Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)
5. Gusti Yésus Marasaké Bocah Kang Kapanjingan Roh Ala (Markus 9:14-29)MARKUS 9:14-29 Nalika Gusti Yésus dimulyaké ana ing gunung iku, ana wong nggawa anaké kang lara marang murid liyané lan njaluk marang murid supaya anaké diwarasake. Nanging para murid iku ora bisa marasaké larané bocah iku, awit roh ala ngrasuk bocah iku. Roh ala iku ora gelem teluk marang para murid, lan ora gelem ngeculaké bocah kang lara iku. Saka lelakon iki, kita bisa sinau yén ana wong kang diuwalaké saka regemaning roh ala ora marga saka kekuwatané wong iku utawa saka kekuwatan wong suci sapa waé, nanging awit panguwasa Gusti Yésus Kristus. Dadi, aja mbangun iman lan pengarep-arep panjenengan marang manungsa, para abdi Gusti, utawa pendeta, utawa manungsa ing ngendi waé, kajaba saka panguwasané Gusti Yésus waé. Amung Panjenengané Gusti lan kang Maha kuwasa kang cedhak karo panjenengan kang mirengaké pandonga lan rasa kangen panjenengan lan ngersakaké mitulungi sarta marasaké panjenengan. Gusti Yésus ngélingaké para murid lan wong-wong pracaya ing sakiwa tengene awit karingkihan kasukmané, kang ora disebut Panjenengané duwé iman kang cilik, nanging disebut Panjenengané “jinis kang ora duwé pangandel”. Kita kabéh cekelan marang tradisi manungsa lan kagoda dadi gumunggung, lan yaiki sebabé panguwasané Allah ora timbul kanggo mitulungi wong liya. Kita kudu ngreti yén pikiran, rerasan, lan kekarepané kita ora bakal bisa mitulungi sapa waé. Mratobata saka karingkihan iman panjenengan, lan éling yén jalaran karingkihan kasukman kita iku awit pikiran kang asipat kadonyan, lan awit kita cekelan marang prekara kadonyan, sinadyana bisa uga kita katon kaya wong mursid. Gusti Yésus nyethakaké marang bapak saka bocah sing lara iku yén bapak iku bisa mitulungi yén dhéwéké pracaya marang Gusti Yésus. Wong-wong kang pracaya marang Gusti Yésus bakal nglakoni prekara-prekara kang mokal, awit Gusti Yésus kagungan panguwasa makarya lumantar karingkihane. Aja lali yén Putra Allah Kang Maha Kuasa iku kebak katresnan. Iman panjenengan marang Panjenengané bakal nggayutaké panjenengan karo panguwasa kasuwargan kang ana ing antarané kita ing sajroné Injil. Sing sapa urip ing sajroné katresnan, wong iku ana ing sajroné Allah, lan Allah ana ing sajroné wong iku. Nalika Bapak mau krungu yén iku siji-sijine syarat kanggo warase anaké, bapak mau nguwuh kanthi luh dleweran, eluh pamratobat. “Duh Gusti, kula suwun iman kula ditambahaké kanthi makaten kla mroben malih dadi golongan tiyang-tiyang ingkang mboten pitados”. Gusti Yésus ora nampik pangakon kang kinanthenan ati kang remuk mangkené, nanging Panjenengané nguwataké iman kita nalika kita nyuwun marang Panjenengané, awit iman kang bener iku woh saka Sang Roh Suci. Sing sapa maca kitab suci kanthi ndedonga, luru kawruh, katresnan lan panguwasa, bakal nampa apa kang disuwun, wanuh Gusti Yésus ing sajroné kayektén Panjenengané, lan pracaya marang Panjenengané kanthi kebak andhap asor, lan nampa banyu panguripan kang ambanyu mili saka Panjenengané. Nalika Sang Kristus marasaké bapak iku saka anggone ora pracaya, lan sebanjure nuntun marang iman kang urip ing sajroné Panjenengané, Gusti Yésus sebanjure paring dhawuh supaya roh ala iku metu saka bocah kang lara lan ora marengaké ngrasuki bocah iku maneh. Saka kaélokan iki, kita bisa sinau loro prekara: Kang kawitan, Gusti Yésus kagungan panguwasa lan kersa nundhung roh-roh ala, lan uga dosa-dosa liyané, kanggo mitulungi wong-wong kang masrahaké awaké marang Panjenengané. Kang kaping pindho, roh ala bisa bali marang wong-wong kang wis tau kauwalaké saka pialané, kajaba manawa sang Roh Gusti mlebu lan nguwasani uripe wong iku. Iblis asring mbudidaya nggeret kita ngedoh saka panguwasané Sang Kristus. Nanging, dhéwéké ora bisa ngrampas kita saka astané Sang Kristus, awit panguwasa Sang Kristus luwih kuwasa tinimbang kabéh coban marang wong-wong kang pracaya marang Panjenengané, lan kang gelem sinau pangandikan Panjenengané. Gusti Yésus nyepeng bocah kang lagi kauwalaké saka panguwasané roh ala iku. Panjenengané nggugah bocah iku, lan sebanjure nggawa bocah mau marang bapaké kang wis dadi wong pracaya. Iman bapaké nylametaké anake. Apa panjenengan kersa pracaya marang panguwasané Gusti Yésus, kang bisa nguwalaké mitra lan sedulur panjenengan saka panguwasané roh ala? Apa katresnan panjenengan cukup kuwat kanthi mangkono panjenengan ora mung kumandel kanggo awak panjenengan dhéwé, nanging uga kanggo para mitra Panjenengané? PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka kanthi golong gilik awit Paduka sampun ngutus Putra ontang-anting Paduka ing jagat ingkang awon menika, supados mucalaken dhumateng kawula iman ingkang leres. Kawula ngakeni karingkihan iman kawula. Lan malah sejatosipun menika nedahaké anggen kawula mboten pitados. Paduka apunten kawula gegayutan kaliyan dosa menika. Paringi kawula keyakinan ingkang teguh katresnan Paduka ingkang kebak panguwaso. Paduka kiyataken katresnan kawula dhumateng tiyang-tiyang sanes kanthi makaten kawula saged ndedonga kanthi setyo kanggé kawilujenganipun. Paduka tampi panyuwun kawula. Paduka wilujengaken sadhérék-sadhérék menika. Paringi kamardikan sadhérék-sadhérék menika. Paduka ribah sadhérék menika kados dene Paduka sampun paringaken dhumateng kawula kawilujengan lan panebusan. Amin. PITAKONAN:
Ayat kanggo diapalake: |