Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 080 (The Coming of Christ)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 7 - Piwulang Gusti Yésus Ing Ing Gunung Zaitun Babagan Mangsa Tembe Yérusalém Lan Pungkasané Jaman (Markus 13:1-37)

7. Rawuhe Sang Kristus, ing Pungkasaning Sejarah Donya (Markus 13:24-27)


MARKUS 13:24-27
24 “Ananging ing wektu iku, sawisé kasangsaran mau kalakon, srengenge bakal dadi peteng lan rembulan ora bakal sumunar 25 sarta lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, apadene pikukuhing langit bakal padha gonjing. 26 Ing nalika iku wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh nitih mega kalawan ngagem sakabéhing panguwasa lan kamulyane. 27 Ing wektu iku uga para malaékate bakal kadhawuhan metu nglumpukaké para pepilihané saka ing keblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.

Gusti Yésus iku gesang. Panjenengané ing sisih tengen Sang Rama lan kagungan karsa supaya para pandhérék Panjenengané martakaké panguwasa Sang Roh Panjenengané ing saindhenging jagat, lan supaya para pandhérék Panjenengané tetep setya ing tengah-tengvah mangsa urip kang angél maekani pancoban-pancoban ing pungkasané jaman.

Sang Kristus kagungan raos kapang dhumateng geréjané Panjenengané luwih saka penganten lanang duwé rasa kangen marang pengantin wadon. Kabéh pénggalihe, rancangan lan pengarep-arep Panjenengané kapunjer marang geréjané Panjenengané. Katresnan Panjenengané iku asipat Allah lan langgeng. Katresnan iku ora tau gagal.

Ing donya, si anti kristus ngrasakaké bebendu kang gedhé banget, awit pikirané dhéwéké duwé kekarepan nyirnakaké geréja Sang Kristus. Nanging, Geréja tetap urip. Malah sinadyana wong-wong kang setya iku mati, nanging wong-wong kang setya mau urip, awit becoik mati utawa urip kita ana ing sajroné Gusti; lan tembok neraka ora bakal bisa tahan lumawan geréja Sang Kristus.

Katon saka pameca kang ana yén si anti Kristus, kanthi gumunggung kepengin merangi Gusti Allah sang Rama lan putra Panjenengané. Bisa uga si anti kristus mbudidaya nibaké lintang-lintang nganggo bom kang gedhé banget, lan duwé kekarepan nekakaké bilahi prajurit roh nganggo pesawat antariksa kanthi mangkono dhéwéké ora mung bakal nyirnanaké bumi,uga ngebaki langit karo cuwilan-cuwilan lintang lan awu, kang bakal ngalimputi srengenge kaya gendruwo kang medeni.

Sebanjure njendhel, es, pepeteng, prahara, kaliren, lan nglokro bakal nyerang bumi kang wis rusak iku, lan saindhenging bumi padha gemeter kaya wong kang lagi mendem lan lintang-linang bakal katon kaya lagi nglangi lan sebanjure tiba.

Gusti Allah wis ngatur supaya manungsa kang ora gelem mbangun turut marang Panjenengané bakal padha patén-paténan karo wong-wonge dhéwé. Manungsa yasa pasiksan lan paukuman kanggo wong-wonge dhéwé.

Nanging, ing sajroné kasusahan kang gedhé, nalika piala tekan watese, Sang Kristus bakal rawuh ing donya iki, lan kabéh mripat bakal ndeleng Panjenengané. Dikaya Panjenengané wis mingkrad saka bumi iki marang Rama Panjenengané, ngalahaké kekuwatan lan kageret gravitasi, mengkono uga Panjenengané bakal rawuh maneh lan katon ing ngarepe mripat kabéh manungsa, kaya sunar gumebyar kang mblereng, kanthi sunar kang luwih padhang tinimbang srengenge, kang sumunar saka wétan mangulon, lan kang madhangi ing pérangan-pérangan bumi kang peteng dhéwé.

Rawuh Panjenengané bakal ngoregaké jagat raya. Kang nitahaké bakal rawuh dadi hakim, kang bakal njaluk jawabané manungsa. Roh-roh ala bakal gemeter awit tekané dina paukuman iku, lan wong-wong kang isih urip nganti rawuhe Gusti Yésus bakal andadekaké gumeter kang ngédab-édabi nganti wong-wong mau njaluk gunung njugrugi wong-wong mau, utawa wong-wong mau bakal mbudidaya singidan ing guwa-guwa kang peteng ndhedhet ing sajroné iktiare mlayu saka panone Gusti Allah.

Gusti Yésus bakal rawuh kinanthenan panguwasa lan kamulyan kang gedhé. Panguwasa sawutuhé wis diparingaké marang Panjenengané iya ing langit lan ing bumi. Bala tentara malaikat kang gunggunge akéh ndhérékaké Panjenengané, awit kanthi rawuhipun Panjenengané iku, kelanggengan bakal mlebu ing sajroné laladan kang wis rusak ing donya kita. Sunar kamulyan Putra Allah bakal ngadhili kabéh manungsa tanpa prelu akéh pangandikan, awit wong-wong iku ora nyucekaké awaké nganggo rah Sang Kristus. Nami-nami saking sunar kamulyan Panjenengané iku kayektén, katresnan, kasucén, alusing bebuden, iman, andhap asor, sih rahmat lan sabar.

Gusti Yésus piyambak iku kang dadi ukuran saka anggon kita diadili, lan katresnan Panjenengané iku paugeran ing suwarga. Ora ana wong siji waé kang bener ing ngarsa Panjenengané, kajaba wong-wong kang wis dibeneraké déning Rah Panjenengané, lan urip ing sajroné Roh Panjenengané.

Sang Kristus nalika rawuh ora bakal terus madeg dadi Hakim, nanging dadi jejeré putra manungsa, lan minangka jejeré Imam Agung kang tahu nampa pancoban padha karo kita, kebak sih rahmat marang karingkihan kita, lan kamulyan Panjenengané minangka Putra Allah bakal nekakaké panglipuran kanggo kita. Panjenengané iku Putra Manungsa sejati kang kagungan tandha salib ing asta lan suku Panjenengané. Paningal Panjenengané bakal nuwuhaké panglipuran, tentrem rahayu, kabungahan, lan pujian ing tengahe pasamuwan Panjenengané.

Panjenengané pirsa saka kabéh wong-wong pracaya, kang dipratélakaké marang Panjenengané lumantar Sang Roh Panjenengané, “Aja wedi, awit Aku wis nebus kowe, Aku nimbali jenengmu, kowe iku kagunganKu”. Panjenengané bakal ngutus ewon malaikat supaya nglumpuk ngayomi wong-wong kang ditimbali jenenge. Wong-wong bakal ngédab-édabi dipisahaké nalika rawuhe Sang Kristus. Wong-wong kang wis dilairaké maneh bakal urip. Pati ora bakal bisa nekakaké bilahi marang wong-wong kang wis kaliraké maneh. Panguwasa kayektén saka sunar kamulyan Allah ora bakal nekakaké bilahi marang wong-wong iku. Woh-woh Sang Roh malah bakal timbul ing sajroné uripe, lan wong-wong iku bakal sowan marang Gusti kang wis nglumpukaké wong-wong mau sowan marang Panjenengané.

Panjenengan waca Injil Matius (25:31-42) kanthi mangkono panjenengan bisa mangerti, kanthi mangerti tenan, apa kang bakal dumadi nalika iku rawuhe Sang Kristus, lan dadaren awak panjenengan alandhesan ayat-ayat iku. Ana ngendi Panjenengané? Kepiyé karo anané badan panjenengan? Apa panjenengan kalebu ing sajroné golongan wong-wong kang nampa bilahi awit pambaléla panjenengan, utawa panjenengan kalebu kang ditimbali ing sajroné bujana cempéne Allah?

Kaya apa ngédab-édabine kabungahan iku! Para malaikat ora mung bakal nglumpukaké putra-putra Allah saka saindhengan jagat, nanging uga saka saindhenging suwarga, yaiku wong-wong kang mati ing sajroné Gusti, awit wong-wong urip manunggal karo Gusti Yésus. Nalika iku kita bakal ndeleng Paulus, Pétrus, Yokanan, lan Sang Penginjil Markus, lan kita bakal takon-takon sapa kang manunggal gusti lan sapa kang ora. Wong-wong kang pinilih dudu awit wong-wong mau ngédab-édabi, sugih, pinter utawa misuwur. Nanging, saben tembung ing sajroné berkah pangandikan rahayu Gusti bakal diganepi. Rahayu wong-wong kang mlarat ana ing ngarsané Allah, awit wong-wong mau kang bakal duwé Kraton Suwarga.

PANDONGA: Paduka rawuh dhuh Gusti Yésus, kawula gadhah kekajengan kepanggih kaliyan Paduka, awit Paduka sampun séda kanggo kawula, lan wungu kanggé mbeneraké kawula. Paduka wucal kawula supados ngaturaken panuwun, nresnani, lan memuji Paduka kanthi makaten kawula pantes kanggi kepanggih kaliyan Paduka. Paduka tulung kawula ing jaman pungkasan menika supados kawula mboten kelangan pengajeng-ajeng babagan rawuh Paduka, ing wekdal sadaya ingkang wonten ing jagat menika kelampahan kekirangan bensin, lan toya dados angél dipadosi, srengenge kecalan panasipun. Paduka kemawon pepajar kanggo lampah gesang kawula. Paduka sucékaké kawula sawetahipun kanthi makaten kawula saged dadi abdi kanggé sadaya tiyang, kados dene Paduka uga sampun masrahaken gesang Paduka kanggé lelados tiyang -tiyang dosa. Matur nuwun atas rawuh Paduka manunggal kaliyan kawula ing salebetipun Sang Roh suci Paduka. Mangga Paduka rawuh Gusti Yésus, Paduka sempurnakaken geréja Paduka, lan tuntun kawula kanggé nyeksekaké ingkang kagungan panguwaos kanthi makaten tiyang-tiyang ingkang pejah ing salebetipun dosa saged wungu ing salebetipun gesang Paduka, lan nyawisaken badanipun supados kepangih kaliyan Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa ta tandha-tandha pungkasan saka rawuhe Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2025, at 05:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)