Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)
8. Doksologi saka Paulus, minangka panutuping serat (Rum 16:25-27)RUM 16:25-27 Paulus kanthi tentrem nutup layangipun dhumateng pasamuwan Rum klayan ngluhuraken Allah Rama Gusti Yesus Sang Kristus. Paulus ngakeni Panjenenganipun minangka etuking sadaya pangwaos ingkang mbangun, ingkang saged paring kasekten langgeng, ingkang ngrimati lan nyantosakaken pasamuwan wonten ing Roh pangwasanipun. Paulus nutup layangipun mawi patrap ingkang sami ing wiwitanipun (Rm. 1:16). Maringaken pigesangan dhumateng tiyang-tiyang ingkang pejah wonten ing dosa cetha sanget ing Injilipun Paulus punika. Boten namung wonten 4 Injil: Matius, Markus, Lukas lan Yohanes, nanging sadaya kabar kasaenan, pawartos karahayon saking Gusti Yesus ingkang wonten ing pawartosipun Paulus ugi dados Injil. Sang Rasul dhumateng tiyang-tiyang sanes Yahudi punika bilih anggenipun Gusti Yesus ngetingal dhumateng pyambakipun ing margi tumuju Damsyik, bilih pyambakipun ningali Panjenenenganipun ingkang sinalib lan gesang, lan pangakenipun bilih Panjenenganipun punika Sang Mesih ingkang kajajnjekaken lan ingkang sejati, lah punika ingkang dados pambereg anggenipun nyerat layang-layangipun. Wonten ing Injilipun, Paulus nyatakaken wewadi punika dhumateng sadaya tiyang ingkang purun mirengaken, wewadi ingkang sampun dipun lairaken lan dipun wartosaken lumantar pamecanipun para nabi ing Prajanjian Lami, kados ingkang katetepaken dening Allah ingkang suci lan langgeng. Isining wewadi punika inggih anggenipun Allah ngersakaken supados tiyang-tiyang ingkang kaanggep najis, bangsa-bangsa ingkang boten tinimbalan, supados mbudidaya mbangun turut dening iman, selaras kaliyan Prajanjian Enggal. Lah mekaten, Gusti nawakaken pangapuntening dosa dhumateng sadaya manusa minangka kanugrahan ingkang lelahanan (gratis), dedasar kurban pirukun saking Gusti Yesus. Pramila, sinten ingkang mirengaken timbalanipun lan nampi kanugrahanipun Allah punika, bade kaslametaken. Nanging sinten ingkang boten mbangun turut, saweg ngukum dirinipun pyambakipun. Paulus manembah dhumateng Allah, ingkang maha wicaksana. Pyambakipun nekseni kanthi kebak raos sokur lan andhap asoring manah bilih Allah kagungan sagunging pakurmatan lan kamulyan, lan bilih panembahipun manusa saged kelampahan karana pakaryan, seda lan wungunipun Sang Kristus ingkang ngereh sesarengan kaliyan ingkang Rama wonten ing patunggilanipun Roh Suci ngantos salaminipun. Tembung pungkasan “Amin” ingkang kaagem dening Paulus kangge nutup layang punika, mralambangaken bilih sadaya ingkang dipun serat punika leres, lan mesthi bade kelampahan. PANDONGA: kawula ngaturaken panuwun dhuh Rama, lumantar Putra Paduka Gusti Yesus Kristus, amargi Paduka milih Paulus, lan nimbali piyambakipun kanggé martakaken karya pangruwat saking Paduka tumrap bangsa-bangsa sanés Yahudi, lan ugi ingkang sampun rila nandhang sangsara lan pejah wonten ing peladosanipun. Mugi Gusti tulungana kawula supados boten nggadhahi roh ingkang namung mentingaken dhiri kawula piyambak, nanging kawula purun martakaken kaslametan ingkang sampurna dhumateng sedaya tiyang ingkang ngantu-antu bebener, lumantar kwasanipun sang Roh Suci. Amin. PITAKON:
KUIS - 4Sedhérék ingkang kinasih,
Kawula sanget ngajengaken panjenengan kersa ngrampungaken pasinaon saking serat Rum supados panjenengan nampi bandha karohanén ingkang langgeng. Kawula ngentosi wangsulan panjenengan lan tansah ndedonga kangge panjenengan. Alamat kawula inggih menika : Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |