Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 053 (Jesus Predicts His Sufferings)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

6. Gusti Yésus Paring Pameca Maneh Babagan Anggone Nandhang Sangsara (Markus 09:30-37)


MARKUS 9:30-37
30 Tumuli padha mangkat saka ing kono, nratas ing tanah Galilea, karsané Gusti Yésus aja ana wong kang weruh, 31 amarga lagi paring piwulang marang para sakabate, pangandikane: “Putrané Manungsa bakal kaulungaké marang tangané wong, bakal disédani, nanging sawise disédani, ing telung dinané bakal wungu maneh”. 32 Para sakabat padha ora ngreti marang pangandika mau, nanging padha ora wani miterang. 33 Sawise mangkono banjur padha teka ing kutha Kapernaum. Bareng wis ana ing dalem, Gusti Yésus ndangu marang para sakabate: “Apa sing padha kokrembug ana ing dalan mau?” 34 Nanging kabéh padha meneng bae, sabab nalika ana ing dalan mau padha padudon bab sapa kang dhuwur dhéwé ing antarané para sakabat iku. 35 Gusti Yésus banjur lenggah, sakabat rolas padha ditimbali lan dipangandikani: “Sing sapa kapengin dadi pangarep, iku dadia kang keri dhéwé lan dadia paladene wong kabéh.” 36 Gusti Yésus banjur mundhut bocah cilik, diadegaké ing tengah, nuli dirangkul sarta ngandika marang para sakabat: “Sing sapa nampani bocah pepadhané iki atas jenengk-Ku, iku ateges Aku kang ditampani, lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampani, nanging kang ngutus Aku.”

Gusti Yésus ngandika marang para muridé Panjenengané, yén Panjenengané bakal dipasrahaké ing tangan wong-wong dosa, nanging para murid ora paham apa kang dikarsakaké lan rancangan saka pameca iki, yaiku yén Hakim kang langgeng bakal masrahaké sarirané kanthi legawa kanggo manungsa minangka panebus kanggo kita. Sejatiné, mukjizat iki ngluwihi pangerten kita, mligine babagan wungu saka ing antarané wong mati.

Dadi, kanggo para pandhérék Panjenengané prekara iku tetap ora bisa dimangerti, awit para pandhéréke durung tau ngrasakaké lahir anyar déning sang Roh Suci. Malah nganti jaman saiki isih akéh wong kang wuta lan ora krungu babagan katresnané Allah kang dipratélakaké lumantar kayu salib. Wong-wong iku ora ngreti kayektén babagan manunggali sang Roh Suci ing atine wong-wong kang ngelak kayektén, lan kang pracaya marang Putra ontang-anting Allah.

Jagat iki prelu wong-wong kang ndedonga marang Gusti Yésus supaya Sabda Panjenengané nundhung kang marakaké kuping ora krungu, lan pikiran kang nampik Sabda Allah, supaya wong-wong mau katangekaké maneh, dikuwatke lan gelem ngrungokaké pangandikané Allah.

Malah para pandhérék Gusti Yésus uga didadar kliru tampa marang pangandikané Gusti Yésus iku. Kang dadi jalaran ora krungu prekara kasukman lan wuta kasukman wong-wong iku yaiku watek gumunggunge dhéwé, kang dadi jalaran ora bisa ngrungokaké lan ndeleng, awit wong-wong mau isih nggorohi awaké dhéwé, duwé pikiran yén dhéwéké padha luwih ngédab-édabi ketimbang karo wong-wong liya.

Ing sajroné prekara iki, wong-wong mau ora ndeleng gusti Yésus minangka jejeré patuladan kita. Panjenengané andadekaké sarirané minangka jejeré Abdi Allah, nyangga kabéh dosa jagat, lan kanthi mangkono andadadekaké sarirané asor dhéwé lan kang asor dhéwé. Gusti Allah piyambak ngungkuraké sarira Panjenengané saka Gusti Yésus nalika Panjenengané disalib kanggo kita.

Nanging, para murid malah padha cecongkrahan babagan sapa kang unggul dhéwé ing antarané para murid, lan sapa kang kuwasa dhéwé lan kang kinurmatan dhéwé ing antarané para murid. Para murid ngasor ingasoran pada-pada para murid, lan kabéh tiba ing sajroné dosa gumunggung, awit kabéh rumangsa luwih becik ketimbang liyane. Dosa iki kawiwitan saka Iblis lan ngracuni pikiran manungsa.

Sedulur, sing ngati-ati marang watek gumunggung kang ana ing ati panjenengan. Ngati-ati supaya ora suméndhé marang awaké dhéwé. Kita prelu ngasoraké awak dhéwé. Lurua pepadhané kang ilang lan dosa supaya pepadhané kita uga bisa disucékaké ing sajroné asma Sang Kristus. Ladeni wong-wong kang sedherhana. Aja coba-coba dadi majikan, nanging tuladhani watek andap asor Gusti Yésus kanthi mangkono panjenengan bisa dadi unggul ing ngarsané Allah.

Gusti Yésus mundhut bocah cilik lan sebanjure nglungguhaké ing tengah-tengah para muridé Panjenengané, dadi pralambang saka kahanan lan iman para murid. Bocah iku dudu bocah kang becik saka awak dhéwé, utawa ora dosa ing sajroné mangsa dadi bocah, awit kabéh manungsa wis dosa wiwit dadi bocah. Nanging, bocah iku suméndhé marang bapakné, lan nresnani ibune wiwit cilik. Kita kudu sinau roh kaya bocah-bocah iku, lan ora duwé pikiran yén kita iku bendara-bendara kang bisa ngendelaké awaké dhéwé.

Sang Kristus nuntun kita supaya nresnani wong-wong liya kanthi mangkono kita ora mung urip kanggo awak dhéwé lan keluarga dhéwé waé, nanging kita uga nggatekaké wong-wong kesrakat lan yatim piatu, kanthi mengkono kita bisa mitulungai sedulur-sedulur mau lan ngengakaké omah kita kanggo kang lagi duwé panandhang mengkono mau. Wong-wong kang leladi bocah-bocah cilik lan wong-wong mlarat nuladhani Gusti Yésus nampani kita lan ndadekaké kita para putrané Allah. Mangga kita ngasoraké awak kita dikaya Sang Kristus, lan leladi wong-wong kang ringkih, bocah-bocah cilik, lan wong-wong mlarat. Aja mung nyawang wong-wong sugih, wong-wong kang pinter, wong-wong kang duwé, awit lumrahe wong-wong iku malah ora gelem ngrungokaké apa kang kita kandhakake.

PANDONGA: Kawula ngaturaken gunging panuwun, dhuh Sang Kristus, awit Paduka sampun nresnani lare-lare alit lan nggatosaken lare-lare menika. Kawula ngakeni menawi kawula ugi alit lan ringkih. Apunten kawula gegayutan anggen kawula gumunggung , lan Paduka wucal kawula babagan andhap asor kados dene Paduka, kanthi makaten kawula saged nresnani tiyang-tiyang mboten gadhah, nampi tiyang – tiyang menika, ndhérék cawe-cawe nyangga kangélanipun, bikak manah lan griya kawula kanggo tiyang-tiyang menika, lan tansaha leladi tiyang-tiyang menika kados dene kawula leledos Paduka ing saben wektdal ing salebetipun gesang kawula. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé Gusti Yésus nuntun para muridé Panjenengané supaya para murid bisa andhap asor?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 02:51 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)