Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 010 (First Preaching of Jesus)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 2 - Wiwitané Anggone Gusti Yésus Leladi Ing Galilea (Markus 1:14 - 1:45)

1. Kotbah Kawitan Gusti Yésus lan Sari pati saka Pawartan Panjenengané (Markus 1:14-15)


MARKUS 1:14-15
14 Bareng Nabi Yokanan wis kacepeng, Gusti Yésus rawuh ing tanah Galilea, nggelaraké Injiling Allah, 15 pangandikané, “Iki wis tekan ing titimangsne; Kratoning Allah wus cedhak. Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!”

Yokanan Pembaptis wis ngrampungaké anggone leladi marang Panjenengané minangka utusan Gusti nalika Gusti Yésus wiwit nindakaké tugas Panjenengané minangka Sang Kristus. Iblis, kang wis kabukten dikalahaké déning Gusti Yésus, énggal-énggal kinanthenan kanepson menyang Nabi Yokanan ing ara-ara samun arep menehi pancoban kang pungkasan marang dhéwékie. Iblis, lumantar Sang Prabu Herodes,nglebokaké Yokanan Pambaptis ing sajroné pakunjaran kang peteng kang kalimputan rasa wedi lan mangu-mangu, lan nuduhaké ing ngarep mripate pati kang bakal dilakoni dhéwéké.

Gusti Yésus ora meksa nguwalaké utusan Panjenengané kanthi nggunakaké patrap kang keras, nanging Panjenengané mangerti tandha-tandha jaman, lan mangerti yén karsa Rama Panjenengané bakal diganepi ing titi mangsané lan bakal ana owah-owahan gedhé ing donya. Wong-wong anggone ngenteni banget déning suwe, ngenteni kebak rasa kapang rawuhe gusti kang nguwalaké jagat saka cancangané dosa, pati lan si pangawak dursila. Nalika gusti Yésus bali saka kali Yarden tumuju ing pegunungan Galilea, wektune dadi luwih cekak, lan sumunare nugraha manunggal ing sajroné lensa kristal kang nembus sakabéhe kang malangi sunare.

Sang Kristus iku Gusti, Kang Maha wicaksana kang duwé hak nuduhaké panguwasa, awit lumantar Panjenengané (sabda) Gusti Allah nitahaké jagat iki. Panjenengané kagungan sakabéhe, lan kita kabéh iku kagungané Sang Kristus becik kita ngrumangsani utawa ora.

Nalika gusti Yésus nampa tugas Panjenengané minangka jejeré Raja lan Gusti, Panjenengané rawuh ing sajroné jagat iki kanggo nenangaké jagat iki kunjuk Gusti Allah. Nanging, Panjenengané ora nindakaké revolusi, lan Panjenengané uga ora mateni para satru Panjenengané becik kanthi dhéwé-dhéwé utawa kanthi cara sak kumpulan-sak kumpulan, lan Panjenengané uga ora nggunakaké panguwasa Panjenengané kang ala, nanging Panjenengané mbandhingaké sarira Panjenengané karo sagenggem gandum, kang kudu mati luwih dhisik, supaya bisa ngasilaké panénan kanggo Gusti Allah. Gusti Yésus Sang Raja masrahaké sugeng Panjenengané kanggo umat kraton Panjenengané supaya agawé umat, kang ilang lan ora mbangun turut, bisa netepi syarat mlebu ing sajroné kepareng ing ngarsané Allah.

Ing sajroné karawuhan Panjenengané, Panjenengané ora njaluk marang wong-wong kang ngrungokaké Panjenengané supaya ngrasakaké atine kang ajur luwih dhisik, minangka syarat bisa mlebu ing sajroné katresnan Panjenengané, nanging Panjenengané nawari marang wong-wong mau nugraha kraton Panjenengané lan panguwasa kasuwargan kanthi ora mbayar. Gusti Allah ora njaluk kita ngganepi dhawuh-dhawuh kang angél, nanging rawuh secara pribadi marang kita, lan maringi kita rawuhe lan katresnan Panjenengané kang suci. Awit saka iku, jangkah kawitan tumuju pamratobat yaiku owah-owahan pikiran saka kang wiwitan nyoba mbangun kabecikan kita dhéwé kang ora pantes iku, lan sebanjure cemawis nampani panguwasa Allah kang diesokaké marang kita. Tembung Yunani “Mratobat” ora kok nangis utawa ngruntoh, nanging luwih saka owah-owahan pikiran, kanthi owah-owahan tekan njerone pikiran, lan anané patrap kang anyar ing sajroné kabéh pikiran lan panemu. Gusti Yésus ngandika marang wong akéh, “Aku manunggal karo kowé. Ing sajroné Aku manunggal kabéh anané Kraton Allah ing jagat iki. Tampanén Aku, lan tampanén katresnan, panguwasa, lan kasucen-Ku, lan kowé bakal dirubah dadi memper karo gambar panguripan-Ku”

Owah-owahan kang cepet ing sajroné manungsa lumantar pamratobat kasukman iki, manut Injil ora dumadi lumantar sulap utawa tekad pribadi, nanging lumantar iman lan pracaya marang Sang Kristus, masrahaké awaké sawutuhe marang Panjenengané, kanthi mengkono kekuwatan Panjenengané dadi sempurna ing sajroné karingkihan kita. Sing sapa pracaya marang Panjenengané duwé urip langgeng ing wektu iku uga.

Sadurunge rawuhe Sang Kristus, Kraton Allah ora ana ing jagat. Saiki Gusti mbangun Kraton Panjenengané atas landhesan kayekten Panjenengané, kanthi panguwasa Sang Roh Suci, ing sajroné pamratobat wong-wong pracaya, nyawisaké wong-wong mau kanggo rawuh Panjenengnae kang bakal teka nalika wong-wong kabéh bakal nampani Panjenengané, kalimputan kanthi katresnan, andhap asor, lan kabungahan kang temtu. Sebanjure Panjenengané bakal njejegaké kraton Allah ing jagat iki, mratélakaké kaluhuran Panjenengané marang para pandhérék Panjenengané kanthi alusing bebudén.

Sinau Injil Sang Kristus lan pikiran panjenengan bakal dirubah. Panjenengan bakal kalimputan karo pangandikané Allah, lan panjenengan bakal dilahiraké maneh ing sajroné Roh lan kayekten. Ratu kang asipat Allah iku lagi jumeneng ing ngarepan panjenengan lan nimbali panjenengan. Apa panjenengan kera sowan marang Panjenengané, lan disucekaké ing sajroné kasucen?

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, Paduka menika Ratu kawula ingkang kebak rahmat, lan kawula dados kagungan Paduka. Paduka apunten kawula menawi kawula mbudidaya kanggé gesang pinisah saka Paduka, kados-kados kamula darbek kawula piyambak. Maturnuwun awit Paduka sampun rawuh dhumateng kawula ing wekdal kawula tasih setru. Paduka mboten nyirnakaké kawula, nanging Paduka gesang ing salebeting andhap asor lan alusing bebudén ing antawisipun kawula manungsa, nyingidaken kekiyatan Paduka, lan nedhakaken katresnan ing sajroné kasucen Paduka. Kawula manembah Paduka lan ngakeni bilih Paduka Gusti lan Ratu kawula. Mangga Paduka ribah pikiran kawula, lan sucekaken kawula sawetahipun kanthi makaten kawula saged nampi, lumantar anggen kawula mbeneraken badan piyambak, panguwasa Sang Roh Suci, dipun lairaken malih ing salebetipun kelairan ingkang kaping kalih, lan nindakaké sadaya cara supados nyebaraké kraton Paduka minangka cecawis kanggé rawuhipun Paduka ingkang kaping kalih. Mangga rawuh, Gusti Yésus, Mangga Paduka rawuh!

PITAKONAN:

  1. Apa pentingé pratéla “Kraton Allah”?

Ayat kang perlu diapalaké:
“Iki wis tekan ing titimangsane; Kratoning Allah wus cedhak.
Padha mratobata, lan pracaa marang Injil!”
(Markus 1:15)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 08:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)