Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)
8. Gusti Yésus Kacepeng Lan Para Murid Padha Mlayu (Markus 14:43-52)MARKUS 14:43-52 Gusti Yésus wis nyawisaké sarirané Panjenengané kanggo dipasrahaké marang para satruné. Panjenengané wis matur karo Sang Rama babagan iki, wis nampa panguwasa nyangga panandhang lan pasiksan tanpa sambat utawa ora seneng. Pandonga Panjenengané wis nguwalaké saka rasa abot atas apa kang bakal dilakoni, lan Sang Rama maringi kekuwatan supaya bisa ngalahaké coban iku kanthi katresnan lan alusing bebuden. Gusti Yésus rasa prihatin nalika Yudas Iskariot teka, lan luwih cuwa manéh Yudas nggunakaké tanda anggone mbalela arupa nyucup, awit murid kang mbalela iku ndadekaké tanda katresnan iku dadi pralambang saka anggone mbalela. Roh Iblis bisa nuwuhaké kadurakan kang nistha saka ati kang tulus pisan. Nanging, gusti Yésus ora nyaruwe karo muride kang mbalela, nanging mung ngélingaké kanthi tembung-tembung kang becik, lan mbudidaya nuntun Yudas bali, lan mratobat manéh. Sinadyana mangkono, gusti Yésus wis cemawis séda minangka cempéning Allah kang alus ing bebuden kanggo nebus manungsa. Para murid ora paham apa kang ditindakaké Panjenengané, awit para murid kebanjur duwé pangarep-arep bakal ndeleng cawe-cawene bala malaikat. Para murid pracaya bakal kamenangan Sang Kristus lan pratéla saka panguwasané Allah. Ing kono gusti Yésus katon kaya ringkih lan kakunjara. Panjenengané ora nindakaké kaélokan babar pisan supaya bisa nylametaké sarira Panjenengané awit prekara iku bakal mbuktekaké yén murid iku salawasé bebarengan karo Panjenengané nampani panganiaya, kabukti mung dhakwan dadi telik sandi. Para murid liyané babar pisan ora nampa apa-apa ing sajroné gusti Yésus dicekel, lan babar pisan ora nemokaké dalan apa – apa kanggo awaké dhéwé kajaba mlayu ngumpet ing petenge bengi karo ati nglokro lan kalimputan rasa wedi. Ana nom-noman kang ora disebutaké jenenge kang ndhérék Gusti Yésus saka kadohan, kaya kang ditulis ing pérangan iki, bisa uga iku Markus dhéwé, kang nulis Injil iki. Dhéwéké bisa uga anak saka wong kang nyawisaké Bujana Pungkasan kunjuk Sang Kristus ing omahe. Bisa uga wong enom iku wis ngrungokaké kabéh pangandikané Gusti Yésus ing sajroné bujana ilahi iku, lan ora bakal lali apa yang dirungu yén saiki wis kawiwitan prejanjian kang anyar, lan sebanjure ngetutaké iring-iringan Gusti Yésus saka kadohan. Nanging, nalika iku gusti Yésus dicekel, wong enom iku banjur mlayu. Dhéwéké milih mlayu ing petengané bengi tinimbang melu nandhang sengsara ing sajroné patunggalan karo Sang Kristus. Kanthi mratélakaké lelakon iku, Markus kepengin ngakoni kasunyatan iku, ngarani awaké ora pantes nulis Injil Sang Kristus, awit mélu mlayu nylametaké awaké dhéwé bebarengan karo kabéh murid. Nanging, Sang Kristus tetap setya marang dhéwéké. Sedulur, apa panjenengan teguh cekelan Sang Kristus, utawa panjenengan luwih milih bandha donya lan misuwur? Panjenengan pilih babagan andhap asor, rasa cukup, lan alusing bebuden dikaya urip sederhana kang dilakoni déning Sang Kristus, manawa ora mangkono mula panjenengan bakal ngadhepi bebaya nyingkur marang Gusti lan ninggalaké patunggalan karo para pandhérék Panjenengané. Mratobata ing sajroné tuntunan Sang Roh Suci, nyingkur awaké dhéwé, lan ngalahaké hardané hawa nefsu pribadi panjenengan salawasé isih ana kang disebut dina iki. Nalika gusti Yésus masrahaké sarira Panjenengan marang tangané wong akéh iku, Panjenengané nggugah Pétrus kang banjur mlumpat ngadeg, lan kanthi nepsu banget Pétrus banjur ngunus pedhange lan nyerang abdi Imam Agung, lan nigas kupinge. Pétrus kepengin netepi janjiné, awit dhéwéké ora paham dalané Gusti Allah. Pétrus keturon ing wektu kang penting banget sadurunge pepérangan dumadi, lan ora bisa nduwa pancoban iku. Kanthi nigas kuping iku, Pétrus agawé abdi Imam Agung ora bisa ngrungokaké Injil. Nanging Gusti Yésus kanthi kebak katresnan marasaké satru iku, lan angganepi paugeran Kraton Panjenengané kanthi nresnani para satru Panjenengané. Gusti Yésus kepengin supaya abdi imam agung iku uga bisa ngrungokaké Injil kanthi kupinge, lan uga diubah oleh kabecikane. Gusti Yésus kang wis kabanda ngandikan karo para prajurit ing tengah lagi gegeran. Panjenengané mratélakaké sarira Panjenengané, lan mbuktekaké marang wong-wong kang nyekel Panjenengané yén Panjenengané pancen ora duwé kaluputan utawa dosa, lan yén para prajurit iu ora duwé hak mbanda Panjenengané kaya maling, awit Panjenengané ora luput; nanging dadi pangganeping pameca Gusti Yésus masarahaké sarirané marang para satru Panjenengané ing sajroné tuntunan Sang Roh Suci, sinadyana para malaikat, bebarengan karo bala tentara kasuwargan, kabawah panguwasa Panjenengané. Panjenengané ngapura dosa-dosa kita kanthi séda ing kayu salib, lan andadekaké kita pantes lumantar sang Roh suci supaya nyesekaké kamenangan saka kaselametan saka Panjenengané. PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, alusing bebuden Paduka nglangkungi nalar kawula, lan kasaenan Paduka ngawonaké wangkoting manah kawula. Paduka ampuni patrap kawula ingkang mbeneraké badan piyambak, babakan karakusan kawula atas arta, atas anggen kawula mbalela, lan patrap kawula ingkang badhé nebih saking Paduka. Paduka apunten kawula awit mboten mangertos margi-margi Sang Roh Suci Paduka, lan mboten nindakaken rancangan katresnan Paduka. Paduka teguhaken kawula ing salebetipun kasaenan Paduka, lan kalimputana kawula kanthi katresnan Paduka kanthi makaten kawula saged ndhérék Paduka kinanthenan pambangun turut, amemuji kaagungan sih rahmat Paduka. Amin. PITAKONAN:
|