Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
1. Wong Akéh kumpul (Markus 3:7-12)MARKUS 3:7-12 Sang Kristus ninggalaké guru-guru kang lelamisan mursid, lan ninggalaké wong-wong munafik kang fanatik, nanging wong-wong sedherhana suk-sukan ndhérék Panjenengané. Wong-wong teka saka ngendi-endi papan; malah saka papan kang adoh ing elor nganti laladan pagunungan Galilea, lan adoh menyang kidul nganti laladan Yudea, sumber saka legalisme (pracaya marang paugeran) lan Yérusalem, punjering saka upacara agama ing Pedaleman Allah, lan punjer saka Makamah Kang dhuwuh dhéwé wong Yahudi kang wargané lagi ngawasi Nom-noman saka Nazaret iku uga kanthi kabéh pandhérék Panjenengané. Akéh wong sing teka saka Idume, kota asal keluwarga Sang Prabu Herodes, kang sabenere yaik wong manca kanggone bangsa Yahudi.***Akéh maneh wong teka saka kulon, lan saka papan-papan perdagangan internasional kang adoh, kanggo ngrasakaké dhéwé panguwasané Allah kang dadi manungsa ing sajroné Gusti Yésus. Wong-wong saka wétan uga teka, saka sabrang Yarden supaya bisa ngrungokaké pangandikan kang nglipur lan diwarasaké saka lelarane. Akéh wong teka saka saindhenging negara, lan tambah suwe tambah akéh kang ndhérék Panjenengané. Akéh ing antarané wong-wong iku nyoba ndemek Gusti Yésus, awit panguwasané Allah metu saka sarira Panjenengané. Gungungge wong tambah akéh lan ngrubung Gusti Yésus, kanthi mangkono Panjenengan netepaké munggah ing sawijining perahu, ngedoh saka gisik, kan wis kebak banget karo wong akéh, lan wiwit kotbah saka perahu, kang wis dicawisaké kanggo Panjenengané. Neraka gemeter, lan gonjang – ganjing, awit Iblis dipeksa kanggo ndeleng kepiyé Sang Kristus ngrampas saka tangané, wong-wong kang nandhang sangsara lan dadi abdine. Para malaikat Iblis uga wis wanuh Sang Kristus lan kanthi kebak rasa wedi ngakoni, “Paduka menika Putra Allah”. Para Iblis ora menehi alesan lan tujuan saka kawruhe, nanging panguwasa Sang Kristus mbuwang iblis marang lebu, lan kasucen Panjenengané paring paukuman atas anggone cemer. Sang Kristus nglarang suwara-suwara neraka iku ngomong, awit Panjenengané kepengin neguhaké iman manungsa atas landhesan katresnan kasaenan Panjenengané, lan ora atas landhesan rasa wedi babagan kasucen Panjenengané. Neraka ngakoni apa kang ora diprecaya déning wong-wong Farisi. Si pangawak dursila ngreti cetha banget bebener gegayutan Gusti Yésus, lan ngrangkul wong-wong kang fanatik kanggo lumawan Panjenengané supaya wong-wong mau bisa nyirnakaké Putra Allah atas jeneng agama. PANDONGA: Dhuh Gusti, Paduka menika katresnan, Paduka nyarasaken sadaya tiyang ingkang sowan Paduka kanthi rasa kapang lan kaprecayan. Mekaten uga, kawula gadhah pengajeng-ajeng dhumateng kamirahan Paduka, lan nyuwun sih rahmat katresnan Paduka diparingaké dhumateng keluwarga lan bangsa kawula, awit tanpa Paduka kawula badhé nandhang sengsara awit roh-roh rasa sengit lan piala. Paduka jangkung kawula saking raos sengit, kanthi makaten kawula saged nresnani para satru kawula lan mboten nampi sinten kemawon, nanging leladi sadaya tiyang, kadosdena Paduka teguh ing getiring gesang kanthi sabar lan andhap asor Paduka ingkang ngédab-édabi. Amin. PITAKONAN:
|