Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
15. Gusti Yésus kondur Menyang Galilea, Tindak Menyang Yarden, lan Marasaké Wong bisu lan budheg (Markus 7:31-37)MARKUS 7:31-37 Akéh-akéh manungsa ora gelem ngrungokaké pangandikané Allah. Mung sethithik waé kang gelem ngakono Asma Gusti Yésus. Manungsa sabenere kaya bisu lan budhek awit manungsa ora krungu timbalan Gusti nganggo kuping kang kawengakaké, lan manungsa uga ora ngreti pawarta Injil karo ati kang mratobat, lan manungsa uga ora nggunakaké ilate kanggo ngluhuraké Gusti, nanging mung kanthi tembung-tembung cemer kang kothong, pujian kang diwernani lelamisan kang metu saka lambéne. Asma Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci ora dimangerteni, awit Gusti Yésus durung nguwalaké bandan ing atine. Apa panjenengan uga isih bisa ing ngarepané iman kang bener? Sowané marang Gusti Yésus, awit Panjenengané kagungan panguwasa nguwalaké panjenengan saka piala, lan Panjenengané cemawis nampani panjenengaen. Sang Kristus kepengin mbuka pikiran panjenengan, lan nylametaké panjenengan saka wangkoting ati lumawan iman lan katresnan kang bener kanthi mangkono panjenengan mengkone bakal bisa dadi seksi saka panguwasa Panjenengané kang gedhé. Nalika Panjenengané bali saka laladan Tirus lan Sidon, Sang Kristus tindak ing sisih wétan Yarden, ngedoh saka wong-wong Yahudi. Bangsané Piyambak iku padha karo wong kang budhek lan bisu. Wong Yahudi pracaya yén dhéwéké kabéh duwé pangandikané Allah lan dhéwéké kabéh ngrungokaké pangandikan iku lan tansah ndedonga. Kamangka wong-wong iku wuta lan budheg, lan lempoh awit Sang Roh suci durung manunggal ing sajroné uripe. Ing kana, Gusti Yésus ketemu karo wong lara saka sabrange Yarden kang diajak sowan ing ngarsané déning sawetara wong pracaya ing kana, supaya Panjenengané marasaké wong iku. Sang Kristus kanthi kebak katresnan lan kabecikan, astané ndemek kupinge wong budheg mau supaya wong mau ngrasakaké astané Allah ndemek sirahe. Gusti Yésus ngidu ing asta Panjenengané lan ngelus ilat kang bisu iku, supaya panguwasané Allah mlebu ing sajroné wong iku. Banjur Gusti Yésus tumenga ing langit, supaya wong iku eling yén keselametan lan pangpura mung asale saka Gusti Allah waé. Sawisé Sang Kristus nitahaké iman ing sajroné ati wong kang bisu lan budhek iku lumantar tandha-tandha kang cetha banget lan bisa ngrasakaké katresnan Panjenengané, Gusti Yésus banjur ngobahaké lathi Panjenengané kanggo mocapaké tembung kang banget déning duwé panguwasa iku, “Mengaa!” Nalika iku uga, wong iku bisa krungu, anggone kangélan kandha disirnakaké, lan wong iku bisa wiwit omong kanthi lancar. Lan pangandikané Allah iku tembung-tembung kang kawitan dirungu. Dina iki, Sang Putra Allah ndemek kuping wong akéh. Panjenengané ndemok nganggo driji Panjenengané ing wong-wong mau lan ngandika, “Mengaa!” Rancangan Panjenengané yaiku supaya yutan wong dadi kang ngrungokaké lan seksi, abungah-bungah ing sajroné asma Sang Rama. Apa panjenengan sowan lan nuntun para mitra panjenengan ing klinike Sang Kristus? Panjenengané waé kang ndongakaké kita lan juru Pitulungan kita. Ora ana wong siji waé kang bakal ditampik, awit Panjenengané iku Gusti Allah kang kebak katresnan lan dadi pantara kanggo kita. PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang Mahakiyat, kawula manembah katresnan Paduka lan ngluhuraken Paduka awit nyarasaké tiyang ingkang budhek ing Yarden. Wilujengaké uga kawula saking kahanan budhek lan bisu, kanthi makaten kawula saged dipun uwalaken saking cancangan ing salebetipun manah kawula, lan kawula saged ningali kaluhuran Paduka ing ngajengipun kawula, uga ngluhuraké asma Paduka secara tinarbuka ing ngarsanipun Allah lan manungsa. Paduka bikak talingan yutan tiyang ing jaman menika, lan uwalaken ilatipun kanthi makaten tiyang-tiyang menika saged manembah asma Paduka selaminipun. Amin. PITAKONAN:
|