Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 117 (Jesus appears to Mary Magdalene)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
1. Lelakon-lelakon nalika wiwit esuk dina riyaya Paskah (Yokanan 20:1-10)

c) Gusti Yesus ngatonake sarirane marang Maryam Magdalena (Yokanan 20:11-18)


YOKANAN 20:11-13
11 Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nangis nginguk ing pasarean, 12 sarta weruh ana malaikat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumareng layone Gusti Yesus. 13 Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lang kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken”

Murid loro iku sebanjure ngrumangsani yen kubur iku kothong. Ora ana gunane suwe-suwe ana ing kono.

Nanging, Maryam Magdalena bali menyang kubur iku sawise menehi ngerti marang para murid yen kubur iku wis kothong. Dheweke tetap ana ing kana, sinadyan murid loro wis bali mulih, awit dheweke pancen ora lega mung kanthi kasunyatan badan iku wis ora ana maneh. Maryam duwe pengarep-arep langsung marang Panjenengane, awit Panjenengane iku pangarep-arepe lan kekuwatan kanggon dheweke. Nalika dheweke ora bisa ndeleng layon iku, pengarep-arepe luntur. Awit iku Maryam Magdalena nangis sesenggukan.

Ing tengah keranta-rantane ati kang banget, Gusti Yesus ngutus malaikat loro kang ngatonake awake marang para wanita kang liyane uga. Ing kene Maryam Magdalena ndeleng malaikat iku lunggung ing kubur kang kothong nganggo sandhangan putih kang sumunar madhangi kahanan kang repet-repet. Nanging malaika loro mau ora bisa nglipur Maryam Magdalena, awit mung ndeleng Gusti Yesus langsung iku kang bisa mbalekake pengarep-arepe. Atine nguwuh, “Wonten pundi Paduka, gusti kula?”

Timbalan kang keprungu tata lair katujokake marang kita. Apa kang kita pengini? Kenapa kita duwe kekarepan apa kang kita pengini? Apa tujuwan kita? Apa iya panjenengan duwe rasa padha karo Maryam Magdalena lan ora nyuwun apa apa kajaba ndeleng Gusti Yesus wae? Apa ati panjenengan nangis marga kangen supaya Panjenengane rawuh maneh?

YOKANAN 20:14-16
14 Sawuse matur mangkono, tumuli mengo sarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ing kono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti Yesus. 15 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleke sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sapeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sasmpean nyarekaken, kula pendhetipun.” 16 Gusti Yesus dumuli ngandika: “Maryam!” Maryam banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani: “Rabuni!” Jarwane: Guru.

Gusti Yesus nggatekake anggone nangis Maryam Magdalena. Sawetara kang liyane wis lega ndeleng kubur kang kothong lan krungu malaikat kandha, Maryam Magdalena kepengin ana kang dideleng; yaiku Panjenengane wae. Gusti Yesus ngatonake sarirane marang Maryam Magdalena, jumeneng ing sacedhake, kaya manungsa lumrah tanpa ana teja mlungker ing mestakane.

Maryam Magdalena banget goreh atine, nganti ora wanuh suwara Gusti Yesus, lan ora gelem ngrungokake tembunge Malaikat iku. Dheweke mung kepengin ndeleng, ora mung krungu pangandikan Panjenengane. Nanging dheweke ora bisa ngrasakake yen panjenengane iku ana ngarepane nalika iku, awit atine kang kebak kaprihatinan ora bisa ngreti yen Gusti Yesus ana karo kita, lan ora bisa ngrungokake suwara Panjenengane kang alus. Mengkono uga wong akeh nyoba nggoleki Gusti Allah kang Nithake jagat nanging ora bisa nemokake Panjenengane, awit wong-wong mau luwih seneng nggoleki lan ndeleng. Ora Sang Pangon kang nggoleki dheweke.

Nanging Gusti Yesus pirsa katresnane Maryam, lan Panjenengane nindakake sawijining prekara kang nembus wates kaprihatinane Maryam kanthi pangandikan Panjenengan kang kebak welas asih; Panjenenane nimbali jenenge, mratelakake yen Panjenengane ora mung manungsa lumrah, lan dudu juru taman. Panjenengane iku kang Maha Pirsa, kang Maha wicaksana, Gusti piyambak. Panjenengane nimbali Maryam dikaya Pangon kang Becik nyeluki menda-menda Panjenengane, kang Panjenengan pirsa kabeh jenenge menda-menda kagungane, lan nawakake urip langgeng. Sing sapa nresnani gusti Yesus bakal ngrasakake katresnan Panjenengane lan nampani pangapura dosa nalika Gusti nimbali jenenge, lan entuk panglipuran Sang Roh Suci.

Gusti Yesus saiki nimbali jeneng panjenengan. Apa panjenengan mirengake suwara Panjenengane, ninggalake kabeh rasa mangu-mangu lan dosa-dosa panjenengan, sowan marang Panjenengane?

Maryam atur wangsulan saktembung, “Rabuni!” Tembung kang dienggo Maryam (Rabi) ngandhut teges loro, yaiku wong kang ngerti kabeh prekara lan kuwasane gedhe. Dheweke wis nampani wewengan istimewa dadi murid ing sajrone sekolah Panjenengane, lan Panjenengane ngesokake marang Maryam kawruh, kekuwatan, pangayoman lan urip langgeng. Awit saka iku jawabane memper diangkate Gereja kang ngenteni kanthi kebak rasa kapang bakal ndeleng rawuhe Gusti ing langit, manembah Panjenengane ing sajrone pembangun turut lan ngluhurake Panjenengane kanthi panguwuh Haleluya.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula sujud ing ngarsa Paduka, awit atur wangsulan raos pepinginanipun Maryam kanthi ngatingalaken sarira Paduka dhumateng piyambakipun. Paduka ngiyataken Maryam kanthi anggen Paduka rawuh. Sabda paduka menika gesang. Paduka bikak mripat kawula lan manah kawula supados nampeni Sabda Paduka. Paduka paringi kawula watek mbangun turut suados tansah pitados dhumateng Paduka kanthi raos bingah.

PITAKONAN:

  1. Kenapa Maryam ora mandheg ing sajrone pambudidaya nggoleki layone gusti Yesus, nganti Panjenengane mratelakake sarirane marang Maryam, lan nimbali dheweke?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)