Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 042 (Jesus and the Syro-Phoenician Woman)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)

14. Gusti Yésus lan Wong Wadon Siro-Fenisia (Markus 7:24-30)


MARKUS 7:24-30
24 Gusti Yésus banjur jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus. Nuli lumebet ing sawijining omah lan ora karsa, yén ngantia kasumurpan ing wong, nanging rawuhe iku ora bisa kasidhem. 25 Amarga ing nalika iku uga banjur ana wong wadon, kang anaké wadon kapanjingan dhemit, sawisé krungu bab Panjenengané, énggal-énggal marek sumungkem ana ing ngarsane. 26 Wong wadon iku bangsa Yunani, saka ing tanah Siro-Fenisia iku nyuwun marang Gusti Yésus, karsaa nundhung setané saka ing anake. 27 Tumuli dipangandikani déning Gusti Yésus: “Cikbene bocah-bocah padha wareg dhisik, sabab dudu samesthine njupuk roti sing disadhiyakaké kanggo anak-anak, bannjur diuncalaké marang kirik.” 28 Nanging unjuke wong wadon mau: “Kasinggihan, Gusti, nanging kirik inggih sami nedha keceranipun putra-putra ing ngandhap meja.” 29 Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika marang wong wadon iku: “Marga saka tembungmu kang mangkono iku, wis mundura, dhemite wis metu saka ing anakmu.” 30 Wong wadon mau tumuli mulih, anaké ketemu turon ing amben, dhemite wis lunga.

Manungsa tanpa Gusti Allah kala-kala duwé tumindak kaya kewan, kebak karo hardaning hawa nefsu lan rasa sengit. Kosok baline Gusti Allah nitahaké kita ing wiwitané memper karo gambar kaluhurané Panjenengané, lan andadekaké katresnan minangka ukuran kanggo urip kita. Nanging saben saben manungsa ninggalaké Gusti Allah lan menehi wewengan roh-roh ala, ing kana wong iku bakal golék marem awaké dhéwé kanthi pikiran kang cemer. Pepinginan ala nguwasani lan nyurung wong iku supaya nindakaké apa kang sabenere ora dikarepaké, kanthi mangkono wong iku bakal dadi kaya asu kang mbebayani lan tansah jegog.

Wong kang mangan sekolah ora bakal pracaya prekara mengkono nganti awaké dhéwé ndeleng wong-wong apatrap kaya babi ing sajroné hardaning hawa nepsuné, lan kaya kewan galak kang kerah antarané siji lan liyané kang dadi jalaran patine.

Gusti Yésus nganti tindak Libanon nalika nyingkiri wong-wong Yahudi kang mbudidaya nyedani Panjenengan sawisé Panjenengané njlentrehaké marang wong-wong kang tanpa ati kang anyar, minangka wong-wong dosa, wong-wong mau tetep cemer lan ngenteni pengadilan. Gusti Allah ngutus Putra Panjenengané kanggo wong-wong Yahudi kang dosa, kang nggetuni dosané, selaras karo prasetya janji Panjenengané marang leluhur bangsa iku. Nanging akéh ing antarané kang ngawula Paugeran Torat iku nampik timbalan Sang Kristus, nyalibaké Panjenengané, lan mangkotaké atine marang Sang Roh Suci. Sebanjure Gusti Allah mbuka lawange keselametan kanggo bangsa-bangsa liya supaya mlebu menyang njerone pepanthan ngongonan Panjenengané.

Ana wong wadon Libanon kang lagi apes uripe pracaya marang panguwasa lan agunge katresnan Gusti Yésus. Wong wadon mau ngakoni kaluhurané Gusti Yésus lan manembah Panjenengané. Dikaya wong-wong liya, atine wong wadon mau uga cemer, nanging kanthi tuntunan Sang Roh Suci, wong wadon mau sowan kanthi andhap asor kepada Sang Kristus. Wong wadon iku nampa pangandikané Gusti Yésus. Nalika Gusti Yésus mirsané wong wadon kang pinilih saka antarané wong-wong dudu Yahudi iku luwih cemawis ketimbang karo wong yahudi supaya nampa Kratoning Allah, lan Sang Roh suci wis agawé wong-wong kang cemawis nampani keselametan ing antara wong-wong dudu Yahudi, Gusti Yésus nampa iman wong wadon iku, lan nundhung roh ala kang manjing ana anaké wong wadon mau kang lagi nandhang kasangsaran.

Apa panjenengan ngreti kaya apa pentinge ing wektu iku kanggo sejarah keselametan saindhenge jagat? Wong wadon Libanon iki salah siji wong kawitan saka ing antarané wong-wong dudu Yahudi kang wanuh Allah kang bener. Panjenengané wis nyawisaké dalan panguwasané Allah manunggal ing sajroné kita. Apa gelem panjenengan ngasoraké awak kaya kang ditindakaké wong wadon Libanon iki?

Dina iki, Injil Sang Kriswtus wis sumebar ing saindhenge jagat. Sing sapa ngakoni dosa-dosané kang siningitan ing ngarsané Allah, bakal nampani urip kang langgeng, lan nyawiji ing sajroné keluwarga Allah. Kabéh wong kang pracaya marang Gusti Yésus, Yahudi utawa dudu, urip ing jaman iki ing sajroné prejanjian kang anyar ing ngendi Sang Kristus nampa kabéh wong kang ilang lan cemer, nyucekaké wong-wong mau kanthi Rah Panjenengané, lan ngalimputi wong-wong mau nganggo katresnan kang saka Allah lan maringi panguwasa tentrem rahayu. Apa panjenengan tuwuh secara kasukman, utawa panjenengan kurang jero ing sajroné iman?

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngakeni ing salebeting manah kawula bilih kawula menika kados dene kewan galak ingkang dipun kuwasani déning kanepson lan raos sengit dhumateng tiyang-tiyang. Paduka apunten kawula atas piawon ingkang wonten ing salebetipun gesang kawula, lan kalimputana kawula kalian katresnan, kasucen, ugi kesabaran putra Paduka, kanthi makaten kawula saged ngapunten tiyang-tiyang sanes, lan nganggep badan piyambak langkung alit ing antawisipun patunggalan sadhérék tunggal kapitadosan. Uwalaken para mitra kawula lan sadhérék-sadhérék kawula saking watek gumunggung, kanthi makaten pikiran cemer saged nilaraken tiyang-tiyang lan sang Roh suci Paduka manunggal ing salebetipun gesangipun. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa pentinge kaélokan Gusti Yésus kang ditindakaké minangka tanggapan atas iman wong wadon Siro Fenisia iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 10:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)