Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)
4. Mudhun saka Gunung (Markus 9:8-13)MARKUS 9:8-13 Kita kabéh isih urip ing donya, durung ana ing suwarga. Pati ana ing ngarep kita, lan kasusahan uga rasa sengit ngepung kita. Para murid ngreti kayektan kang banget mrihatinaké lan nglarani iki nalika para mruid ndeleng kamulyan Allah ing sajroné Sang Kristus ing pucuk gunung iku. Para murid bakal banget déning nglokro manawa Sang Kristus ora manunggal karo dhéwéké maneh. Sang Kristus iku panglipuran kang gedhé dhéwé kanggo kabéh wong pracaya. Para murid ora pinisah, awit Sang Kristus nganthi para mruid lan manunggal karo para murid lumantar jaminan Sang Roh suci. Wong Kristen kang wis dilahiraké maneh ora bakal tau ditinggal dhéwékan malah ing mangsa kasusahan, awit Gusti Allah kang Maha Kuwasa manunggal ing sajroné panguripane. Wong Kristen bakal terus manunggal karo Allah lan terus ing sajroné sih Panjenengané. Sang Krisus martakaké marang para muridé Panjenengané pawarta becik babagan anggone bakal wungu saka pati. Panjenengané nyesekaké sadurungé Panjenengané séda, babagan kamimpangané atas kabéh panguwasa ala ing jagat iki, lan mratélakaké marang para murid wadi panguripan Panjenengané. Nanging, para murid ora mangreti kaélokan iku, lan duwé pikiran yén Gusti Yésus minangka Putrané Allah, bakal terus mungokaké wong-wong mati, selaras karo prasetya Panjenengané, minangka tanda sipat keallahane. Mangkono uga, wong-wong Yahudi uga pracaya, lan isih pracaya marang rawuh Panjenengané kang kebak kaluhuran, Sang Mesih kang nangekaké wong-wong mati, lan netepaké kraton kayektén Panjenengané, kanthi Yérusalém dadi kutha Raja. Wong-wong mursid nalika iku uga ngreti, roh nabi Elia bakal ngaton, lan roh iku bakal nyawisaké dalan kunjuk Sang Kristus, ngudhunaké geni saka langit supaya ngobar wong-wong ala. Nalika murid telu mau ndeleng nabi Elia yaiku nabi kang diweca, para murid dadi bingung, lan duwé pikiran yén tekané kratone Allah bakal énggal kelakon, awit para murid isih durung ngreti pentinge kayu salib iku. Yaiki sebabé gusti Yésus negasaké marang para murid maneh yén Panjenengané kudu nglakoni akéh panandhang lan ditampik, awit Kratone Allah ora teka ing sajroné kaluhuran nalika iku, nanging Gusti Yésus nyawisaké sarirané masrahaké nyawa lan séda nggenteni wong-wong dosa. Pikiran manungsa ora bisa nyakep wadi iki manawa ora lumantar pakaryané Sang Roh Suci. Revolusi kratone Allah ora kawiwitan peperangan lan hasil politik, nanging lumantar mbeneraké lan nyucekaké wong-wong kanthi panguwasa Sang Roh suci bisa manunggal ing sajroné para murid. Apa panjenengan paham lan ngrasakaké watonan-watonan iki ing sajroné panguripan panjenengan? Tekané Yokanan Pembaptis nyethakaké kayektén kasukman iki, awit timbalan pamratobat iku nyawisaké rawuhe Gusti. Nanging, Sang Pembaptis ngreti lumantar sang Roh Suci yén Sang Kristus ora bakal mbaptis nganggo geni lan uga ora bakal nyirnakaké wong-wong ala, nanging Panjenengané bakal nyangga kabéh dosa jagat minangka cempéning Allah. Pungkasané, Yokanan Pembaptis uga ngakoni yén Sang Kristus Rajané ora bakal nguwalaké saka pakunjaran, nanging bakal ngejaraké dipaténi. Wong-wong Yahudi bisa nugel gulune Yokanakn Pembaptis, awit Kratone Allah ora dibangun atas landhesan kauntungan lan kasiling kang asipat kadonyan, nanging atas landhesan iman lan kaprecayan malah nalika ngadhepi pati pisan, awit kabéh wong kang ana ing sajroné Sang Kristus bakal tetap urip. PANDONGA: Dhuh gusti Yésus kang gesang, Paduka mboten nilaraké kawula, nanging Paduka nganthi kawula ing sajroné kabéh kangélan lan malah pati. Paduka kemawon panggesangan kawula. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka ngrumiyini kawula ing salebetipun margi panandhang, lan mulangaken dhumateng kawula supaya nyingkur badan piyambak. Paduka teguhaken kawula ing salebetipun margi Sang Roh Suci Paduka, kanthi makaten kawula bisa mikul kangélan kawula kanthi sabar, lan mboten ngraosaken isin awit asma Paduka malah ing salebetipun panandhang kawula. Amin. PITAKONAN:
|