Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 107 (Jesus Reveals Himself to Two Disciples)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 9 - Wunguné Sang Kristus Saka Sédané (Markus 16:1-20)

4. Gusti Yésus Ngatonaké Sarirané Marang Murid Loro Saka Émaus (Markus 16:12-13)


MARKUS 16:12-13
12 Sawisé iku, Panjenengané ngatingal kalawan ngagem rupi seje marang wong loro panunggalané, nalika karone padha lumaku menyang ing jaban kutha. 13 Wong loro mau banjur bali padha aweh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyané, nanging iya padha ora ngandel.

Ing dina kawitan Minggu paskah, murid Gusti Yésus loro bali menyang ndesané karo rasa prihatin, sawisé melu ngriyayakaké dina gedhé iku, kang ing tahun iku kalimputan rasa geter.

Lukas nyethakaké jlentreh banget marang kita babagan anggone murid loro iku ketemu Gusti Yésus ing Injile, bab 24:13-35, lan kang dicethakaké katresnané Gusti Yésus marang para murid kang lagi bingung awit pengarep-arepe ilan marga Sang Guri séda kasalib.

Akéh-akéh pandhéréke Gusti Yésus ngreti babagan karawuhan Panjenengané kang asipat sawetara lan kebak kasukman, nanging para murid ora ngerti yén Kraton sang Kristus ora saka donya iki. Ing sajroné pikiran para murid, para murid saka Emaus iku dadi siji negara karo agama, politik karo iman, dhuwit karo bagagan kasukman, lan wektu sawetara karo wektu kalanggengan.

Para murid ora ngreti yén Gusti Yésus wis nuntun para murid supaya nyingkur awaké dhéwé, ngothongkaké kabéh pepinginan kang asipat kedagingan, hawa nepsu lan watek gumunggung, lan ngajak para murid supaya asipat andhap asor, duwé rasa panuwun, katresnan, lan pambudidaya kang kinanthenan alusing bebuden lan cemawis ngorbanaké kepentingané kang asipat pribadi. Sang Kristus ora mbangun krajan Panjenengané kanthi landhesan gaman, pesawat kanggo perang, kapal kanggo perang, utawa bom; Panjenengané uga ora nuntut pajek, ijazah sekolah kang dhuwur, utawa wong-wong kang duwé kalungguhan dadi pantara. Panjenengané piyambak kang dadi marga lan pantara kanggo urip kang anyar, kang yasa sawijining titah kasukman ing sajroné urip para pandhérék Panjenengané lan yasa para murid memper karo gambaran Panjenengané.

Panemu-panemu kang mengkono iku kudu dirubah, yaiku mratobat kang bener. Sing sapa gelem ndhérék gusti Yésus bakal nampa tujuwan urip kang anyar, lan bakal ngedoh saka dhuwit, kalungguhan, hawa nepsu, lan patrap kang suméndhé marang kekuwatan awak dhéwé. Gusti Yésus nuduhaké marang ktia lan nuntun kita marang kamardikan saka dosa lan cobané urip. Sing sapa ndhérék Panjenengané bakal ngasoraké awaké, lan sinau masrahaké awaké marang wong-wong kang ora pantes nampani, awit pangerten yén Putra Allah ora gumunggung utawa apus-apus, nanging wis ngothongaké sarira Panjenengané saka kamulyan lan dadi manungsa lan abdi kanggo saben uwong, ngreti lelara kang disandang kabéh manungsa, yaiku dosa. Panjenengané nynagga paukuman nggenteni kabéh manungsa, lan séda kanggo mbeneraké kita minangka korban kang pantes lan dadi keparenge Sang Rama.

Para murid ora ngreti prekara iki sawutuhé, awit para murid duwé pengarep-arep rawuhe Raja kang kagungan panguwasa. Saiki, kang para murid deleng yaiku Sang Juru selamat kang katon ringkih ing kayu salib. Para murid pracaya marang piyayi kang bisa menehi kamardikan, nanging para murid lagi waé mapanaké layon Panjenengané ing sajroné kubur. Para murid ngenteni wong kang mudun saka suwarga supaya mulang wong-wong iku, ngundhakaké wong-wong mau, lan milih para murid dadi menteri lan wong-wong kang kinurmatan ing sajroné krajan Panjenengané kang nguwasani jagat raya. Nanging, saiki para murid kudu malayu saka pihak kang kawogan ing negara iku, kanthi rasa wedi lan kecuwan kang banget.

Awit anggone duwé panemu mangkono, Gusti Yésus ngélingaké para murid iku. Panjenengané nyebut para murid dadi wong-wong kang bodho lan alon, awit para murid ora ngreti apa kang diwulangaké Sang Roh suci marang para murid. Sang Kristus kudu nandhang sangsara lan séda supaya bisa mlebu ing sajroné kaluhuran Panjenengané. Pralambang kaagungan Panjenengané dudu anggone ngadhili utawa kalungguhan, nanging anggone ngrukunaké lan anggone séda dadi kang nggenteni. Panjenengané ora rawuh kanggo urip kita, nanging kanggo séda nggenteni kita, awit yaiki siji-sijine cara ngrukunaké manungsa karo Gusti Allah. Sing sapa nyingkur Panjenengané kang kasalib iku ora bakal bisa ngreti Gusti Allah ing sajroné kayektén iki. Sing sapa kepengin sowan Gusti Allah tanpa lumantar cempé Allah kang alus bebuden iki ora bakal bisa éling babagan dosané dhéwé, kang misahaké awaké karo Panjenengané kang Maha suci.

Panjenengané kang disalib iku siji-sijine pantara kang ana kang nuntun marang Gusti Allah, lan Panjenengané kang wis wungu saka séda iku dadi pantara kita kang setyo. Gusti Yésus nguwalaké kita saka patrap mbeneraké awaké dhéwé, marem karo kahananan awak dhéwé, lan anggone pracaya marang awaké dhéwé. Panjenengané nggulawentah kita supaya ngegaraké tangan kita marang kang paring kamardikan kang nebus kita. Ora ana wong siji waé ing donya iki kang bener ing ngarsané Gusti Allah. Mung Sang Kristus waé kayektén kita.

Sewelas murid kang ana lagi lungguhan kalimputan rasa wedi lan bingung ana ing omah ing kamar ndhuwur. Lan nalika murid loro saka Emaus nekani para murid liyané kanthi kebak kabungahan nyesekaké yén Sang Kristus gesang, lan Panjenengané wis ngandika marang murid loro mau babagan pentinge Panjenengané séda lan wungu, para murid padha pandeng-pandengan, lan padha gedhék-gedhék. Maneka werna kang ana ing pikirané, awit Maryam Magdalena lan sawetara wong wadon liyana uga wis nyaritakaké marang para murid babagan lelakon kang aneh iki. Apa Sang Kristus bener-bener wis wungu saka séda?

Bisa uga ana ing antarané para murid kang kandha: “Nek pancen iku bener, sing mesti Gusti Yésus bakal ngatonaké sarirané marang kita luwih dhisik”. Kang liyané bisa uga menehi wangsulan: “Bisa uga Panjenengané paring paukuman marang kita awit kita mlayu nalika Panjenengané dicekel, lan bisa uga awit Pétrus wis nyelaki Panjenengané”.

Pungkasané, para murid kabéh duwé panemu gegayutan cerita patangan iku, lan para murid ora bisa pracaya. Para murid iku para rasul kang isih mrecaya marang kekuwatané dhéwé, awit Sang Roh suci durung manunggal ing uripe. Imané isih durung dadi iman kang bener, kendel, lan urip, awit iman kang mengkono iku uwoh saka Roh suci waé.

PANDONGA: Dhuh gusti, ingkang sampun wungu saking séda, Paduka apunten kawula awit anggen kawula mboten pitados lan anggen kawula lamban ing manah kawula. Paduka buka mripat kawula supados kawula saged mangertos pentingipun séda Paduka, lan kaagungan kamenangan Paduka ing kajeng salib. Paduka kemawon ingkang Maha Suci. Paduka sampun wungu saking séda, lan bilahi mboten saged malahan Paduka. Paduka gesang, lan gesang Paduka menika katresnan. Kados dene Paduka mratélakaken sarira Paduka ing donya ing jaman semanten, makaten uga Paduka mratelaaken sarira Paduka ing salebetipun Sang Roh suci Paduka ing dinten menika. Paduka gulawanteh kawula supados anut Paduka kanthi ngungkuraké badan piyambak, ngasihi Paduka kemawon, lan leladi sadaya manungsa kados dene Paduka sampun andadosaken sarira Paduka kados dene abdi kanggo para murid kang mboten pantes. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé para murid ora ngreti babagan sédané Gusti Yésus, lan ora pracaya marang anggone wungu saka séda?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)