Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 039 (The reason for unbelief)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
A - ANGGONE MLAKU KAPING PINDO MENYANG YERUSALEM (Yokanan 5:1-47) -- IRAH-IRAHAN: WIWIT TIMBULE RASA SENGIT WONG-WONG YAHUDI MARANG GUSTI YESUS

5. Alesan anggone ora precaya (Yokanan 5:41-47)


YOKANAN 5:41-44
41 Aku ora kepengin diurmati dening manungsa. 42 Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah. 43 TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora kok tampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani. 44 Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha Tunggal iku ora kok gayuh.

Gusti Yesus ngrusak tameng satru-satru Panjenengane, lan nuduhake marang satru-satru mau kananan atine lan apa kang dumadi marang wong-wong mau ing mangsa tembe. Gusti Yesus nuduhake kekarepane atine kang ala, hakekat saka watek wantune kang ala.

Gusti Yesus ora mbutuhaken dikeploki dening wong liya utawa wong-wong mau terus nggolong Panjenengane, awit pancen Panjenengane wis kagungan keyakinan gegayutan karo misi utawa tujuan ana ing jagat iki. Anggone gusti Yesus yakin iku ora amarga saka hasil anggone leladi. Menawa diurmati, mula pikurmatan iku Panjenengane bakal terusake marang Sang Rama-Ne. Panjenengane mulang ndedonga kang kawitan pisan tumuju marang Sang Rama, lan dudu marang Panjenengane piyambak, iya Panjenengane kang mulang donga kanggo kabeh umat Kristen ing saindhengan jagat kanthi matur: “Rama kawula ing Suwarga, mugi rawuh Kraton Paduka, dadosa karsa Paduka ing jagat kados dene ing Suwarga”. Gusti Yesus nyingkur Panjenengane piyambak saka kabeh kekarepan lan pepinginan kanggo golek pikurmatan lan kamulyan. Kamulayan saka Sang Rama ikut kang dadi semboyan Panjenengane. Katresnan kang gedhe banget marang kayekten Allah ngilangi kabeh kepentingan pribadi Panjenengane.

Katresnan Allah kang dadi panyurung ing sajroning nitahake jagat saisine, anggone nebus lan anggone nyempurnakake. Prekara iku kang dadi sari pati saka hakekat ing sajroning Tritunggal Kang Suci. Kelakone saka Paugeran Torat lan manunggale saka kasampurnan dadi tanda mligi saka katresnan iku. Wong kang duwe katresnan mengkene iki uripe ora kanggo awake dhewe, lan ora mbudidaya golek pikurmatan kanggo awake dhewe, nanging uripe kanggo ngurmati wong-wong liya, leladine ing sajroning patrap nyingkur awake dhewe. Gusti Yesus maringake kabeh kagungane kanggo wong kang mlarat. Katresnan iku ora tau gagal.

Ora ana wong siji wae kang nresnani Gusti Allah saka pepinginane dhewe, nanging wong kang wis ngrasakake lara awit saka tumindake dosa, mratobat lan pracaya marang katresnane Allah ing sajroning sarira Sang Kristus bakal ngakoni manawa katresnane Allah diesokake saka ing ati kita awit saka Sang Roh Suci maringake marang kita, dikaya kang ditindakake Paulus.Katresnan iki katon ing sajroning pangorbanan, anggone andhap asor lan anggone sabar. Kabeh wong kang mbukak jiwane kanggo sang Roh Allah bakal nresnani sang Tritunggal lan kabeh manungsa. Nanging wong-wong kang gumungung atas awake dhewe, duwe pikiran manwa wong iku wong kang api dudu wong kang tenan-tenan mratobat, nanging malah sabenere wong iku munguh Sang Roh Allah. Wong iku dhasare wong kang mentingake awake dhewe. Wong iku ora duwe karep dianyarake, lan wong iku uga ora rumangsa bab kabutuhane bab sang Juru selamat, lan malah mangkotake atine.

Sang Kristus ora rawuh ing sajroning jeneng sawijining brahala manca kang ora dingerteni, nanging ing sajroning asma Sang Rama, kanggo mratelakake katresnan lan rahmat Allah. Kabeh wong kang nampik Sang Kristus mbuktekake yen pikirane sejatine katutup marang katresnan Allah. Wong-wong mau seneng marang pepeteng luwih saka anggone seneng marang pepadhang, lan awit saka iku sengit marang wong-wong kang lahir saka pepadhang iku.

Sang Kristus menehi ngerti marang para satrue gegayutan timbule kang lumawan sang Kristus kang bakal nglumpukake kabeh wong kang goleh ajining diri lan kang mentingake awake dhewe, wong-wong mau diajak mbalela marang katresnan Allah. Kang lumawan Sang Kristus iku nindakake mujijat lan niru Sang Kristus.

Akeh wong kang ora bisa pracaya, luwih seneng pangalembana-pangalembana saka wong akeh ditimbang karo seneng marang pamratobat kang sejati. Wong-wong mau duwe anggepan yen awake iku wong apik, kuat lan pinter. Wong-wong mau ora krasa gemeter ing ngarsane Kang Suci, lan ora ngerti yen mung Panjenengane kang becik. Patrap mbenerake awak dhewe iku kang dadi jalaran anggone orang percaya, lan gumunggung dadi tanda saka patrap kang luput iki.

Wong kang ora tepung Gusti Allah lan jiwane dhewe, rumangsa ajur atine lan ngakoni dosa-dosane, nampik kabeh kamulyan lan pikurmatan, lan tansah ngaturake kamulyan mung marang Sang Rama lan Sang putra. Wong iku ngagungake sih rahmat kang nylametake iku. Pracaya yen kita iku wong-wong dosa kang diapura bab anggone paring kamardikan kita saka apus-apuse patrap laku jantra kita. Kita ngerti sapa awak kita kang sabenere, lan sapa Gusti Allah iku. Katresnan njlentrehake kayekten marang mitrane, kamangka wong kang gumunggung ngapusi awake dhewe utawa ngapusi wong-wong liya, misahake awake saka Sang Roh Allah kang andadekake kita dadi wong kang andap asor.

YOKANAN 5:45-47
45 Kowe aja padaha duwe pangira yen Aku kang bakal nggugat kowe ana ing ngarsane Sang Rama, kang nggugat kowe iya iku Nabi Musa, yaiku Nabi Musa dunung pangarep-arepmu. 46 Sabab saupama kowe padaha pracaya marang Nabi Musa, mesthi iya pracaya marang Aku, amarga Aku wus diwecakake ana ing tulisane. 47 Nanging manawa kowe padha ora ngandel marang tulisane Nabi Musa, kapriye anggonmu bakal pada pracaya marang kang Dakandakake?”

Sang Kristus nerusake maneh ing sajroing merangi anggone gumungung para golongan legalis, kanthi ngandika, “..Aku dudu kang bakal nggugat kowe ana ing ngarsane Sang Rama, kang nggugat kowe iku Nabi Musa. Nabi Musa menehi kowe Paugeran Prejanjian, kang dadi pangipat-ipat kanggomu. Kowe wis kelangan katresnan, lan kowe mbudidaya mateni Aku ing sajroning jeneng Paugeran Torat iu. Awit kowe ngedoh saka Allah sebanjure kowe kaya wong umbaran ing sajroning pepeteng. Aku marasake wong kang lara ing dina Sabat, lan kowe ora seneng gegayutan pakaryane Allah iki; lan malah kuwe sengit marang Aku, Aku- kang ngejawantah saka katresnane Allah. Kowe nampik orang gelem pracaya yen kabeh iku pakaryane sang Mesih; jiwamu iku jiwa pambalelo lan kasar. Gusti Allah maringi kowe Paugeran urip lan dudu paugeran pati. Manawa kowe mratobat, kowe bakal duwe rasa kangen anane Sang Juru selamet. Paugeran Tora lan Kitab para Nabi mung lantaran kanggo Panjenenane Kang Bakal Rawauh. Kowe wis jungkir walikake Paugeran Torat iku,lan ngidinake kekarepanmu dhewe kanggo ngadili dhawuh-dhawuhe Allah. Kowe ora bisa nyakep karsa saka pameca. Jiwamu kang ala malangi kowe ing sajroning mangerti kayekten. Kowe bakal tetep wae ora ngerti lan budhek, nambpi Sang Roh Allah. Awit saka kuwi wangkoting atimu dadijalaran kowe ora pradyaa marang Sabda Panguripan.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus ora nampa kamuliyan kangg sarirane Piyambak, kaya kang lumrah ditindakake wong-wong liyane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)