Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 7 - Piwulang Gusti Yésus Ing Ing Gunung Zaitun Babagan Mangsa Tembe Yérusalém Lan Pungkasané Jaman (Markus 13:1-37)
9. Pameca Babagan Sirnané Jagat Raya Saisine (Markus 13:31-33)MARKUS 13:31-33 Sang Kristus bakal rawuh maneh. Rahayu wong-wong kang nganti-anti Panjenengané, lan kang nyawisaké awaké kanggo patemon agung iku. Rawuhe Putra Allah nuduhaké sih rahmat lan uga pengadilan, lan roh prekara iku adoh ngluwehi kabisan kita kanggo mangerti. Sih rahmat nuntun kita marang patunggalan karo Gusti Allah, lan paukuman bakal nyirnakaké langit lan bumi awit anggoné manungsa ora mituhu. Sang Kristus nyethakaké pérangan kang ditulis déning nabi Yesaya 700 tahun sadurunge: dudu mung bumi kang bakal sirna, nanging langit uga (Yesaya 34:4; 51:6; 2 Pétrus 3:10; wahyu 6:12-17). Sing sapa maca lan paham bukti-bukti iku bakal dadi jalaran gumune. Bumi ing ngisor bakal ajur, lan hawa kang dadi nafas kita, bakal kobong. Kaya apa nggegirisine. Ora mung bumi kita kang bakal sirna, nanging uga srengenge lan planet-planet liyané, awit dosa manungsa mung salah siji pérangan cilik saka pérangan gedhé anggoné tiba ing ngarsané Gusti Allah. Iblis iku ora mung sawijining dongeng, nanging panguwasa donya iki kang nyeret wong duraka ing sajroné kekarepane. Paukuman Iblis lan bala-balané iku awujud geni kang murub, dikaya kang dingandikaaké gusti Yésus: “Sumingkira saka ing ngarsaningSun, Heh, wong kang padha kena laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisaké kanggo Iblis lan para malaékate”(Matius 25:41). Apa panjenengan ngreti yén tekané pungkasan jaman iku, dimangerteni lan disebutaké uga ing agama-agama liya, awit roh-roh liya uga ngreti babagan lelakon kang bakal tumeka iki? Nanging iman kita apunjer marang katresnan Allah, ora marang dina kiamat. Katresnané Allah iku kang dadi pengarep-arep kita, lan pangandikané kang alus iku winih, dadi landesan lan panguwasa kanggo nganyaraké wong-wong kang pracaya marang Gusti Yésus. Gusti uga njangkung pangandikané supaya aja ana wong ngingeraké utawa malsu pangandikan mau. Sebanjure, kepiyé bisa ana wong kang kandha yén Injil kang suci iku wis dipalsu? Apa wong-wong mau ora ngreti yén Gusti kita iku kayektén lan gesang, Pangandian kang dadi manungsa, kang marang Panjenengané wis diparini panguwasa ing langit lan ing bumi, lan Panjenengané wis mitayaké pangandikan iku marang wong-wong pracaya kang dadi Injil kang suci iku minangka bandha kang aji dhéwé? Manawa panjenengan kudu golék pangayoman ing sawijining wektu mengko, margaka kahanan iku dadi jalaran panjenengan kelangan kabéh bandha kadonyan panjenengan. Ing wektu kang mengkono, gawanen kitab suci panjenengan. Waca isine awan lan bengi. Luwih api manawa panjenengan apalaké sawetara ayat emase, kanthi mangkono manawa kitab suci iku dirampas uwong, apa kang panjenengan apalaké iku bakal tetep kasimpen ing sajroné pikiran panjenengan. Gusti Yésus piyambak ngandika, “PangananKu iku nindakaké karsané Panjenengané kang ngutus Aku.” Awit saka iku, apalna sawetara pangandikané Gusti. Kareben pangandikan iku nembus mlebu ing ati panjenengan, lan kamangertenana isiné, uga nindakna dhawuhe. Panjenengan ora bakal kaget karo kabéh kang kelakon ing pungkasané jaman, lan panjenengan uga ora bakal dikalahaké, awit panjenengan wis dirubah nganggo panguwasa pangandikané Sang Kristus, lan wis melu marisi hakikat sipat keallahan Panjenengané. Panjenengan bakal tansah manunggal karo Panjenengané, lan manunggal karo para malikat bakal tansah nyawan panon Panjenengané. Sebanjure, panjenengan bakal katon kaya dilairaké saka pangandikan sih rahmat Panjenengané. Nalika gusti Yésus nglantaraké wulangané ing Gunung Zaitun gegayutan pungkasané jaman ing ngarepané papat murid kang cedhak Panjenengané, karo nyawang Yérusalém, lan meca gegayutan rusaké kutho iku, Gusti Yésus lagi ngandika sawijining prekara minangka jejeré Putra Manungsa lan uga Putra Allah ing sajroné pribadi siji. Panjenengané ngracut kamulyané lan dadi manungsa kang winates, lan Panjenengan ngandika: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakaké apa-apa saka awaké dhéwé, manawa Panjenengané ora weruh kang katindakaké déning Sang rama. Sabab apa kang katindakaké déning Sang Rama, iku uga katindakaké déning Sang Putra. Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengané nedahaké sabarang kang ditindakaké piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengané iya bakal nedahaké marang Kang putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku supaya kowe padha gumuna. Awit padha kaya Sang Rama anggoné nangekaké lan nguripaké wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripaké sok wonga kang dikarsakake. Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae, nanging pangadilan iku wus dipasrahaké marang Sang Putra, supaya kabéh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggoné ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengané. (Yokanan 5:19-23) Kita nyemak apa kang dingandikaaké Gusti Yésus iku metu saka telenging ati kang andhap asor, uga panguwasa Panjenengané kang sempurna. Sing sapa ngreti anggoné andhap asor gusti Yésus, mula wong iku bakal ngreti pangandika kang dingandikaaké yén Sang Rama durung mratelaké marang Panjenengané kapan pungkasané jaman iku kelakon. Ora ana malaikat, roh-roh, Iblis, utawa wong-wong kang wis dilairaké maneh kang ngreti kapan wektu kang katetepaké jaman iki, déning Sang Rama kita minangka pungkasané lan wiwitan saka patangen wong-wong mati uga wiwitan pengadhilan Panjenengané. Bodho banget yén nganti mbudidaya ngetung-etung dina lan tanggale rawuhe Sang Kristus. Nanging kang mesti rawuhe iku tambah dina tambah cedhak. PANDONGA: Dhuh Rama kang suci, Gusti lan Juru selamet kawula, kados menapa Paduka sampun prihatos dhuh Ingkang Mahatresna, lan sampun dadi bebendu inggih ingkang maha suci, ngantos Paduka mungkasi mangsa kesabaran Paduka, lan netepaké kanggo ngutus putra Paduka dadi hakim atas donya menika? PangandikanMu meca babagan kepungkure langit lan bumi. Paduka cawisaké kawula gegayutan kaliyan dhatengipun dinten ing wekdal sadaya pérangan jagat raya menika ndlewer déning panas ingkang mboten karuwan panasipun lan saestu nggegirisi. Paduka tulungi kawula supaya wonten ing salebetipun Gusti dinten menika kanthi makaten bilahi langgeng menika mboten badhé ngelem kawula, nanging kawula badhé tetep tentrem ing salebetipun kamimpangan Sang Kristus, lan terus wonten ing salebetipun gesang ingkang Paduka paringaké lumantar panguwasa pangandikan Paduka. Kawula ngaturaké panuwun Rama kasuwargan, awit Sang Kristus wonten ing salebetipun kawula, pengajeng-ajeng kawula badhé kamulyaan. Amin. PITAKONAN:
|