Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 035 (Jesus Rejected at Nazareth)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)

7. Gusti Yésus Ditampik ing Nazarét (Markus 6:1-6)


MARKUS 6:1-6
1 Sawisé iku Gusti Yésus jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing kutha asale, kadhérékaké déning para sakabate. 2 Bareng dina Sabat Panjenengané wiwit memulang ana ing papan pangibadah, sarta akéh banget wong kang padha kumpulan, lan padha kaeraman nalika ngrungokaké, banjur padha sapocapan: “Kabéh iku olehe saka ngendi? Lan kawicaksanan apa kang kaparingaké marang Dhéwéké? Sarta mukjijat-mukjijat kang kaya mangkono Dhéwéké kok bisa nganakake? 3 Apa iku dudu si tukang kayu, anaké Maryam, sadulure Yakobus, Yoses, Yudas lan Simon?” Banjur padha kacuwan tumrap Panjenengané. 4 Tumuli Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: “Nabi iku ana ing ngendi-endi diajeni, kajaba ana ing panggonan asale lan ing antarané kulawargané sarta ana ing omahe dhéwé” 5 Mulané ana ing kono Panjenengané ora bisa nindakaké pangeram-eram babar pisan, kajaba mung marasaké wong lara sawatara sarana katumpangan asta. 6 Panjenengané ngungun ngraosaké anggone wong-wong mau ora padha pracaya, banjur tindak njajah desa karo memulang.

Wong-wong ing ndesa Nazarét wis wanuh Gusti Yésus matahun-tahun, awit Panjenengané gedhé ing antarané wong-wong mau, lan wong-wong mau nyebut Panjenengané anaké Maryam. Awit Bapak Panjenengané kang sabenere ora dimangerteni wong-wong mau. Nanging anggone ngremehaké iki dadi pikurmatan lan tanda mligi Sang Kristus, awit Gusti Allah piyambak Rama Panjenengané kang mutrakaké Panjenengané saka Sang Roh Suci lumantar putra perawan Maryam.

Nanging, papat sedulure, kang jeneng-jenenge cetha disebutaké ing sajroné Injil Markus, ora dilairaké saka Gusti Allah, lan ora dadi pandhéréke Gusti Yésus uga. Para sedulure kabéh iku kalebu adik Gusti Yésus, lan kalebu anak-anaké Yusuf, bapak angkat Gusti Yésus. Yakobus kang disebutaké kawitan pisan dadi adi sing tuwa dhéwé yaiku Gusti Yésus, kalebu ing antarané papat adik Panjenengané kang liya. Sawisé mingkrate Sang Kristus, Yakobus dadi salah siji pinituwa geréja bebarengan karo Petrus lan Yohanes. Gusti Yésus ngatingalaké sarirané marang sedulur Panjenengané iki sawisé anggone wungu saka séda, lan ngalimputi sedulure iku karo Sang Roh Suci. Sebanjure Yakobus nulis salah siji layang marang pasamuwan (Semak Lelakone para rasul 15:13; 21:18, 1 Korinta 15:7 lan layang Yakobus)

Juru warta Injil Markus uga ngandhakaké marang kita yén sadurunge anggone leladi Panjenengané, Gusti Yésus iku dadi tukang kayu. Panjenengané uga nyethakaké marang kita kepiyé Gusti Allah lagi nuntun Gusti Yésus marang leladi kang asipat sang Mesih sawisé Yakobus, adike, cukup dewasa lan bisa golék pangan kanggo keluwargané, awit Yusuf, bapaké, wis tilar donya, lan bisa uga Gusti Yésus kang tanggung jawab kanggo nyengkuyung keluwarga Panjenengané kanthi nyambut gawé dadi tukang kayu.

Wong-wong Nazarét eram banget marang kawicaksanan ing sajroné pangandikan Panjenengané, lan panguwasa kang ngedap-edapi saka kabéh kaélokan Panjenengané. Wong-wong mau ora ndeleng kabisan nalika Gusti Yésus isih bocah, nanging saiki sipat keallahan Panjenengané dipratélakaké, lan hakikat saka Sang Rama Panjenengané dipratélakaké ing sajroné katresnan Panjenengané.

Para mitrané Gusti Yésus biyén lan sedulur-sedulur Panjenengané ora wanuh sumber kabisan Panjenengané, awit para mitra lan para sedulure ora pracaya marang sipat keallahan Panjenengané, lan ora pracaya Putra Allah ora bisa nindakaké kaélokan ing antarané para mitra lan para sedulure iku. Bisa uga panjenengan kandha yén Gusti Allah bisa nindakaké apa waé kang dikersakaké Panjenengané. Mesti waé, Gusti Allah bisa nindakaké samubarang saka kang ora ana, lan kanggo nyirnakaké ing sajroné paukuman atas wong-wong kang pantes nampani paukuman. Nanging ing ngendi wong-wong kang ora pracaya marang Gusti Yésus, Putra Panjenengané, Sang Roh suci ora bisa ngluhuraké Panjenengané lumantar panguwasa lan kawicaksan Panjenengané kang gedhé. Ing sajroné Kratone Allah, ora ana peksan supaya kumandel, katresnan lan pengarep-arep. Sing sapa ora gelem kanthi sukarila mbuka atine marang pakaryan Gusti Allah ora bakal bisa ngrasakaké berkah-berkah Panjenengané.

Nanging iman panjenengan wis nylametaké panjenengan. Panjenengan wis dadi wong kang tanggung jawab marang sedulur ing sakiwa tengen panjenengan, lan berkah Gusti ambanyu mili marang wong-wong liya lumantar kaprecayan panjenengan. Ora susah gumun manawa keluwarga panjenengan atau kanca panjenengan nampik lan malah nganiaya panjenengan, awit prekara kang kaya kang kedadean marang Sang Kristus. Panjenengan ora luwih tinimbang karo Gusti panjenengan. Sinaua saka Panjenengané. Manawa prelu, aja mapan ing kuta asal panjenengan, manawa sedulur-sedulur mau nampik panjenengan, nanging lungaa ing papan liya, kang pantes panjenengan enggoni, lan dadia seksi kunjuk Sang Kristus, gunakaké kawicaksanan lan panguwasané Allah.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka apunten kawula manawi kawula andadosaken Paduka prihatos awit anggen kawula mboten pitados babagan pakaryan kawilujengan ingkang Paduka tindakaken. Paduka wucal kawula supados kawula kiyat ing salebetipun iman dhumateng sipat keallahan lan kamanungsan Paduka, kanthi makaten Paduka saged ngalimputi kawula kanthi kawicaksanan pangandikan Paduka, kanthi makaten panguwaos Sang Roh suci Paduka saged ambanyu mili lumantar kawula, lan kanthi makaten kawula saged dados berkah kanggo tiyang-tiyang ing sakiwa tengen kawula. Berkahi para mitra kawula lan sadhérék-sadhérék kawula kanthi makaten para mitra kawula saged ngluhuraken Paduka kanthi kebak kabinganan kados dene kawula. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe Gusti Yésus ora bisa nindakaké kaélokan ing ndesa asale?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 04:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)