Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 011 (Calling of the First Four Disciples)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 2 - Wiwitané Anggone Gusti Yésus Leladi Ing Galilea (Markus 1:14 - 1:45)

2. Gusti Yésus Nimbali Papat Muridé Panjenengané kang Kawitan (Markus 1:16-20)


MARKUS 1:16-20
16 Nalika Gusti Yésus tindak ana ing urut pinggire sagara Galilea, mirsa Simon karo Andreas sadulure Simon, lagi padha nibakaké jala ing sagara, amarga padha dadi tukang golék iwak. 17 banjur padha didhawuhi Gusti Yésus mangkene: “Ayo, padha melua Aku, kowé bakal Dakdadekaké tukang golék uwong.” 18 Sakarone nuli énggal-énggal ninggal jalané lan ndhérékaké Panjenengané. 19 Bareng nglajengaké tindaké sawatara, Gusti Yésus mirsa Yakobus anaké Zebedheus lan Yokanan sadulure lagi ana ing prau ndadani jalane. 20 Sakarone nuli énggal padha ditimbali déning Gusti Yésus, lan iya banjur padha ninggal Zebedheus, bapakné, ana ing prau karo para buruhe, lan banjur ndhérékaké Panjenengané.

Jagat iki kaya segara kang kebak iwak, lan Sang Kristus iku kaya kang njala manungsa kanthi kebak katresnan. Ing jaman saiki, Panjenengané ora banjur nyekel kabéh iwak ing segara, nanging mung kang wis dicawisaké lan diparingaké Allah marang Panjenengané. Geréja iku patunggalan saka wong-wong kang wis dijala saka njerone segara jagat, kang wis dilairaké maneh lan masrahaké awaké sawutuhe kanggo leladi Gusti Allah kanthi mangkono wong-wong mau uga bisa nguncalaké jala Pangandikan Allah iku menyang segara kang kebak manungsa, lan nggawa akéh ing antarané wong-wong mau kunjuk Gusti Allah.

Gusti Yésus njala lan nyekel Petrus uga sedulure, Andreas, luwih dhisik. Ing sajroné pamirsa sipat keallahan Panjenengané, Gusti Yésus mirsani ing sajroné ati wong loro mau ana geni pamratobat lan rasa pepinginan kang gedhé banget babagan panyucen, kang wis diurubaké déning Yokanan Pembatis nalika Yokanan Pembaptis nimbali wong loro mau supaya mratobat marang Kang Nitahake.

Becik Petrus uga Andreas padha-padha ora mangan sekolahan, nanging wong loro mau tukang amek iwak kang banget déning tegen kanthi akéh pengalaman lumantar bebaya ing segara. Wong loro mau dudu filsuf, nanging wong loro mau nyawisaké awaké nyambut gawé tenanan.

Wong loro mau wis wanuh Sang Kristus, awit wis krungu paseksén Yokanan Pambaptis yén Panjenengané iku cempé Allah, lan wong loro mau pracaya marang Yokanan Pembaptis. Luwih-luwih, nalika tilas gurune ana ing pakunjaran, wong loro banjur ndhérék Gusti Yésus kinanthenan mbangun turut timbalan Panjenengané babgan kelairan maneh.

Bisa uga Petrus lan Andreas bali maneh, sawise wong-wong mau mulih saka kali Yarden, menyang perahuné, sawetara Gusti Yésus leladi ing Galilea. Nanging, nalika Gusti rawuh ing Kapernaum, lan andadekaké kutha dedaleme Panjenengané, lan mapan ing pinggiring gisik, timbalan Panjenengané banjur nembus atine wong-wong dikaya panah. Wong-wong banjur ndhérék Panjenengané lan ninggalaké perahu uga jalané, kang dadi sumber uripe, awit Gusti luwih agung ketimbang karo kabéh kaayeman donya.

Nalika Sang Ratu kang duwé sipat Allah dhawuh marang kita supaya sowan marang Panjenengané, kang kudu kita tindakaké yaiku mbangun turut lan ndhérék Panjenengané, malah nalika wong-wong kang ora pracaya lumawan lan ngremehaké kita. Kita ora duwé hak kanggo mikiraké babagan dhuwit lan bandha kadonyan, awit Gusti nyawisaké kita kabéh kabutuhan kita saben dina.

Sang Kristus ngersakaké nggunakaké panjenengan dadi wong kang njala manungsa, dudu ndadekaké pracaya wong-wong iku nganggo kawasisan, apus-apus utawa dhuwit panjenengan nanging lumantar patrap andhap asor lan kabecikan, ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci. Jala duwéké para abdi Sang Kristus yaiku pangandikané Allah kang dikantheni kanthi donga-dongané lan diuncalaké selaras karo tuntunan Sang Roh Suci. Sebanjure Sang Kristus lumantar tuntunan Panjenengané entuk iwak akéh mlebu ing jala katresnan iku.

Ing sajroné ndhérék Sang Kristus, kita bakal ngreti yén Panjenengané iku kang njala wong-wong liya, lan dudu kita, nanging Gusti ing sajroné kita, kang makarya nimbali kita, nyucekaké, lan nuntun panjenengan mlebu leladi kang kasil. Kabéh wong sejatine ora pantes lan ora bisa leladi Allah. Kita kabéh mung abdi kang ora migunani, nanging Gusti nimbali, “Ayo melua Aku, lan Aku bakal andadekaké kowé tukang njala manungsa” kang andadekaké pantes panjenengan kanggo anggone leladi kasukman Panjenengané, lan kita babar pisan ora duwé hak kanggo gumunggung, awit kabéh kamulyan iku kunjuk Gusti kang agawé kita dadi abdi kang migunani. Ing sajroné ndhérék Panjenengané, lan cekelan teguh marang Panjenengané. Panjenengané mulangaké marang kita kawicaksanan, kayekten, patrap kang suci, dikaya kang dingandikaaké Panjenengané, ”Kowé iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.....Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing swarga.” (Matius 5:14-16).

Ing dina iku uga, Sang Kristus ketemu Yokanan Penginjil lan sedulure, Yakobus, lan amberkahi keluwargané karo nimbali wong loro iku ing sajroné leladi marang Gusti Allah. Ing wektu iku uga wong loro kang gawéané amek iwak iku ninggalaké jalané lan ndhérék Panjenengané, sinadyana patrap iku ateges ninggalaké siji-sijine sumber penguripané, nanging wong loro mau, bebarengan karo kabéh peladén kang setya, ngreti pranatan iki, “Kita ora bisa leladi Gusti Allah lan Mammon”, Wong-wong kang leladi Gusti ora bakal mburu dhuwit, nanging nglakoni yén Gusti Allah piyambak manunggal ing sajroné uripe lumantar Sang Roh Suci Panjenengané. Sang Roh iki ora nglumpukaké bandha donya kanggo sarira Panjenengané piyambak, nanging nelukaké bandha donya iku, lan ngedumaké minangka tandha katresnan.

Yokanan lan Yakobus ora maneh ndodomi jalané, nanging nyancang geréja Sang Kristus ing sajroné kamanunggalan kang suci kanthi kebak kesabaran. Leladi ing geréja uga mbutuhaké kesabaran, kabecikan lan watek-wantu katresnan Allah, awit geréja iku katresnan; manawa ora mengkono mula iku dudu geréja.

Apa panjenengan mireng timbalané Sang Kristus nalika ing jaman iki ana ing tengah-tengah bangsa kita, nimbali wong-wong kang cemawis, lan nglatih wong-wong iku supaya nindakaké leladi? Apa panjenengan kersa atur jawaban timbalan Panjenengané lan ndhérék Sang Kristus kanthi tekad kang golong gilik? Apa panjenengan nuntun, kanthi tuntunan Sang Roh Suci, sedulur marang Sang Juru selamet kanthi mengkono Panjenengané uga bisa nylametaké lan nyucekaké sedulur iku? Apa kang panjenengan rancang? Apa panjenengan arep tetep turu lan ora maelu? Panjenengan arep nyambut gawé kanggo bombonging awak dhéwé? Awak dhéwé utawa kanggo leladi gusti kang gesang?

PANDONGA: : Dhuh Gusti Yésus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka sampun nimbali kawula ing salebetipun peladosan Paduka. Kawula ngakeni menawi kawula namung abdi ingkang mboten wonten ginanipun, ingkang mboten pantes kanggé timbalan menika. Paduka apunten dosa-dosa kawula, kalimputana kanthi sang Roh Suci, lan tuntun kawula ing salebetipun pembangun turut iman kanthi makaten kawula saged lelados Paduka kanthi sasaged-saged kawula, lan tetep setiya ing salebetipun peladosan katresnan Paduka. Paduka uwalaken kawula saking anggen kawula gumantung dhumateng arta, paringana kawula kapitayan ingkang setya dhumateng panjangkung Paduka. Paduka jawab donga kawula, lan Paduka wilujengaké para mitra kawula saking dosa-dosanipun kados dene Paduka sampun milujengaké kawula. Paduka wanuh sadaya tiyang ingkang kawula tansah dongakaken. Paduka menika Gusti Allah ingkang Maha mireng.

PITAKONAN:

  1. Apa tegese saka timbalan Gusti Yésus, “Ayo padha melua aku, lan Aku bakal ndadekaké kowé tukang njala manungsa”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 08:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)