Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 090 (Jesus’ Struggle in His Prayer)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

7. Perang Batiné Gusti Yésus Ana ing Sajroné Pandongané (Markus 14:39-42)


MARKUS 14:39-42
39 Banjur tindak maneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau. 40 Baraeng wangsul, para sakabate lagi padha turu, amarga mripate mbliyut sarta ora padha ngreti kudu ngaturaké wangsulan kapriye marang Panjenengané. 41 Bareng wangsul kaping telune banjur ngandika: Saiki turua lan ngasoa. Wis samene bae, iki wis wanciné, delengen, Putraning Manungsa diulungaké marang tangané para wong dosa. 42 Tangia, ayo padha lunga, sing ngulungaké Aku wis cedhak.”

Peteng ndhedhet bakal ngalimputi donya lan ngalimputi Gusti Yésus kang Mahasuci. Bebendune Allah dadi tambah-tambah marang Panjenengané kang nyangga kabéh dosa kita, lan balané pepeteng nyerang para pandhérék Panjenengané. Gusti Yésus tindak menyang taman Getsemani. Papané ana njaba Yérusalém, ing kono akéh pemeresan uwoh zaitun. Ing kana Gusti kepareng ngremuk Gusti Yésus, ngejur Panjenengané, kanthi mangkono lenga anyar bisa mili saka sarira Panjenengané marang wong-wong pracaya, kanthi mangkono kita bisa nampa hasil saka oyot lan lenga saka woh Zaitun kang apik iku. Ing kana Panjenengané nyangga apa kang ditindakaké Rama Panjenengané, lan Panjenengané nyang kabéh momotan dhéwékan.

Gusti Yésus gemeter. Panjenengané dadi prihatin banget, lan banget déning kapenet batin Panjenengané. Rasa nggerus ing ati Panjenengané cukup jero nganti ngejur Panjenengané. Ora ana manungsa kang bisa nyethakaké kajaba saka wong kang nresnani Panjenengané lan kang melu ngrasakaké karo Panjenengané. Wong kang mangkono waé kang bisa nerangaké kabéh panggesangan Gusti Yésus iki kanthi padhang lan teliti. Putra Allah ora wedi marang pati, utawa marang Iblis, awit Panjenengané wis perang lumawan panguwasa pepeteng iku minangka jejeré manungas lan ngalahaké pati lan iblis iku makaping-kaping.

Nanging, nalika Panjenengané ngasoraké sarira Panjenengané lan nyangga kabéh dosa donya iki ing sajroné katresnan Panjenengané, mula Rama Panjenengané kang suci lan adil ora mirsani Panjenengané, andadekaké Gusti Yésus dadi wedhus ireng kang bakal nyangga kabéh kaluputan manungsa lan diparingi paukuman nggenteni kita.

Gusti Yésus krasa gemeter awit anggoné pisah karo Sang Rama nalika paukuman atas donya iku, kang diesokaké atas sarira Panjenengané. Badan lan jiwa kamanungsan Sang Kristus nampik ngunjuk tuwung pait bebendune Allah iu, kang sejatine dicawisaké kanggo manungsa minangka paukuman atas dosa-dosane.

Sang Putra ngunjukaké pandonga nyuwun pitulungan supaya Rama Panjenengané nguwalaké Panjenengané saka panandhang iku manawa pancen ana dalan liya kang kudu dilakoni kanggo keselametan donya. Kanthi gemeter lan kanthi manembah kang golok gilik, Panjenengané mbudidaya kanggo panebusan jagat raya, golék dalan liya, manawa bisa, nanging tanpa ana tanggapan saka Rama Panjenengané. Sinadyan ana pengarep-arep iki, Panjenengané dadi ajur ati, sawutuhahe nyingkur sarirané Piyambak, lan duwé tekad kang paling utama nindakaké apa kang dadi karsané Sang Rama, nyawisaké sarirané supaya ngunjuk tuwung bebendune Allah. Anggoné geter Gusti Yésus iki mulangaké marang kita, ora ana dalan liya kanggo nebus donya iki kajaba lumantar kayu salib.

Gusti Yésus ngendhangi para muridé Panjenengané supaya para murid nyengkuyung lan nguwataké Panjenengané kanthi pandongane. Nanging, Pétrus, kang sadurunge mbudidaya mbelani Sang Kristus ing kahanan apa waé, malah keturon kabawah panguwasané pepeteng. Ora ana murid siji waé kang bisa ngalahaké si pangawak Dursila nganggo kekuwatané dhéwé, awit mung Sang Roh suci Allah waé kang bisa ngayomi wong-wong pracaya lan menehi kamenangan marang wong pracaya.

Sing sapa suméndhé marang awaké dhéwé bakal dikuwasani déning roh pepeteng kang agawé keturon. Apa kang dibudidaya dadi ora ana tegese. Landesan pengalaman Gusti Yésus piyambak, mula gusti Yésus ngélingaké marang kita supaya kita prayitna ing sajroné panguwasané Sang Roh Suci, terus sinau pangandikané Gusti ing Kitab suci, terus ndedonga, awit sinau Kitab suci bakal gawé kekuwatan pikiran kita, kanthi mangkono kita diparingi kabisan ngreti iku roh ala lan uga cara-cara kang dienggo déning roh ala iku. Kanthi pandonga, kita bakal ngalahaké cobané iblis kang tukang apus-apus iku.

Nanging, sing sapa ora maca kitab suci kanthi tumemen, lan ora tegen ndedonga mesti bakal tiba ing sajroné pancoban. Sinadyan manungsa kepengin leladi Gusti Allah, nanging daging iku ringkih. Kita kabéh mbutuhaké panguwasané Allah supaya roh Panjenengané nguwataké roh kita lan nuntun kita marang kamenangan. Aja nyepelekaké kasunyatan yén prakara iman lan nyedhak marang Gusti Allah iku sawijining pepérangan karo panguwasané roh. Mung Roh Allah waé kang bisa mitulungi panjenengan lan paring kekuwatan roh panjenengan kanthi mangkono panjenengan bisa ngalahaké hardané hawa nepsu lan bodhone roh panjenengan piyambak.

Kabéh murid keturon ing sajroné perang rohani iku. Sinadyan Sang Kristus wis paring dhawuh supaya jaga-jaga. Pengalaman iki nuduhaké marang kita, ora ana manungsa kang bisa ngrukunaké donya karo Gusti Allah, lan ora ana wong siji waé kang bisa kuwat luwasan Iblis kajaba Gusti Yésus kang wis tansah jaga-jaga lan ndedonga sinadyana kabéh uwong kang ngampingi Panjenengané keturon. Kaya apa dadi panglipuran ati kita yén ngélingi kepiyé Gusti Yésus terus jaga-jaga, awit Panjenengané saiki ora lagi sare ana ing Suwarga, nanging terus jaga-jaga iya awan lan bengi ngunjukaké syafaat kanggo kita, sinadyana kita lagi keturon lan dadi ringkih! Kasetyan Panjenengané ngalahaké anggon kita tidak setya, lan kekuwatan Panjenengané dadi sempurna ing sajroné karingkihan kita.

Kaya apa rugine manawa manungsa keturon nalika ana lelakon kang penting banget, dikaya kang wis diweca déning Gusti Yésus makaping-kaping! Suwarga lan bumi ngenteni waktu iki. Katone wektu iku wulangan gusti Yésus ora mitulungi para murid, awit Sang Roh Kudus pancen durung manunggal ing sajroné para murid.

“Wis cukup!” pangandika gusti Yésus nalika para murid gagal ujian ilahi iki. Pungkasané, Gusti Yésus ngandika marang para murid, “Delengen!” supaya para murid ngelekaké mripate lan ndeleng lelakon aneh kang bakal kelakon sedhela maneh. Saben-saben kita maca tembung “delengen!” ing sajroné kitab suci, kita prelu ngelekaké mripat kita lan ngatekake. Apa lelakon penting kang kelakon nalika iku? Nalika iku, Gusti Yésus Kristus nelukaké sarira Panjenengané marang karsané Sang Rama, masrahaké sarirané supaya dicekel karo kasar déning wong-wong dosa. Kang Nitahaké piyambam masrahaké sarira Panjenengané ing tangané titah kang dititahaké kang dosa.

Pungkasané, Panjenengané pancen mbangun para muridé Panjenengané kang lagi keturon iku supaya para murid mlayu saka kono, lan sebanjure Panjenengané ngandika, “Delengen, wong kang mbaléla kang males kasetyan-Ku kanthi pambalélane. Aku nebus dhéwéké, nanging dhéwéké sengit marang Aku. Aku ndedonga kanggo dhéwéké, nanging dhéwéké nampik Aku, lan kanthi iku dhéwéké nyilakaaké awaké dhéwé”.

Gimana kanthi panjenengan, sedulur? Apa panjenengan bakal keturon, utawa apa panjenengan bakal ngrungokaké pangandikané Gusti Yésus kanthi ngati-ati, waspada, lan kebak donga?

PANDONGA: Kawula ngaturaké panuwun dhumateng Paduka Gusti Yésus awit panandhang Paduka, ingkang Paduka sangga nggentosi kawula. Paduka apunten kawula atas angenan tanpa guna kamanungsan kawula, lan awit kawula keturon secara rohani. Paduka jejegaken kawula kanthi pangandikan Paduka, kanthi makaten kawula saged ningali kanthi cetha coban ingkang nyerang kawula. Paduka kiyataken kawula kanthi Roh Suci kanthi makaten kawula saged nindakaké dhawuh Paduka, lan nindakaké karsa Paduka, lan ngluhuraken Paduka atas pakaryan Paduka ingkang jagi-jagi lan ngunjukaken safaat kanggé kawula. Paduka sampun ngunjuk tuwung bebendune Gusti Allah kanggé kawula. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe Gusti Yésus dadi prihatin banget lan kapenet batin Panjenengané?

KUIS 4

Pamaos kang kinasih,
Menawa panjenengan nyinaoni buklet angka papat saka Injil Kristus miturut Penginjil Markus iki, panjenengan bakal bisa mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Menawa panjenengan bisa mangsuli 15 pitakonan saka 19 pitakonan kanthi bener, aku sakkanca banal ngirimaké buklet kang pungkasan saka séri iki.

  1. Apa Gusti Allah iku Ana Loro?
  2. Apa kang dingandikaké Gusti Yésus gegayutan pisusung wong-wong kang ana ing pedaleman suci iku?
  3. Apa pentinge katarangan Gusti Yésus gegayutan rusaké Pedaleman suci?
  4. Apa sebabe Gusti Yésus ngandika: “Pepérangan mesti bakal kelakon”
  5. Kepiyé pawarta Injil marang jagat gegayutan karo pungkasané jaman?
  6. Apa makna saka tembung “Juru pangrusak kang nistha”?
  7. Sapa ta kang bakal mlebu ing sajroné mangsa kasangsaran kang gedhé?
  8. Apa tandha-tandhané si antikristus, lan apa tandha-tandha tekane?
  9. Apa ta tandha-tandha pungkasan saka rawuhe Sang Kristus?
  10. Apa makna saka pangandikan “jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabéh kalakon”?
  11. Apa kang panjenengan pahami gegayutan pameca babagan pungkasané jaman?
  12. Kepiyé kita bisa jaga-jaga kanthi tegen nganti-anti rawuhe gusti?
  13. Apa pentingnya cempé paskah iku?
  14. Apa kang kita sinau saka lelakon anggoné gusti dijebati Gusti Yésus déning Maryam lan saka pirembugan kang kelakon sawisé dijebati iku?
  15. Apa sebabe Yudas duwé karep mbaléla marang Gusti Yésus lan para muridé Panjenengané?
  16. Apa ta tanda kang bisa dideleng déning para murid babagan wong kang wis cemawis nampani gusti Yésus mlebu ing dalemé?
  17. Apa prekara-prekara penting kang kakandhut ing sajroné prejanjian Gusti?
  18. Apa kaluputan Pétrus nalika Gusti Yésus maringi pepéling marang dhéwéké?
  19. Apa sebabe Gusti Yésus dadi prihatin banget lan kapenet batin Panjenengané?

Monggo panjenengan tulisaken asma lan alamat jangkep panjenengan banjur kirimaké menyang alamat iki:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany
Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.netim?''

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 06:40 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)