Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 019 (Withered Hand Restored on the Sabbath)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 3 - Lelawanan Antarané Gusti Yésus Karo Para Pemimpin Bangsa Yahudi (Markus 2:1 - 3:6)

5. Tangan kang Ceko diwarasaké Ing Dina Sabat (Markus 3:1-6)


MARKUS 3:1-6
1 Sawuse iku Gusti Yésus rawuh ing papan pangibadah maneh. Ing kono ana wong kang tangané ceko sasisih. 2 Wong-wong padha ngulataké, apa bakal marasaké wong iku ing dina Sabat, supaya anaa dhadhakan kanggo nglapuraké Panjenengané. 3 Gusti Yésus banjur ngandika marang wong kang ceko, “Mara ngadega ing tengah kene!” 4 Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengaké ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametaké wong apa mateni wong?” Nanging kabéh padha meneng bae. 5 Gusti Sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” tangané banjur diathungaké, wis mari. 6 Para wong Farisi padha metu lan banjur sakuthon karo wong Herodhiani sumedya nyedani Panjenengané.

Ing jamané Gusti Yésus, para ahli torét banget déning kacancang karo Paugeran Toréte kanthi mengkono wong-wong iku babar pisan ora ndeleng panandhange sedulur-sedulure, lan ora golék kewarasan kanggo sedulure sing lagi nyangga panandhang, nanging duwé anggepan pagawéan lan kabéh kewarasan dadi dosa manawa ditindakaké ing dina Sabat.

Para ahli torét iku babar pisan ora gelem nampa yén Gusti Yésus marasaké kabéh wong kanthi ora mbayar ing sajroné sih rahmat Panjenengané, lan kabéh leladi ing sajroné katresnan sabenere sawijining patrap pangibadah. Nanging para ahli Torét malah pracaya yén mung kanthi ngujudaké ing upacara agama waé kang nyawisaké dalan tumuju marang Gusti Allah. Para ahli torét ora gelem ngakoni yén atine wis diwangkotaké sinadyana para ahli Torét asikep banget déning mursid. Awit saka iku para ahli torét dadi nesu banget marang kabéh wong kang duwé pikiran kang béda, lan dadi mati secara kasukman ing sajroné rasa sengite.

Sebanjure, prekara kang banget ngédab-édabi dumadi: wong-wong kang rumangsa mursid, lan dudu wong-wong kang ora pracaya, kang ndeleng katresnan kawarasan saka Putra Allah supaya wong-wong iku bisa lumawan Panjenengané lan ngrangket Panjenengané diadhepaké marang pengadhilan agama. Wong-wong iku wis kelangan rerasan babagan katresnané Allah, lan Roh Panjenengané wis adoh saka wong-wong iki malah ing tengah-tengah anggone manembah wong-wong iki. Nanging juru mupu beya lan wong-wong dosa malah ngreti karawuhané Allah ing sajroné Sang Kristus, lan mratobat uga diwarasake.

Gusti Yésus nresnani malah marang para satru Panjenengané kang fanatik iku. Panjenengané uga nresnani wong kang tangané ceko. Awit saka iku, Panjenengané mratélakaké katresnan Panjenengané ing ngarepe umum, agawé wong kang tangané ceka iku ngadeg ing antarané wong kabéh, lan nuduhaké marang wong Farisi wangkoting atine dhéwé.

Gusti Yésus ora ngremehaké pikiran manungsa, utawa akal sehat, nanging Panjenengané ora nganggep loro-lorone minangka kekuwatan, kang tanpa pratéla Allah, bisa mangreti kengkeran Allah ing sajroné donya iki lan donya kang bakal tumeka. Gusti Yésus ngalahaké para satru Panjenengané nganggo penalaran katresnan Panjenengané, lan Panjenengané mbungkem wong-wong mau kanthi pemikiran kang sedherhana kang bisa ditemokaké ing sajroné saben manungsa.

Tumindak becik iku becik, lan tumindak ala iku ala. Awit saka iku, manawa ana wong kang ngreti nindakaké apa kang becik nanging ora nindakaké, wong iku dosa. Sing sapa kang ngejaraké waé wong kang lagi ngalami prekara lan ninggalaké tanpa nggatekaké, patrap mangkene padha karo mateni.

Pitulungan kawitan kang diwenehaké marang wong kang tatu kala-kala padha pentingé, utawa malah luwih penting, tinimbang kotbah. Panjenenan ora bisa kotbah marang wong kang lagi ngelih, utawa kang lagi tatu getehen. Luwih dhisik, wenehana panganan, banyu lan perban tatune. Katresnan maekani sakabéhe lan nuntun kita kanggo nindakaké apa kang prelu ditindakake.

Gusti Yésus kang kebak katresnan dadi duka awit anggone para ahli torét iku wuta. Katresnan Allah ora malangi bebendu Gusti kang suci, kang katon ing sajroe ati Panjenengané nalika mirsani manungsa ora urip seturut karo Roh Panjenengané. Nanging Gusti Yésus ora banjur nyirnakaké wong-wong lelamisan iku, nanging Panjenengané dadi sungkawa awit kahanan atine kang nganggep awaké dhéwé bener kamangka sabenere para ahli torét mau mati ing sajroné patrap gumunggung lan patrap kamursidan pribadi kang adhem. Bebendune Allah ora banjur kaandhapaké marang kanisthan manungsa, awit Panjenengané iku sabar. Nanging kasucen kasabaran Panjenengané nuntut anané paukuman kang wutuh atas dosa. Kaya apa anggone Gusti Allah sabar, kang nunda bebendu Panjenengané awit karingkihan kita, lan maringi marang kita wewengan supaya ngrubah pikiran kita lan nuduhke katresnan Panjenengané ! Lan mengkono, Gusti Yésus marasaké wong kang tangané mati sisih, kanthi panguwasa pangandikan Panjenengané, kanthi dhawuh ilahi minangka pralambang saska panguwasa Panjenengané, lan tandha pengadilan kanggo kabéh wong kang nampik Panjenengané.

Wong-wong Farisi ora gelem ngrubah pikirané, lan ora gelem nanggapi katresnan Sang Kristus, malah wiwit sekuton lumawan Panjenengané. Wong-wong Farisi banjur nganakaké patemon sawise ibadah, lan bebarengan karo golongan Herodion sekuton tujuané nyedani Gusti kang ngedegaké prejanjian kang anyar. Wong-wong Farisi ora mung duwé karep nyedani Panjenengané secara jasmani, nanging uga nyirnakaké wulangan Panjenengané, lan ndakwa Panjenengané minangka wong kang apus-apus. Paugeran wong-wong Farisi wis dadi gustiné, lan wong Farisi netepaké ngorbanaké Putra Allah kanggo kepentingan paugerane. Sang Roh Iblis ora kasil nibakaké Gusti Yésus ing sajroné pancoban ing ara-ara samun, lan awit anggone gagal iku dhéwéké mbudidaya nyedani Gusti Yésus lumantar para juru mulang agama kang kapanjingan setan.

Rahayu para peladén Allah, awit ora ana kang bisa agawé malah sinadyana rambut siji waé salawasé Gusti Allah maringi wewengan kanggo para peladén leladi tetap bisa leladi.

Gusti Yésus prisa sekuton wong-wong mau. Panjenengané ora mlayu nylametaké sarirané, nanging terus nindakaké leladi kanthi katresnan, kaayoman déning Rama Panjenengané, kang mratélakaké asma Panjenengané ing saindhenging jagat.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang suci, kawula manembah Paduka awit Paduka mboten ajrih dhumateng para satru Paduka. Paduka rawuh ing tengah tiyang-tiyang ingkang sengit dhumateng Paduka lan mboten nyirnakaké tiyang-tiyang menika ing salebeting bebendu Paduka, nanging Paduka sabar dhumateng tiyang-tiyang menika minangka tandha katresnan Paduka. Paduka gulawenthah kesabaran Paduka dhumateng kawula, supados kawula saged nuduhaken sih kawelasan dhumateng sadaya tiyang, mboten namun ing salebetipun pocapan, nanging uga ing salebetipun tumindak kanthi kawula mboten namung ngutamakaken upacara agama lan tuntutan paugeran, nanging kawula badhé énggal mitulungi tiyang-tiyang ingkang mbutuhaken. Paduka bikak pikiran kawula, lan jembaraken manah kamula kanthi makaten kawula saged mbangun turut dhumateng tuntunan Sang Roh Suci Paduka, lan nawani kawilujengan dhumateng sadaya tiyang sadangunipun tasih wonten tembung ingkang kawastanan “Dina iki”. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé Gusti Yésus dadi duka marang para juru mulang Torét kang kolot iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 13, 2025, at 03:32 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)