Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
11. Gusti Yésus Nyedhaki Para Murid kanthi tindak Napak Banyu (Markus 6:45-56)MARKUS 6:45-56 Wong akéh lan para murid seneng banget karo roti kang akéh kang dicawisaké déning Gusti kanggo wong-wong lan para murid, lan wong akéh mau mbudidaya ndadekaké Panjenengané dadi Raja atas bangsa iku. Nanging Gusti Yésus banjur ngajak para murid ngedoh saka wong akéh iku. Panjenengané ngajak para murid ngedoh saka pancoban kanggo dadi wong kang duwé kalungguhan, lan dhawuh marang para murid munggah prau kanthi mangkono bisa ngedoh sak adoh-adohé saka wong akéh iku. Panjenengané kagungan karsa supaya para murid ngreti tenan ing ngarsané Allah bab kabéh kang lagi waé kelakon lan babagan Panjenengané kang nindakaké kaélokan, kanthi mangkono para murid ora ngutamakaké roti kang diparingaké, nanging ngutamakaké Panjenengané kang bisa yasa roti dadi akéh mau. Nalika para murid wis numpak perahu menyang tlaga, Gusti Yésus tindak piyambakan waé ing papan kang sepi kanggo ndedonga. Sang Putra Kang Maha Luhur ngandikan marang Sang Rama Panjenengané gegayutan pakaryan kang wis dituduhaké ing ngarsa Panjenengané, kang bakal ditindakaké ing sajroné asma Panjenengané. Sang Putra ora nindakaké apa –apa tanpa Sang Rama, nanging tansah ndedonga, lan makarya sempurna ing sajroné kahanan kang selaras karo karsa Sang Rama. Apa panjenengan ndedonga secara pribadi ing ngarsa Allah? Panjenengané bakal dadi ringkih manawa donga ing sajroné sang Roh Suci ora panjenengan tansah tindakake. Lumantar donga-donga lan katresnan Panjenengané, kang ngungkuli kawruhe manungsa, Gusti Yésus mirsani para muridé Panjenengané ana ing sajroné bebaya, lan meh kasilep ing tengahe tlaga awit katempuh prahara kang mawalikan. Panjenengané mireng panguwuh para murid nyuwun tulung. Sebanjure Gusti Yésus ora terus lereb ing papan kang sepi iku, nanging Panjenengané énggal-énggal mitulungi para murid, lan nuduhaké marang para murid yén Panjenengané iku Gusti atas jagat raya: Panjenengané tindak napak banyu ing tlaga, nembus watu kubur, lan mingkrat menyang suwarga. Panjenengané duwé badan kasukman, awit Panjenengani dilairaké saka Roh Allah. Gusti Yésus ora banjur nyeraki para muridé Panjenengané, nanging Panjenengané ndadar imané luwih dhisik. Para murid nguwuh marang Gusti Allah nyuwun pitulungan saka Panjenengané. Nanging nalika Sang juru tulung rawuh kanthi cara kang ora kaangen sadurunge, para murid gemeter lan nguwuh kaweden, “Ana memedi nekani kita”. Apa panjenengan pracaya yén donga-donga panjenengan di pirengaké lan diparingi wangsulan? Gusti Yésus tansah mirengaké donga panjenengan lan Panjenengané temtu angrawuhi Panjenengané. Aja wedi utawa gemeter marang rasa giris awit lelakon ing sakiwa tengen panjenengan, utawa rasa giris marang manungsa, prahara lan pepeteng, awit Gusti ana ing cedhakan panjenengan. Sang Kristus paring dhawuh panjenengan supaya tenang awit anggone Panjenengané manunggal. Panjenengané paring dhawuh marang panjenengan supaya ngendhaleni badan, kanggo kaluhuran Panjenengané, saka kabéh jinis rasa wedi. Gusti Yésus ora ndukani para muridé Panjenengané awit kaweden nalika nyawang Panjenengané rawuh kanthi cara kang aneh iku, nanging ndadekaké tentrem lan mratélakaké bener karawuhan Panjenengané. Panjenengané pirsa asal usul para murid kang dadi juru amek iwak lan kaprecayané marang memedi-memedi. Panjenengané ngandika, “Iki Aku. Aku ana, lan kowe wanuh Aku. Aku Allah kang dadi manungsa. Iki Aku. Aja wedi. Kowe kudu wani! Bungah-bungaha.” Apa ati panjenengan atos kaya watu, utawa kalimputan Sang Roh Suci? Apa panjenengan pracaya marang sang Juru selamete panjenengan sinadyan ana pepeteng lan ing sjrone prekara, apa panjenengan golék roti lan rasa ayem lumantar iman panjenengan? Gusti Yésus iku sih rahmat Allah marang panjenengan, lan luwih utama tinimbang kabéh kang liyane. Kali nugraha saka Gusti Allah mancar metu marang kabéh wong kang mbuka awaké marang kabecikan Panjenengané. Panjenengané waé sumber panguwasa Allah, lan dudu para murid, wong-wong suci, para pendeta, utawa manungsa ing ngendi waé. Sang Kristus waé kang bakal marasaké jiwa lan badan panjenengan manawa panjenengan nggoléki Panjenengané. Sawisé Gusti Yésus nyabarang tlaga karo para muridé Panjenengané, sawetara wong wanuh Panjenengané. Awit saka iku wong-wong mau mlayu-mlayu ngubengi laldan iku, lan nggawa marang Panjenengané kabéh wong kang lara lan kang lempoh, lan Gusti Yésus marasaké wong-wong lara mau. Ora ana penyakit kang ora bisa diwarasaké déning Panjenengané. Panjenengané iku Kang Menang. Malah ndemok gombyok jubah Panjenengané waé bakal bisa marasaké lara wong-wong kang pracaya marang Panjenengané. Mangkono uga, Panjenengané kandha marang panjenengan dina iki, “Imanmu wis marasaké kowe.” Tanpa iman, ora bakal ana keselametan, utawa tentrem rahayu. PANDONGA: Kawula manembah Paduka, dhuh Sang Putra Allah, awit seganten, prahara lan sadya unsur jagat raya menika mbangun turut dhumateng Paduka. Kawula teluk dhumateng katresnan Paduka, lan pitados dhumateng karawuhan Paduka ing wekdal menika. Tetapa sesarengan kaliyan kawula, Paduka tundhung raos ajrih kawula, lan katitahna ing salebetipun kula iman, tentrem rahayu, lan katresnan. Kintenipun kawula nyawisaken badan kawula kesah dhateng dusun ngadusun lan kitha makitha kanthi makaten kawula nuntun dhumateng Paduka sadaya tiyang ingkang sampun siap supados kasarasake. Paduka kemawon juru pitulung ingkang setyo. Amin. PITAKONAN:
|