Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 086 (The Holy Trinity descends on believers)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
C - TEMBUNG-TEMBUNG PISAHAN ING KAMAR NDUWUR (Yokanan 14:1-31)

2. Tritunggal Kang Suci tumurun atas tiyang pitados lumantar Sang juru Pitulung (Yokanan 14:12-25)


YOKANAN 14:12
12 Satemen-temene pituturKu marangkowe: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang luwih wigati katimbang karo iku. Awit Aku lunga menyang ing ngarsane Ramaku;

Anggone wanuh marang Allah ora mung sawijining filsafat utawi cara logika (kang mlebu pikiran) wae. Kabeh kawruh manungsa bakal sirna, nanging iki yaiku anggone wanuh karo katresnan Allah lan keselametan saka Sang Putra. Prekara iki nuduhake gegayutan kamardikan kangge leladi. Sang Kristus paring dhawuh marang para murid Panjenengane sawijining dhawuh kang anyar, “kanggo nindakake panggawe katresnan kang asifat keallahan ing sajroning urip lumantar pakaryan lan panggawe kinanthenan donga”

Para murid Panjenengane nyuwun marang gusti Yesus bab pangayoman lan anggone wanuh sateruse marang Gusti Allah, nalika para murid ngerti yen Panjenengane bakal ninggalake awake. Nanging Sang Kristus neguhake para murid ing sajroning sang Rama, kanthi mengkono para murid dadu pantes nindakake pawarta kabungahan marang jagat.

Kang penting banget, dudu rasa kuatir sawetara para murid gegayutan awake dhewe, nanging gegayutan anggone para murid nyawisake awake kanggo pelayanan ilahi iku. Babagan anggone wanuh karo sang Rama lan sang Putra bakal nylametake kita saka patrap kumingsun, lan nuntun kita marang leladenan kang andhap asor. Gusti Yesus ngandika: Sing sapa pracaya marang pakaryanKu, ora mung bakal ngomong, nanging bakal anut dalan pangorbanan. Nganti tekan wong pracaya nyingkur awake dhewe lan ngluhurake Sang Kristus, Sang Putra kang wungu saka seda makarya ing sajroning wong iku lan ngesokake berkah kasuwargan marang wong iku. Kanthi iman kang mengkono Para Rasul bisa marasake lan ngapura dosa uga nangekake wong-wong mati ing sajroning asma gusti Yesus sakwiwe anggone ngesokake Sang Roh suci. Wong-wong kang pracaya nyingkur awake dhewe lan Sang Kristus urip ing sajroning wong-wong pracaya iku. Wong-wong pracaya nresnani Panjenengan kanthi tumemen selaras kaanane, lan ngluhurake Panjenengane ana ing patrape.

Kajawa leladi-leladi suci iku, Sang Kristus ngutus para murid supaya nindakake minangka dadi utusan (misi) kang durung dirampungake Panjenengane nalika Panjenengane sawetara wektu sugeng ing atase bumi iki. Sakwise mingkrade Panjenengane, Panjenengane ngutus Sang Roh Suci Panjenengane, kanthi mengkono akeh wong kang bakal dianyarake lumantar pawarta para murid iki. Putra-putra bakal dilahirake konjuk sang Rama, dikaya tetesing embun nalika bang-bang wetan. Ora ana kang luwih endah ketimbang karo paseksen kita gegayutan Sang Krsitus kang disalib lan wungu. Kanthi pracaya marang paseksen iki, manungsa nampani urip langgeng. Sang Roh suci mudhun ing wong-wong kang cekelan Sang Kristus lan andadekake wong-wong kang cekelan sang Kristus iki putra-putra Allah, kanthi mengkono wong-wong iki bisa ngluhurake Sang Ramane saklawase uripe ing sajroning kayekten.

YOKANAN 14:13-14
13 lan apa bae kang koksuwun atas ssaka jenengKu, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra. 14 Manawa kowe padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengKu, iku Aku kang bakal ngleksanani”.

Apa panjenengan ndedonga? Pira bandingane antarane donga panjenengan ketimbang karo rasa kuatir lan dosa panjenengan? Lan pira gunggunge wektu kang panjenengan enggo kanggo ngluhurake Allah lan leladi wong-wong liya? Apa pannenengan mentingake awake dhewe ing sajroning pandonga panjenengan utawa panjenengan kebak karo karesnan marang Allah lan wong-wong kang ilang?

Apa katresnane Allah wis duwe daya pengaruh marang donga panjenengan, kanthi mengkono panjenengan bisa amberkahi kang mengsuhi panjenengan? Apa keselametan kang saka Sang Kristus agawe panjenengan dadi wong kang tetulung kanggo wong akeh ing sajrone asma Panjenengane? Apa pandonga kang panjenengan unjukake selaras karo panyuwun kang ana ing sajroning donga Gusti? Utawa panjenengan isih tetep wae sengit sawetara wong, lan ora ngapura kaluputane?

Menawa panjenengan ndedonga ing sajroning asma Sang Kristus, panjenengan bakal urip lan mikir selaras karo Sang Roh Suci, kaya kang dikersakake Panjenengane, lan ati panjenengan bakal kapenuhan karo pikira kang kebak karo sih kawelasan.

Sang Kristus paring janji bab anggone paring panguwasa lan berkah kang asale saka Suwarga. Panjenengane maringi syarat kang cetha banget gegayutan janji iku, “Manawa kowe tinarbuka marang pitutur-Ku, kanthi mengkono PituturKu bisa ngrubah kowe, Aku bakal dadi kuat lan gedhe ing sajroning uripmu, lan Aku bakal nylametake wong akeh saka anggone kesasar lumantar iman lan dongamu. Sepira asringe kowe ndedonga ing sajroning tuntunan saka Sang Roh Suci lan kowe pracaya marang Aku, mula Aku bakal paring jawaban langsung.

Sedulur, kanthi kebak rasa Syukur pikiren gegayutan kunci kang wis diparingake gusti Yesus ing tangan panjenengan. Panjenengan buka bandha donya kasuwargan iku ing sajroning pandonga, “Aku bakal mandap atas pepadhamu lan mitramu kanthi berkah lan keselametan uga anggone wanuh uga kanthi pamratobat lan pitulungan”. Dedongaa marang gusti Yesus lan nyuwun supaya Panjenengane kersa milih para abdi saka antarane bangsa panjenengan dhewe lan andadekake wong-wong iku dadi para putra Panjenengane. Aja bosen ndedonga ; donga panjenengan iku cara kang penting banget kangge kaselametan wong akeh. Pracaya bakal jawabane nalika panjenengan ndedonga; aturna panuwun marang Panjenengane sadurunge jawaban katon. Nyuwuna supaya sedulur-sedulur panjenengan dadi siji karo panjenengan ing sajroning donga lan iman. Aja kendo ing sajroning memuji lan manembah. Ndedongaa supaya Panjenengan bakal ngesokake sang Roh donga atas panjenengan.

Manawa panjenengan rumangsa yen gusti Yesus ora paring jawaban donga panjenengan, mratobata lan ngakoni dosa-dosa panjenengan, brukno tembok pepalang saka donga, kanthi mangkono Panjenengane bisa nyucekake urip panjenengan. Panjenengane bakal maringi panjenengan Panguwasa kanggo nuntun kapenuhan kang asifat kasuwargan ing bumi iki. Nalika panjenengan wiwit ndedonga ing sajroning iman lan paseksen, panjenengan ngluhuraken Sang Rama, Sang Ptra lan sang Roh suci.

PANDONGA: Gusti Yesus, paringi kawula Roh pandonga, supados kawula mboten namun mikiraken badan kawula piyambak, nanging saget mikiraken tiyang-tiyang ingkang kawula tepang utawi ingkang dereng kawula tepang. Dadosaken kawula tiyang pitados ingkang ndedonga, kanthi makaten Paduka kersa milujengake sadherek-sadherek kawula. Kula ngluhuraken Paduka; Paduka sampun mbikak suwarga kangge kawula lan ngesokaken dhumateng kawula sih rahmat lan ganjaran. Kintenipun asma Sang Rama dipun luhuraken lumantar kelahiran kanthah putra-putra secara kasukman. Kintenipun asma Paduka dipun sucekaken lumantar laku jantra ing salebeting kasucen putra-putra lan panguwaos Sang Roh Suci.

PITAKONAN:

  1. Panjenengan sebutake syarat kang utama gegayutan karo donga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)