Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 7 - Piwulang Gusti Yésus Ing Ing Gunung Zaitun Babagan Mangsa Tembe Yérusalém Lan Pungkasané Jaman (Markus 13:1-37)
8. Gusti Allah Ora Bakal Nyirnakaké Manungsa Ana Ing Pengadhilané (Markus 13:28-30)MARKUS 13:28-30 Apa panjenengan nganti-anti rawuhe Sang Kristus kang kaping pindho? Menawa panjenengan nganti-anti rawuhe Sang Kristus mula panjenengan wis ngingeraké kawigaten panjenengan saka prekara-prekara kadonyan marang Gusti kang iku Sang Roh. Gusti Yésus ora paring pangerten marang para murid babagan urutan owah-owahan lelakon ing pungkasané jaman, nanging Panjenengané nyurung para murid supaya waspada secara kasukman. Awit saka iku, ayo kita naliti tandha-tandhané lumantar owah-owahan sejarah supaya kita bisa ndeleng ing ngendi kita ngadeg saiki, lan kepiyé dadine pungkasané jaman iku wis tambah cedhak. Salah siji saka tandha-tandha pungkasané jaman iku wit anjir, kang dadi pralambang saka umat prejanjian kang lawas. Gusti Yésus ngandika prekara iku makaping-kaping, awit asma Gusti Yésus duwé makna Panjenengané kang nylametaké umat Panjenengané saka dosa-dosane. Nanging, umat Prejanjian lawas ora gelem ngidinaké Gusti nylametaké bangsané, lan malah nyalibaké Sang Juru selamet, sinadyana Panjenengané sejatine Imam Agunge kang sejati. Gusti Yésus ndedonga kanggo umat prejanjian lawas iku ing kayu salib, kaya-kaya Panjenengané lagi ana ing cedaké mezbeh lan ngandika: “Rama, Paduka apunten tiyang-tiyang menika, awit tiyang-tiyang menika mboten mangertos menapa ingkang dipun tindakaken”. Mripat kasukman Gusti Yésus mirsani marang bukti-bukti kang nuduhaké keselametan kanggo wong-wong Yahudi kang wangkot atine. Kita maca ing sajroné Prejanjian Anyar nalika wis martakaké marang donya kabéh lan mlebune bangsa-bangsa ing sajroné Kraton Panguwasa Sang Kristus, sebanjure Gusti, sepisan maneh, bakal maringi wewengan supaya mretobat marang umat prejanjian kang lawas. Sebanjure wit anjir kang wis mati iku, kang isih tetep ngadeg kaya layon urip ing tengah-tengah panggung sejarah donya, bakal nukulaké godhong-godhong panguripan sih rahmat, lan nuduhaké tandha-tandha bakal ngasilaké uwoh, kang uga dadi tandha bakal tekané mangsa panas, kang bakal ngobong wong-wong kang cilaka. Gusti Yésus ngandika kanthi tegas, “Nalika kowe ndeleng kabéh iku kelakon, kowe ngreti yén wektu rawuh-Ku wis cedhak. Delengen, Aku ngadeg ing ngarep lawan jagat rasa lan nothok”. Supaya bisa ngreti prekara iki prelu katememenan kita wanuh owah-owahan kasukman kang ana, lan cemawis menehi pangapura marang kabéh wong kanthi mangkono nalika Gusti rawuh kita bakal ana ing sajroné kamaunggalan katresnan, kasusen, lan kayektén. Gusti Yésus ngandika, “jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabéh kalakon”. Ana sawetara wong kang nafsiraké tembung jinis iki. Bisa uga prekara iki nerangaké yén akéh kang ngrungokaké pangandikan iku isih bakal tetap urip nganti teka wektune rusaké Yérusalém (Ing tahun 70M), Gusti Yésus nglantaraké pameca iku ing tahun 33 M. Pratéla “jinis iki” bisa uga ditujokaké marang kabéh manungsa. Kita bisa ngrasakaké panglipuran yén manungsa pungkasané ora bakal conggah nyirnakaké awaké dhéwé, sinadyana ana bom nuklir akéh banget, pepérangan gedhé, lan penganiaya marang wong-wong pracaya. Sawetara uwong isih tetep urip supaya ndeleng rawuhe dina Gusti, kang mesti bakal rawuh. Pratéla iku uga bisa uga katujokaké marang umat prejanjian lawas. Iku ateges, Gusti maringaké sih rahmat ing tengah-tengah pengadhilan atas uwong-uwong kang ora mituhu, kanthi maringi wewengan marang wong-wong mau supaya mratobat, lan duwé urip langgeng sawisé uwong-uwong mau mati. Nanging, telu kang duwé makna beda-beda saka pratéla iki, bisa uga nuduhaké anané sih rahmat kang diganepi ing sajroné janji supaya nampa urip langgeng kanggo wong-wong pilihan, malah ing tengah-tengah mangsa pengadhilan. Sing sapa nampani sih rahmat kang ditawakaké marang kita bakal bisa ngunjukaké pujian syukur marang Gusti. PANDONGA: Kawula manembah Gusti Allah ingkang suci, awit katresnan Paduka langkung agung tinimbang bebendu Paduka, lan sih rahmat Paduka nglangkungi kasucén Paduka. Paduka rawuh dhumateng kawula tiyang-tiyang dosa lan Paduka sabar atas kawula, lan Paduka ngorbanaken Putra Paduka nggentosi kawula. Paduka paringaké dhumateng putra-putra Rama Abraham ing mangsa pungkasaipun jaman sih rahmat kanggé nglampahi pamratobat, lan nampi kelairan énggal kanthi makaten tiyang-tiyang mboten dados gumunggung, lan mboten sumandhe dhumateng gaman ingkang murugaké pejah, utawi dhumateng kempalanipun tiyang-tiyang menika, utawi dhumateng panguwaos ingkang asifat kadonyan, nanging dados alus bebudenipun lan andhap asor, kadosdané Paduka wontenipun. Paduka ribah kawula seturut kaliyan rancangan Paduka. Amin. PITAKONAN:
|