Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 108 (Jesus Reproves His Disciples)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 9 - Wunguné Sang Kristus Saka Sédané (Markus 16:1-20)

5. Gusti Yésus Ngélingaké Para Muridé (Markus 16:14)


MARKUS 16:14
14 Sawuse mangkono Gusti Yésus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atiné, dene kok padha ora ngandel marang critané wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengané sawuse wungu.

Gusti Yésus nimbali rolas murid, kang bebarengan karo Panjenengané ngadhepi maneka panganiaya lan panandhang, uga nyeksekaké maneka kaélokan saka Panjenengané. Salah siji muridé Panjenengané mbalela lan pungkasané mati nggantung, tanpa pengarep-arep. Nalika dhéwéké éling kang dadi jalaran sédané Putrané Allah, dhéwéké kandha kanthi sora: “Aku wis ngwutahaké getihe wong kang ora luput”. Pamratobat lan pasekséne wis telat banget. Neraka njaga wong-wong kang dikuwasani roh ala. Wong iku sebanjure ora bisa tinarbuka nampa Gusti Yésus, nanging malah sengit marang Panjenengané, lan kanthi pangigit-igit kepengin males gusti Yésus sawisé Gusti Yésus nyaruwe ing ngarepe wong akéh. Pungkasané Yudas mbalela marangGusti Yésus kinanthenan kaambung.

Wektu iku dina Minggu sore, nalika Gusti Yésus rawuh ing omah kang katutup lan dikancing rapet. Ujug-ujug Panjenengan ana ing ngarepané para murid, lan para murid nalika semana wedi banget. Anggone rawuh Panjenengané minangka saruwe/ngélingaké anggone para murid ora pracaya. Kasucén Panjenengané miyak kahanan cemer, rasa wedi lan rancangan-rancangan pribadine kang ana sambung rapete karo mangsa tembene awaké dhéwé.

Bisa uga para murid duwé pikiran arep bali nyambut gawé menyang perahu manéh dadi juru amek iwak, nanging para murid isih waé wedi banget marang para juru mulang Torét kang bakal nganiaya, awit para murid dianggep kesasar.

Gusti Yésus nyaruwe para murid lan nentremkae ati an pikiran para murid kang nalika semana lagi bingung banget. Panjenengané nyangga dosa-dosané ing kayu salib, lan ngapura kabéh apus-apus, kaluputan, anggone nyolong, lan anggone nguja hardané hawa nepsu. Saiki, Panjenengané mirani punjere saka kabéh dosa yaiku anggone para murid ora pracaya tukul ing atine.

Awit saka iku, Gusti Yésus ora ngandika marang para murid nganggo tembung kang alus kebak katresnan nanging ndukani para murid awit para murid luwih pracaya marang kayektén kadonyan, ora pracaya marang janji-janji kang asipat ilahi. Panjenengané ndukani para murid awit para murid ora pracaya marang pasekséne wong-wong kang nyekseni babagan anggone wungu saka séda.

Gusti Yésus wis mratélakaké sarira Panjenengané marang wong-wong wadon lan sawetara liyane. Nanging para rasul malah nyelaki kayektén iki awit para murid durung ndeleng dhéwé. Ing sajroné nyelaki mengkono, para murid nganggep yén wong-wong kang duwé iman iku malah didakwa wong-wong kang apus-apus.

Salah siji jalaran para murid ora pracaya yaiku awit wangkoting atine. Para murid ngisi atine karo watonan-watonan saka gusti Yésus karo maneka werna panemu pribadine. Gusti Yésus paring dhawuh supaya kita ngrubah pikiran kita, nolak firlsafat kita dhéwé, nyemak Pangandikan Panjenengané tanpa syarat, lan banjur mituhu marang pangandikan Panjenengané. Binerkahan kanggone wong-wong kang ngrungokaké pangandikané Gusti Yésus lan ngreti apa kang dikersakaké, nampa pangandikan, pracaya, ngrumat lan nindakaké ing uripe.

Sang Roh suci kagungan karsa paring kamardikan lan ngrubah kita saka nresnani awak dhéwé dadi nresnani sang Kristus sawutuhé ngluwihi katresnan kita marang wong tuwa kita, mitra kita, sedulur kita lan pakulinan kita dhéwé, banjur masrahaké awak kita sawutuhé marang putra Allah kanthi mangkono Panjenengané bisa ngagem kita dikaya kang dikersakake.

Paskah ora mung ateges ana kabungahan ing sajroné Panjenengané kang wis wungu saka séda, nanging uga pamratobat, lan pikiran anyar sak ati kang anyar supaya temen-teman martakaké ing wungune Sang Kristus. Gusti nyaruwe para murid supaya Panjenengan bisa nylametaké dhéwéké. Panjenengané kagungan karsa supaya para murid ngrasuk urip kang anyar.

Apa panjenengan pracaya marang hakikat panggesangan sang Kristus? Apa panjenengan wanuh anggone andhap asor, malah nganti séda iku siji-sijine dalan kang nuntun manungsa marang Gusti Allah? Apa panjenengan masrahaké urip panjenengan kanggo salawas-lawasé supaya dadi kagungané Panjenengané kang wis wungu saka séda? Apa panjenengan bisa melu cawe-cawe ing sajroné sejarah patangén? Unjukana pandonga sumarah badan panjenengan karo aku kabéh:

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang Suci, Paduka wanuh kaliyan kula, lan Paduka pirsa sadaya dosa ing salebetipun gesang kula. Kula dosa, lan kula pantes nampi bebendu Paduka. Nanging, Gusti Yésus putra tunggal Paduka nyangga dosa kula, lan Paduka ngesokaken bebendu Paduka dhumateng Panjenenganipun minangka gegentosing kula. Panjenenganipun ingkang sampun dipun salib merdikaaken kula saking pengadilan. Kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka kanthi gumolonging manah, lan masrahaken gesang kawula sawetahipun dhumateng Paduka sang Juru selamet kawula. Paduka ngasihi kula, manungsa ingkang cemer. Paduka kersa nampeni kula, lan nitahaken ing salebetipun badan kawula satunggiling manah ingkang énggal lan pikiran ingkang resik. Kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka nampi gesang kula ingkang remit lan nylametaken kula ngantos selaminipun. Kula manembah Paduka, Rama, Putra lan Sang Roh suci, lan nyuwun Paduka njagi kula ing salebetipun asma Tri tunggal ingkang suci ngantos salaminipun, lan supados ngagem kula kanthi makaten kathah sadhérék ingkang kesasar lan mati ing salebetipun dosa saged mangertos bilih Paduka menika Rama ingkang kebak katresnan lan saged ndhérék cawe-cawe ing salebetipun patangen saking pati lumantar masrahaken badanipun dhumateng Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe Gusti Yésus nyaruwé para mruid ing sajroné patemon kawitan sawisé wungu saka séda?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:32 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)