Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 009 (Temptation of Jesus Christ)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 1 - Cecawisan Kanggo Rawuhe Sang Kristus (Markus 1:1-13)

4. Gusti Yésus Kristus kagodha (Markus 1:12-13)


MARKUS 1:12-13
12 Sawise iku Gusti Yésus dumadakan katuntun déning Roh menyang ing ara-ara samun.13 Ana ing kono suwene patang puluh dina, kagodha déning Iblis, Panjenengané lereb ana ing satengahing sato alas, sarta diladosi déning para malaikat.

Iblis mung mangreti sethithik babagan Gusti Allah. Iblis tahu yén Gusti Allah kagungan rancangan, lan Iblis nggatekaké kanthi rasa wedi gegandhengan mandhape Sang Roh Suci marang Sang Kristus. Iblis mangreti yén nalika iku wektu kang bakal dadi pepesthen ing sajroné sejarah manungsa, awit Putra Allah wis miwiti pakaryan karukunan manungsa karo Rama Panjenengané. Awit saka iku, Sang tukang nggodha mbudidaya menehi pancoban marang cempéning Allah iku, lan mbudidaya supanya njiret Panjenengané kanthi tujuan Panjenengané suda ing sajroné kepantesan Panjenengané minangka jejeré korban kang ora ana cacade.

Nanging, Sang Roh Suci piyambak kang nuntun Sang Kristus sawise Panjenengané dibaptis, menyang ing sajroné peperangan ing ara-ara samun iku.Putra Allah ora wedi marang Iblis, awit piyayi suci kang cilik dhéwé luwih kuwat ketimbang karo setan kang ngédab-édabi dhéwé awit Gusti Allah manunggal ing sajroné uripe putra-putra Panjenengané.

Sang Kristus jumeneng tanpa rasa wedi ing tengah kabéh coban Iblis iku, kang nyerang Panjenengané kaya serangan gludhug kang marakaké tumekaning pati. Panjenengané ora mirengaké utawa kagodha marang panyurunge Iblis iku, nanging milih dalan gampang, andhap asor, lan alusing bebudén. Panjenengané ora mangu-manggu babagan katresnané Sang Rama, lan uga ora ngungkuraké kaanané Panjenengané minangka jejeré putra, nanging Panjenengané terus nerusaké anggone lumaku menyang kayu salib. Panjenengané ora gelem kompromi babar pisan, awit mangerti yén jagat ora bakal bisa dipulihaké utawa ditebus kajaba lumantar pangorbanan sarira Panjenengané.

Sang Kristus menang atas kabéh cobané Iblis, lan kewan-kewan galak ing ara-ara samun ora bisa nglarani Panjenengané. Panjenengané terus setya karo karsané Allah, lan milih cara minangka cempé kang alusing bebudén, lan ngapura dosa-dosa jagat. Ing sajroné séda Panjenengané, Panjenengané mbuktekaké yén Gusti Allah iku katresnan, lan sing sapa terus ana ing sajroné katresnan terus ana ing sajroné Gusti Allah lan Gusti Allah ing sajroné wong iku.

Ing pungkasan saka perjuangan kasukman iku, Gusti Yésus diladosi déning malaikat kang kepengin ngreti undhak-undhakan saka perang rohani iku, lan abungah-bungah nalika Sang Kristus ngracut setru Gusti Allah iku saka panguwasane.

Gusti Yésus pasa 40 dina lan 40 bengi ing ara-ara samun. Angka 40 nggambaraké dawané tahun pangumbaran umat kagungan Panjenengané ing ara-ara samun, lan ing dina-dina kang dilewai nabi Musa ing ngarsané Allah ing Gunung Sinai. Peperangan antarané Kang Maha Becik karo Si pangawak dursila terus salawasé 40 dina ing wiwitan pelayanan Sang Kristus.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka ingkang miyos saking Roh katresnan, awit Paduka sampun ngawonaken Iblis ing wiwitan peladosan Paduka, ugi mboten teluk dhumateng cobané Iblis. Kawula ngaturaké panuwun dhumateng Paduka awit Paduka nampik arto, panguwasa, kinurmatan lan damel raja pati, ugi milih margi kabecikan, kasucen, lan andhap asor. Paduka apunten kawula sesambetan anggen kawula gumunggung lan cemer kawula, lan kalimputana kawula kanthi panguwaos kasaenan Paduka kanthi makaten kawula saged ndhérék Paduka ing margi cempénipun Allah.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé Sang Roh Suci luwih dhisik nuntun Gusti Yésus ing ara-ara samun supaya dicobani déning Iblis?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 08:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)