadon iku turu, mesti dhéwéké wis tangi awit suwara pasambat lang tangisan kan ana ing kono.
Gusti Yésus Kristus pirsa kengkeran pati lan Panjenengané ngelikaké pati kanthi sora. Panjenengané rawuh, ngrampas mangsa saka cekeramané, lan nyebutaké minangka turu waé, awit pati ora bisa nyirnakaké manungsa nganti dadi ora ana maneh, nanging manungsa bakal tetap ana kanggo ngalami pengadilan pungkasan. Manungsa bakal tangi lan sebanjure mlebu menyang suwarga, utawa neraka. Menyang ngendi panjenengan bakal lunga, Heh manungsa? Apa kowe wis siap ngadhepi pengadilan kang pungkasan?
Sawisé suwara saka para wong kang sesambat kang nggeguyu Panjenengané metu saka omah Gusti Yésus, kang sejatine urip iku piyambak, nyekel tangan bocah wadon kang mati iku. Sebanjure Panjenengané ngetokaké panguwasa Panjenengané, kang melbu marang bocah wadon iku, lan panguwasa sabda Panjenengané kang kebak kaélokan ngisi pati karo urip, kanthi mangkono bocah wadon iku banjur tangi lan sebanjure nyawang wong-wong kang ana ing sakiwa tengene kanthi rasa gumun.
Wong tuwané kebak rasa gumun lan eram, lan gusti Yésus paring dhawuh supaya wong-wong menehi bocah mau panganan supaya dipangan déning bocah wadon mau. Gusti Yésus ora nyelaki kabutuhan jasmani saka raga kita, awit Panjenengané uga urip dadi manungsa sejati ing antarané kita.
Oh manungsa, Gusti Yésus jumeneng ana ngarepmu. Manawa kowe mati ing sajroné dosa, Gusti Yésus bakal nyekel tanganmu lan ngandika, “Tangia” lan nyebut jenengmu. Mangertia yén Gusti Allah jumeneng ing sindhingmu, lan nawakaké urip langgeng marang panjenengan. Rungoke suwara Panjenengané, lan pracaya marang sabda Panjenengané kanthi mengkono panjenengan bakal urip ing sajroné panguwasa katresnan Panjenengané. Tangi lan luhurna Sang Juru selamet kantyi tansah ndhérék Panjenengané.
PANDONGA: Dhuh Ingkang kagungan Panguwaos gesang, lan Pepadhang saking kasuwargan, Paduka nitahaken kawula, nyucekaké kawula, ngapunten sadaya dosa kawula, lan mulihaken kawula saking pati kasukman. Kawula manembah Paduka, lan abingah-bingah ing tengah kaprihatosan kawula, awit Paduka maringi dhumataeng kawula pengajeng-ajeng babagan gesang langgeng, lan abingah-binbah inakgna mboten nadhe mbleret. Iman kawula sanes namung pangimpen, nanging badhé saestu-estu mbeta panguwaos Paduka ing manah kawula. Paduka berkahi para mitra kawula, lan wungokaken sadhérék-sadhérék menika saking pati ing salebetipun dosa kados dene Paduka sampun mungokaken kawula. Amin.
PITAKONAN:
- Apa kang bisa kita mangreteni gegayutan Pribadi Gusti Yésus nalika Panjenengané nangekaké bocah wadon kang mati iku?