Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 003 (Christ's Personal Name)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 1 - Cecawisan Kanggo Rawuhe Sang Kristus (Markus 1:1-13)
1. Tema lan Lambang saka Injil Markus (Markus 1:1)

b) Asma Pribadi Sang Kristus, lan pentingé Asma iku


Asma pribadi Gusti kita yaiku “Yésus” (Iesous) ing sajroné tembung Yunani utawa ing sajroné basa Ibrani “Yoshua” (Yehoshua). Asma iki dipocapaké béda ing sajroné maneka jinis basa. Wong-wong Jerman nyebutaké “Yésus”. sawetara wong-wong Arab nyebut kanthi pocapan kang luwih cedhak marang pocapan basa semit. Wong-wong Arab mau nyebut Panjenengané “Yasou”. Asma Panjenengané ditulis ing sajroné Quran dadi “Isa”.

Asma “Yésus” iku pada karo Juru selamet. Tembung iku dijupuk saka kata kerja kang padha kang nuduhaké marang anggone nindakaké nylametake. Ing basa Ibrani, tembung iku padha karo tembung Yosua, kang tegese “Allah mitulungi, cawe-cawe lan nylametake”. Kang Maha kuwasa tansah kebak karo sih rahmat marang manungsa. Panjenengané makarya, amberkahi lan nylametaké wong-wong kang andarbeni asma Panjenengané. Asma Yésus iku kumpulan saka kabéh pakaryan Allah kanggo kita, awit Kang Maha Luhur ora rawuh kanggo ngadhili, nanging Panjenengané ngengakaké sawijining jaman anyar kang kebak katresnan lan tebusan lumantar Gusti Yésus kang rawuh iku. Gusti Yésus diparingi asma mengkono ing sajroné tembunge malaikat Gabriel marang Yusuf, bapak angkat Panjenengané, awit Panjenengané kang bakal nylametaké umat Panjenengané saka dosa-dosané (Matius 1:21). Matius pengijil iku langsung ngakoni kanthi kebak kabungahan, “Gusti Allah nganthi kita ing sajroné Gusti Yésus”. Panjenengané ora maneh satru kita atas dosa-dosa kita. Panjenengané ora nyilakakaké kita selaras karo paugeran, kang lumawan kita, nanging Panjenengané bakal nylametaké kita demi Panjenengané kang dilahiraké saka Maryam. Dadi, asma Gusti Yésus nandhani pungkasané saka mangsa Paugeran, lan wiwitan saka mangsa sih rahmat.

Prelu dimangreti yén “Kristus” dudu asma saka Gusti Yésus. “Yésus” iku asma pribadi Panjenengané. “Kristus” iku gelar lan kalengghan kang disandhang Panjenengané utawa tugas pribadi Panjenengané kang nuduhaké marang tugas sipat keallahan Panjenengané.

Apa panjenengan wis paham hakikat Gusti Yésus iku: Panjenengané iku manunga sejati lan uga Panjenengané iku Gusti Allah kang sejati?

Minangka tambahan kanggo pameca iku, pawarto becik saka suwarga nuduhaké babagan sipat keallahan lan kamanungsan iki, awit Panjenengané dilahiraké saka Sang Roh Suci lan uga saka kenyo Maryam, kagungan badan kaya kabéh manungsa liya, nanging uga duwé hakikat Allah, kang kasingidan ing sajroné Panjenengané, awit Panjenengané pancen Sang Roh saka Kang Maha Luhur. Ing sajroné panguwasané Sang Roh iki, Gusti Yésus marasaké wong-wong kang lara, nangekaké wong mati, lan nundhung para setan. Roh ala wis wanuh asma Panjenengané lan hakikat Panjenengané kang sabenere, lan setan-setan nguwuh kaweden nalika Panjenengané ngrawuhi setan-setan mau, lan setan-setan mau nguwuh: *”Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yésus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhé nyirnakaké kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah” (Markus 1:24). Roh-roh saka neraka iku banget wanuh sapa ta Gusti Yésus, sawetara manungsa tetap wuta. Manungsa arang banget wanuh Panjenengané utawa ngreti yén Panjenengané iku Gusti.

Yaiki kaagungan lan wadi ing sajroné asma Yésus. Panjenengané iku manungsa kang sempurna lan Gusti kang sejati. Geréja ngakoni wadi iki kanthi kebak kabungahan lan pepesthen: Gusti Yésus iku Gusti.

Asma “Yésus” iki terus diterusaké ing Suwarga dikaya ing bumi. Stefanus mati krana iman ndeleng suwarga binakak lan Putra manungsa jumenenga ing sisih kanan Allah, lan Stefanus nguwuh sadurunga dhéwéké mati, “Dhuh Gusti Yésus, mugi karsaa nampeni roh kawula” (Lelakone Para rasul 7:56-59).

Wong Nazaret kang luhur iku jumeneng ing ngarepané Saulus saka Tarsus ing ceraké gapura kutha Damsyik lan sebanjure mratélakaké marang Saulus, “Ingsun iki Yésus, kang sira kaniaya iku” (Lelakone para rasul 9:5), lan sebanjure “ahli Taurat” kang kolot, yaiku ahli ing sajroné paugeran Musa, dirubah saka wong munafik fanatik kang nggunakaké kayektene dhéwé dadi wong pracaya lan abdi Kristus. Dhéwéké ngakoni kanthi bungah ing sajroné layange marang pasamuwan ing Filipi, “Iya iku sababe Gusti Allah banget anggone banjur ngluhuraké Panjenengané lan maringi asma marang Panjenengané ngkungkuli sadhengahing jeneng, supaya ana ing asmané Gusti Yésus kang ana ing langit lan kang ana ing bumi lan kang ana ing sangisore bumi pada jengkenga lan sakéhing ilat padha ngakonana manawa “Gusti Yésus Kristus iku jumeneng Gusti”, murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama” (Filipi 2:9-11).

Asma Gusti Yésus ora sawijining rapal, nanging sawijining kengkeran kang elok. Saben asma iku disebutaké kanthi iman, asma Panjenengané ateges karawuhané Gusti piyambak, kang ngandikan lumantar ilat para abdi Panjenengané, lan makarya lumantar tembung-tembunge. Dina iki, kita martakaké asma Yésus, supaya akéh wong bisa nampani Panjenengané, lan supaya prasetya ilahi iku bisa diganepi ing sajroné wong-wong iki, “nanging sapa bae kang nampani Panjenengané iku diparingi wewengan dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane” (Yokanan 1:12). Ing sajroné asma kang banget ora ana bandhingané iku, Petrus sang Rasul marasaké wong kang lempoh ing Yérusalem (Lelakone Para rasul 3:1-4-4:31). Kanthi panguasa asma iku, para rasul nundhung para setan. Geréja ngenteni rawuh Panjenengané maneh kanthi panguwuh, “Énggala Rawuh Gusti Yésus (Kitab Wahyu).

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, kawula manembah Paduka awit Paduka menika sabda Allah ingkang manjalma dados manungsa, lan ing salebetipun Paduka makuwon sadaya kapenuhan Allah secara badan. Paduka saestu-estu dipun lairaké saking Sang Roh Allah. Paduka sampun ngawonaké sadaya penyakit, pati, dosa lan Iblis. Paduka menika sang Pamenang ingkang sampun mbikak gapura suwarga kraton katresnan Allah kanggé kawula. Kawula ngaturaken panuwun atas rawuh Paduka, lan nyuwun supados aPaduka andadosaken kawula memper kaliyan Paduka kanthi makaten kekiyatan Paduka saged dados sempurna ing salebetipun karingkihan kawula. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa teges kang ana ing sajroné asma “Yésus”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 11, 2025, at 01:40 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)