Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)
7. Timbalan Supaya Duwé Sikep Kang Tinarbuka (Markus 9:38-41)MARKUS 9:38-41 Sadurungé dhéwéké dadi wong kang pracaya marang Sang Kristus, Yokanan duwé pikiran kang cethek, fanatik, gumunggung lan merinan. Yokanan ora senang awit ana wong kang dudu pandhéréke Gusti Yésus, nggunakaké asma Gusti Yésus nundhungi roh-roh ala saka wong-wong kang karasukan. Yokanan bisa nesu awit dhéwéké dadi jejeré wong pracaya nanging ora melu mlebu dadi pandhéréke Gusti Yésus. Wong iku wis ngakoni yén ora ana panguwasa ing sandhuwure bumi iki kang lewih saka panguwasané Sang Kristus, kang lumantar Panjenengané kabéh kuasa saka Suarga dipratélakake. Kayektén iki mitulungi kita supaya mbangun urip kita ora atas landhesan kabisan, anggone ahli, anggone nampa ganjaran, pengalaman, utawa ajine diri kita ing sajroné geréja utawa masyarakat, nanging mbangun awak dhéwé atas landhesan Gusti Yésus waé, kang Maha Kuwasa, piyayi menang kang Agung lan iman panjenengan dadi jalaran panjenengan melu cawe-cawe iang sajroné kamenangan Panjenengané. Apa panjenengan wanuh panguwasan Gusti Yésus? Apa panjenengan ngrasakaké keselametan kang ana ing sajroné anggone ngrukunaké antarané jagat karo Gusti Allah kang ditindakaké déning Panjenengané? Apa panjenengan manembah Allah Sang Rama kanthi kebak kabungahan? Apa panjenengan melu cawe-cawe ing sajroné patunggalan wong-wong mursid ing sajroné kapiyandelan? Apa panjenengan urip kanthi panguwasané Sang Roh Panjenengané? Sing sapa ngrasakaké kabecikané Rama kasuwargan kita ora bakal bakal gelem ninggalaké Panjenengané, nanging bakal terus leladi Panjenengané kanthi kabungahan. Sing sapa ditunggali déning Sang Roh Allah bakal ngasihi lan ngapura wong-wong liya tanpa nungka-nungka, lan tansah leladi warga geréja. Awit saka iku, Sang Kristus mratélakaké babagan kang banget penting iki, “Sing sapa ora lumawan kita, wong iku nyarujuki kita”, sinadyana Panjenengané uga ngandika ing Injil Matius 12:30 mangkene: “Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora nglawan marang Aku, lan sing sapa ora melu ngumpulaké karo Aku, ikku mbuyarake” Beda antarané loro pratéla iku yaiku awit ing sajroné Matius 12:30 Gusti Yésus lagi lumawan para satru kang ndakwa Panjenengané yén Panjenengané nggunakaké panguwasané roh ala. Gusti didakwa nganakaké paserujukan karo setan-setan kang duwé kuwasa. Banjur yén Injil Markus Panjenengané mratélakaké babagan iku kanggo nyengkuyung wong pracaya kang nundhung setan-setan alandhesan asma Panjenengané kang ora kalebu dadi pendhérék Panjenengané. Awit ayat iki kita menehi paseksén marang kabéh geréja, masyarakat, lan pribadi-pribadi kang ngasihi Gusti Yésus, Sang Juru selamet kita kang gesang, kang bakal rawuh, lan kang wis disalib iku, wong-wong kang nggunakaké asmané kalebu kanca nyambut gawé ing sajroné leladi, sedulur ing sajroné Roh Suci, sinadyana wong-wong mau beda karo kita ing babagan keyakinan wulangan, utawa cekelan marang cara paribadahan lan pakulinan tartamtu. Kita kabéh dicancang bebarengan ing sajroné asma Sang Kristus kang gesang lan katresnan Panjenengan kang ngluwihi kabéh kawruh lan kang kebak sabar marang marang wong-wong kang beda ing sawetara prekara. Sang Kristus mbangun wewates kraton Panjenengané luwih jembar tinimbang rasa fanatik kang ora nganggo pranatan. Ya iki jalarané Panjenengané nampik ngadhili wong-wong liya. Sing sapa menehi segelas banyu marang salah siji pandhéréke Sang Kristus, lan ngurmati pandhéréke Sang Kristus iku awit gegayutané karo Putra Allah bakal nampa berkah kang langggeng awit anggone menehi iku, sinadyana wong iku dhéwé dudu wong kang wis dianyarake. Sang Kristus pirsa wiwit wiwitan wong pracaya marang Panjenengané saka ing sajroné ati wong iku. Panjenegnané ora nampik apa waé kang dirasa gegayutan karo Panjenengané sinadyana mung cilik waé. Yaiki sebabé Panjenengané ngajeni saben jinis iman kang tulus ing sajroné atine kabéh manungsa, lan banget déning abungah-bungah atas kabéh pakaryan ing dalané Pangeran. Aja mung nyawang marang warga geréjané dhéwé, nanging uga nampa sedulur-sedulur kang ana ing ora dadi warga geréja panjenengan kang uga pracaya marang Sang Kristus kang disalib. Tresnani sedulur-sedulur mau, lan ndedonga kanggo sedulur-sedulur mau, awit kita kabéh ana ing sajroné Sang Kristus kang gesang. PANDONGA: Dhuh rama Kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun awit krana Paduka mboten ngremehaken kawula atas anggen kawula mboten sempurna babagan iman kawula, utawi paring paukuman kawula atas ringkihipun katresnan kawula; nanging Paduka nuntun kawula nyaket dhumateng Paduka lumantar katresnan Paduka ingkang endah, lan maringi kawula kados pundi wanuh dhumateng Putra Pduka ingkang Paduka sihi kanthi makaten kawula saged nampi panguwaos kasukman saking Panjenenganénipun déning Roh Panjenenganipun. Paduka berkahi geréja-geréja lan masyarakat Kristen ing timur tengah lan jagi saindinging jagat supados sadaya tiyang saged dipun tunggalaken ing salebetipun asma Paduka. Amin. PITAKONAN:
|